Dongeng Sejarah: Sumber Sukma Ilang (bagian 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 23 Juli 2020 09:43 WIB)
- Opini
Tulisane: Hasnan Singodimayan
Sejarahe Mas Ayu Wiwit hang dipercaya wong Banyuwangi, gok aran Sayu Wiwit iku, dudu mung arane lare wadon, taping aran pahlawan hang emeh padha ambi pahlawan Cut Nyak Dien hang asal teka Aceh. Merga Mas Ayu Wiwit, tau ngalahaken serdadu kompeni Landa sak jerone Perang Bayu taun 1771 Masehi.
Saiki sejarah iku mung dadi dongeng, hang enak didongengaken, dudu mung kanggo lare-lare , taping kanggo sapa bain hang dhemen dongeng. Nasuhi, aran lare nom-noman desa Ulih-Ulihan, kang ngganteng kemerenteng kaya “wedhus kelumus”, didhemeni lare wadon sak desa. Perawan utawa randha, merga awake nyandhang santhet hang aran wedhus kelumus. Pinter ngomong, pinter cerita.
Dongeng Sayu Wiwit, dadi ujare cerita, kaya-kaya Nasuhi dhewek tau kecaruk. Miturut ceritane, Mas Ayu Wiwit ayune sing ana bandhingane masiya perawan sak desa. Peraupane kaya widadari, hang kejuluk Sanghyang Widari. Miturut cerita kuna makuna, kelebu upacara adat bersih desa, hang saiki diarani upacara adat Seblang utawa Sebleng jare wong Mataraman.
Upacara adat Seblang , kelebu tarian sakral hang dilakokaken ambi lare perawan kencur, hang durung ngarti hang aran wong lanang. Kahanan magih suci kaya widadari. Surti, perawan hang wis wayah umur 40-tahun telung taun kepungkur, tau dadi seblang, sak lawase petang taun. Siji-sijine penari Seblang, hang bisa nyeritakaken kahanan nalika dadi Seblang sak jerone ogeg , ketemu Mas Ayu Wiwit ning sumber Sukma Ilang. Paran maning nalika adus mbangkang kelenthang wayah samarwulu. Serngenge wis mudhun teka pucuke Kawah Ijen.
Cerita iku seru bangete dipercaya ambi Nasuhi. Ulihe kepingin kecaruk Sayu Wiwit, kaya Surti, diceritakaken maning nyang lare-lare wadon sak desa. Paran maning ceritane Surti liyane, hang dadi pikirane, dadi janggele pikir.
“Nang, aran Mas Ayu Wiwit durung mati, merga petilasane sing ana. Hang nyata Sayu Wiwit iku muksa ning sumber “Sukma Ilang.“
Sukma Ilang iku sing pati adoh teka desa, mung panggonane wingit, mudhun jurang. Pinggir wetan ana watune gedhi sak gajah hang telalene kaya uling. Ning ndhuwur puthuk ana petilasan Buyut Ketut ngadhep ngulon, dipager elek-elekan. Ana hang ngarani petilasan Buyut Ketut iku Mlecutan.
Nasuhi hang nggantheng gumantheng kaya wedhus kelumus, ulihe kepingin ketemu Mas Ayu Wiwit sing bisa dialangi sapa bain. Nalika samarwulu serngenge wis mudhun ngulon, akeh wong weruh Nasuhi , adus mbangkang kelenthang kungkum ning sumber Sukma Ilang, katon melaku mbangkang ngubengi sumber Sukma Ilang, lungguh ning Watu Gajah, hang telalene cilik sak lengen kaya uling.
Kahanan Nasuhi hang kaya gedigu iku, dadi omongane wong akeh. Jare Nasuhi edan ”kedanan Sayu Wiwit.” Kaya hang diceritakaken Surti , perawan wayah umur 40 taun, hang dadi seblang nalika umur 11 taun sampek perawan 15 taun.
Nasuhi, hang diarani kaya lare edan iku, nyatane magih bener, katon waras, magih dhemen gesah ambi lare-lare wadon ning umahe Surti hang jembar lan gedhe. Pecake pendhapa merga bapake Surti bengen tau dadi lurah puluhan tahun. Nasuhi magih mikir pekara Sumber Sukma Ilang, hang sing pati adoh teka kampungan, mudhun jurang ngisore puthuk. Panggonane Buyut Ketut akeh uwit keluwih, katon wingit. Kulah hang pinggir wetan, dienggo keramasan lare- lare wadon, perawan kencur, hang padha adus. Diiring emak utawa embahe. Salah sijine lare wadon iku, mesthi ana hang dadi seblang, miturut wangsite dhukun.
Surti perawan hang wis wayah iku, ngiring pirang-pirang mahasiswi hang kepingin weruh lare-lare wadon adus keramas. Mahasiswi iku, pirang-pirang dina manggon ring umahe Surti. Mahasiswa lanang sing ana hang milu ndileng keramasan ning Sumber Sukma Ilang. Ana hang ndileng wong tandang sanggar ngedegaken payung agung, ana hang nyang umahe dhukun omprok, hang nggawe makutane seblang, ana hang ndileng wong majang wit “pala pendhem lan pala gantung”. Gemantung ning ngarepe payung agung, ditunggoni Drs. Salman, dosen penguruan tinggi swasta ring kutha, mitra lapangan pemerintah.
(Nyambung nong tulisan 2, entek)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasnan Singodimayan
Editor: Hani Z. Noor