Dongeng Bisa Ngukir Watek Apik Nyang Lare (Bagiyan 2, pungkas))
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 21 Februari 2025 07:25 WIB)
- Opini
Dongeng Bisa Ngukir Watek Apik Nyang Lare (Bagiyan 2, pungkas)
Manpaate dongeng, akeh, yaiku:
1. Bisa dadi alat sambung batine murid lan guru utawa anak ambi wong tuweke.
2. Bisa dadi alat kanggo ngular-ular wewarah luhur lan ajaran-ajaran kang diugemi.
3. Bisa nguweni sangu nyang murid-murid supaya bisa ndeleng elek apike pribadhine dhewek.
4. Bisa dadi alat ngelatih emosine lare.
5. Bisa dadi alat nguwataken lan mekaraken imajinasi lan kreatipitase lare.
6. Bisa dadi alat ndhidhik lare supaya penter olah basa.
7. Bisa dadi alat ngelatih pikirane lare.
8. Bisa dadi alat kanggo nambah pengalaman lan kaweruh ilmu pengetahuan.
9. Bisa dadi alat terapi kanggo lare kang ngalami gangguan psikologis.
10. Bisa dadi alat kanggo nyenengaken lare.
Dongengan kang dirungokaken tepak lare magih cilik, terus jangget masiyatah wis umah-umah lan anak-anak. Paran maning kadhung dongeng iku mula nyeja ditulis lan rencanane diceritakaken nyang lare-lare ring kelas utawa ring umah. Mesthi pengaruhe lebih gedhe. Polae dongengan kang ditulis mesthi wis direncanakaken tujuwane paran, isine paran, lan uga dipikiraken kelendi makene kang ngerungaken iki bisa duwe watek kaya kang ana ring lakon. Isine bisa ngembangaken watek-watek, kayata: kesatriyan (patriotis), wani mbela kang bener, toleransi, jujur, ngeregani wong liya, gelem aweh tulung, welas nyang wong tuwek, welas nyang tanah kelairane, gelem ngerumat lingkungane, lan sepiturute.
Ndongeng uga keneng dienggo mulang. Malah penting kanggo lare saumuran SD lan SMP, kerana lare saumuran semono iku imajinasine magih dhuwur, bida ambi lare wis SMA, logikane kang wis mulai ning ngarep. Sayange kanca-kanca guru wis mulai ninggalaken metode mulang ambi cara ndongeng, kerana lebih ngutamakaken target nggemetaken materi. Alae kabeh wis padha weruh, mulang iku dudu mung soal ngisi kaweruh ilmu (transfer pengetahuan), naming kang penting maning yaiku ngukir watek lan pribadhine lare.
Problem bangsa Indonesia, kabeh wis padha ngerumangsani gok sebabe iku ana ring karakter. Soal iki sing perlu didawa-dawakaken. Kabeh wis weruh. Kang penting komitmen kabeh masarakat utamane kabeh guru kanggo mbangun karakter bangsa iki kelawan lantaran sekolahan.
Kerana dongeng iku gedhe pengaruhe nyang wateke lare mbesuk gedhene, mula materi dongeng kudu direncanakaken kang apik, kang nduweni virus n-Ach kaya asile penelitiyan ring ndhuwur. Cerita-cerita kang nggarahi watek elek kudu ditinggalaken, utawa digawe carangane kang apik. Dongengan “Kancil Nyolong Timun” mesthine ning pungkase cerita kudune Kancil iku nemu apes utawa belahi. Sing malah bisa ucul kerana budhuhe asu. Ring kene pentinge pentinge kanca-kanca kabeh milu pelatihan iki supaya bisa ngasilaken dongeng kang apik kang bisa ngukir wateke lare-lare kabeh. Mula asile dongeng sing katon setaun rong taun. Kaya asil penelitian ring ndhuwur, 25 taun maning buru keneng diundhuh asile. Kesuwun.
Hasan Basri
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Basri
Editor: Hani Z. Noor