Dongeng Bisa Ngukir Watek Apik Nyang Lare (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Februari 2025 07:45 WIB)
- Opini
DONGENG BISA NGUKIR WATEK APIK NYANG LARE (Bagiyan 1 teka 2)
Hasan Basri
Dongeng, jare wong bengen artine “dudu-dudu keneng”. Polahe ceritane akeh-akehe hing nyata, malah ana kang mohal. Naming lare cilik kang ngerongaken dongeng iku hing nyoal, iku temenan tah using. Lare cilik kang ngerungokaken dongeng katut mili nyang lakune dongeng ambi ngumbar imajinasine gadug endi-endi. Mulane, lare cilik iku dhemen kadhung didongengi. Kerana dhemen, lan memorine lare cilik iku magih apik, dongeng kang tau dirungokaken iku jangget nyang pikirane. Lan suwen-suwene dongengan-dongengan kang tau dirungokaken iku bisa milu ndadekaken watek lan solahe. Mulane penting lare cilik iku didongengi, siji kerana bisa ngumbar lan mekaraken imajinasine, lan loro, bisa ngukir wateke mau.
Wong tuwek-tuwek bengen biyasah ndongengi anake utawa putune. Ambi mapan turu, anake utawa putune didongengaken ngalor-ngidul sampek kesirep. Kadhang-kadhang sebalike, kang ngerungokaken magih mendelik, kang ndongeng kesirep. Dongengane bisa ceritane kewan, kaya kura, bojog, kul, kuntul, bergul, utawa ceritane menungsa, kaya Sang Tunu, Sang Dhandhing, Panji Kelaras, Mbok Delima lan sepiturute. Lare ngaji ring langgar, mari ngaji alip-alipan utawa turutan, ambi nganteni Isak, guru ngajine biyasahe uga ndongeng, ceritane nabi-nabi sampek para wali, begal, maling, cerita jaman perang, cuba, jerangkong, bucungan, kuburan melek, uwil, dhemit, sampek cerita-cerita lucu, lare cilik kepingkeng-pingkel.
Jaman saiki, kerana wis akeh tipi lan HP, wong ndongeng wis arang. Kelendi arep ndongeng, anang adon, emak bapak, anak lan putune kabeh padha silah ngarepe tipi. Ngerungokaken tipi ndongeng. Kang ndongeng wis ganti, bengen uwong, saiki tipi. Ring tipi akeh seponsore. Mari ndeleng tipi aju anake njaluk belanja barang kang dipameraken ring tipi. Ring warung sing ana, anak kelesohan ambek, emake mempeng. Jaman bengen, adon ndongeng sing ana seponsore. Paling watuk ambi nginang.
Kerana dongengan iku penting, masiya saiki wis ana tipi, naming adat ndongeng kudu diterusaken. Nurut asil penelitiane David McCleeand, negara Inggris bisa dadi negara maju kerana dongengan kang ana ring negara iku kala abad 16 bengen bisa nyebaraken “virus” kang ndadekaken masarakat Inggris ketularan penyakit “butuh prestasi”, cara Inggrise the need for achievement, kang cara ilmiyahe disimbolaken nganggo n-Ach. Virus n-Ach iku duwe telung unsur isi, yaiku: optimisme kang dhuwur, wani ngadhepi nasib lan ati kang sing gampang nyerah.
Kanggo ngeyakinaken awake dhewek nyang asil penelitiane mau, David McCleeand, ngelumpukaken dhokumen-dhokumen sastera teka jaman Yunani kuna kaya puisi, naskah drama, pidhato talkin mayit, surate para nahkodha kapal, lan liya-liyane. Dhokumen-dhokumen mau aju diteliti, apatah isine ngemu semangat n-Ach kang dhuwur, utawa sebalike. Hing iku bain, David McCleeand uga ngelumpukaken 1.300-an dongeng jaman taun 1925-1950 ring endi-endi negara. Serta dikaji lan diselidhiki, asile nduduhaken gok dongeng-dongeng kang ngemu n-Ach dhuwur ring salah sijine negara, mesthi 25 tahun sakmarine ekonomine negara iku merujuk subur.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Basri
Editor: Hani Z. Noor