Dongeng Sejarah: Sumber Sukma Ilang (bagian 2, entek)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 24 Juli 2020 09:27 WIB)
- Opini



Dongeng Sejarah: Sumber Sukma Ilang (2 entek)

Tulisane: Hasnan Singodimayan

Drs. Slaman Jagapati lan Hafid Sutikno  BA, teka Deppen, ngajak gendhing nang Pak Usik lan kanca-kancane, ditunggoni Sudibyo Aris BA, teko Diknas. Asal mulane, gendhing iku ditolak, alasan weluri, upacara adat Seblang, sing bisa dianakaken nong njabane desa, paran maning  sak wilayah njabane kutha, njabane Kabupaten.

Wong telu hang milu gendhing mau Salman, Hafif lan Dibyo, aju ngalusaken gendhing iku gok “upacara adat Seblang ning acara 700 tahun Mojopahit nang Mojokerto, mung  apen- apenan kaya memengan.“

“Kasare omong, mung sandhiwara.“

“Danane teka kana seket juta.“

“Insya Allah, saben wong oleh sak juta lebih.”

Nalika ning Mojokerto, Surti wis umur 40 tahun, dadi ketua sindhen ngiring sangang kanca. Hang dadi seblang, aran Supinah, gandrung cilik , hang diarep-arep warga dadi gandrung terob.  Jugedan kaya manuk wiring. Miring ngiwa miring nengen. Sampek nyang jugedan Celeng Mogok. Akeh uwong hang nonton padha kemesar atine, ndeleng tingkah polahe hang njuged Seblang,  nabrak yaga, nyepak kendhang kaya lare kejiman. Nalika gendhing “Mbah Ketut mulih, Mbah Ketut sare,“ Seblang gemiblag ditampani Mak Udah dhukun penekep.

Surti nalika melaku bareng ambi Drs. Salman, akeh uwong hang ngarani  “laki rabi”. Nyatane mung serawungan keneng santhete “Kebo bodo“ sak njerone pirang-pirang taun. Sak marine “700 tahun Mojopahit” ning Mojokerto, UNESCO Lembaga Internasional  hang ngurusi urusan adat tradisi, wis weruh anane upacara adat Seblang hang dicathet Asisten Wedana Glagah taun 1931, nalika ana pageblug.

Sak walike, wong Ulih-Ulihan padha sing ngerti paran iku UNESCO. Liwat Dinas Pariwisata Banyuwangi upacara adat Seblang, diundang Internasional Dance Ritual, milu tampil ning Bali, bareng ambi upacara adat ritual sak Nusantara. Kanca-kanca wis siap berangkat nyukupi undangan iku.

Taping sak durunge berangkat padha pamit ning sumber Sukma Ilang. Kanca-kanca wis padha rungu teka setap Dinas Pariwisata gok dana teka UNESCO emeh satus juta rupiyah. Bisa- bisa wong siji ulih rong juta. Kabeh iling nalika acara “700 tahun Mojopahit” kabeh ulih sak juta. Insyaallah, ning Bali iku ulih lebih akeh. Merga  hang milu ana 30 uwong.

Yaga ana pitung uwong, sindhen sangang uwong, penekep, pengudang lan pak Asnan dhukune, perias rong uwong, lare-lare wadon petugas nggawe omprok lan njaga rampe profesional ana pitu. Nunggang bis gedhe, hang cendhelane wera. Kahanan dalan ning Bali katon kabeh. Salman ambi Surti lungguh nyang ngarep dhewek, Nasuhi hang ditugasi nggawa omprok hang nang njero kurungan lungguh ning buri, dhewek mangku kurungan hang gemantung omprok Seblang.

Panggonan upacara adat  hang dianakaken International Dance Ritual  Ring Bali. Manggon ring pura Mandala wisata desa Bedalu, Gianyar. Pikirane kanca-kanca Seblangan magih ngengeti acara “700 tahun Mojopahit” ning Mojokerto. Mung apen-apenan. Nalika kanca-kanca padha weruh kahanan pura Mandala wisata ning desa Bedalu, beda ambi bale nyang Trowulan, kanca-kanca atine kedher. Merga pura Bedalu iku latar wingit lan sintru, diuteri uwit weringin telu, umure atusan taun, oyote ndelewer gedhi-gedhi padha ambi menusa. Katon iyup lan adhem. Sak ubenge pura pinggir kidul, ngadhep meru akehe lima nurut dhuwure kasta.

Hang paling dhuwur ambal sewelas hang paling endhep ambal telu. Ambal lima ambi pitu lan ambal sanga. Dewane, kapan pura Mandala Warsita iku sing mbedakaken kasta. Antarane Kasta iku campur dadi siji “Sudra, Waisa, Satria, lan Brahmana. Ning altare tengah ana panggonan dhuwur, kanggo ndeleh barang pesucen, hang bakal disembayangaken kurungan omprok, dijaluk panitiya dideleh ning kana. Panitia hang nganggo busana adat iku katon wibawane, paran maning ngganggo cara inggris ceplos-ceplos. Panggonan pentas hang dikarepaken kudu ana gedigi, kudu ana gedigu, nyatane lebih apik hang dijaluk panitiya. Sak utere panggonan Seblang ana penjor gedhe cilik. Sak watese pentas hang aran pala gantung, padha ilang nong ndhuwure pentas. Aju hang aran pala pendhem dhirik ning pinggire pentas, kanggo pertandha watese hang mentas. Meja utawa altar dhuwur, kanggo jugede Seblang nalika nyudhik sampur digawe kaya ambal-ambalan hang diukir endhase naga.

Omprok hang magih ning njero kurungan wis dijuwut teka altar ndhuwur, mari disembayangaken. Panitiya hang ngecres cara Inggris mau sesembah nang Surti, Pak Asnan lan Nasuhi, hang milu maca mantra ning sembayangan, maca gendhing Kembang Pepe lan Kembang Durma, merga singakane padha amba mamaca Bali. Aturane jam pentas dipadhaaken ambi aseline nyang desa Ulih-Ulihan, yaiku nalika jam loro sampai jam 5 utawa wayah rantak jare wong Bali.

Sak ubenge pura Mandala Wisata wis akeh wong teka. Sak utere uwit weringin ana hang dagang babi guling, hang ditunggoni lare-lare perawan, dodol wedang kopi lan sak macame panganan. Hang dagang ayu-ayu lan lencir, nganggo kebaya adat lan embanan. Gelung paglak diuter miring, pucuke rambut katon nguncir ning duwur, emeh padha ambi perawan Using.

Lare-lare sindhen wis ngelemprok nong pinggiran arena pinggir kiwa, kanca-kanca yaga wis golet panggonan ning tengah-tengah . Aju penari Seblang hang diiring Pak Asnan dhukun, katon merem, pinggirane penekep hang dienggo dadi gendhing, wis nong sandhinge Seblang. Pak Asnan wis terima wadhah dupa, bareng ambi penekep ngonggokaken omprok nyang Seblang. Nalika welek dupa, disebulaken pak Asnan nyang raine seblang, endhase katon dheleg-dheleg lan goyang mendhuwur kaya ana hang  kaku lan tegang. Surti hang lungguh ning ngarep ambi Salman, aju ngomong setengah bisik-bisik nang Salman.

“Iki dudu memengan, iku dudu sandhiwara, dudu teater. Aneh hang dadi Seblang, wis kelebon wong alus, wis kelebon Sukma Ilang.”

Gendhing Seblang Lukinto lan gendhing Kembang Pepe katone wis ngadhepi perang, tangan mendhuwur, sampur diuncalaken mengarep, kaya nyekel kelewang lan tulup. Seblange kesurupan temenan, wis kelebon Sukma Ilang Sayu Wiwit.

“Kelendi carane nyegah?” Salman takon.

“Sulung, Isun memburi,” jawabe Surti.

Surti hang wis tau dadi Seblang ping papat lan kumpulane ambi dhukun penekep, pengudang lan pengundang lawas, paham carane nyegah. Ning mburi, panggonane Seblang disalami. Surti mbelojoti kelambine sampek bangkang aju ganti kelambi kemben. Melaku anter- anteran balik lungguh nang sandhinge Salman

“Ana paran Sira?“ Salman takon.

Pikirane Salman mung siji kelendi kekahanan engko nalika Surti hang semok iku mbangkang dideleng lan ditonton wong akeh, emane durung sampek digu wis ana gendhing.

 “Mbah Ketut mulih, Mbah Ketut sare” digandhang para sindhen. Seblang wis katon goyang, ditampani penekep, pegudang aju dilungguhaken bareng ambi dhukun. Hang nonton mung dheleg-dheleg. Ngalem, tampilane Seblang hang padha ambi “Sang Hyang Widari” ning karya jaman kuna makuna.

Kanca kanca wiyaga, sak marine ngurusi gamelan lan kanca sindhen, nyerahaken kelambi dhewek padha semembur ndileng kahanan njabane pura, hang akeh lare wadon dodol daging guling. “Ceritane aneh tapi keneng dipercaya.”

“Subhanallah” abane Drs. Salman. Ceritane Nasuhi perkara ayune Sayu Wiwit hang  jarite nyingkrang gajah uling dhasar putih, kebayak brokat abang mberanang. Pededegane jejeg adeg, kulitan kuning, rai bunder, alis njelarit melengkung munggah sitik. Wulu mata kaya diwalik, cemeng hang dudu celak. Bacote pas, njawani, lambene katon kaya mesem. Gelung paglak digelung miring ngiwa katon kuncire ngisore gelang, pertanda magih perawan.

Kahanan iku emeh padha ambi ceritane Surti, pekara ayune lare wadon hang dagang daging guling ngarepe uwit weringin hang tengah, adhep-adhepan ambi pentas, dipadhakaken ambi widadari, kang ayune pas-pasan. Rai bunder, matane kethip-kethip, bundere pas ning tengah, katon ngelirik, ngiwa nengen. Idep malik mendhuwur katon cemeng dudu celak, alise melengkung apik kaya ulan njelirit, pededegane lencir.

“Apa dudu lare wadon iku hang munggah nang pentas?” pitakone Salman ning njero ati.

“Subhanallah”.

Awake dhewek ambi Surti hang ning ndhuwur pentas sing katon, taping Surti kerasa, aju melebu nyang mburi, ganti kemben, jagani nawi ana paran-paran.

Perkara cerita iku, sampek padha lali nang kearipan wong Bali. Bengi nalika buru teka, ditekakaken rombong sate Medura ning penginepan. Isuke diajak nang warung Lamongan, sarapan soto paran iku. Raina, nalika kegiyatan sak utere pentas, dikirimi kothakan, ana tulisan catering ibu Ngaisah Malang. Bengine ana pecel Madiun ning ngarepe penginepan.

Isuke padha mulih, gendhingan Umbul-umbul Belambangan. Jare pak Asnan upacara Adat Seblang ning Bali, ning panggonan hang kaya jaman kuna, makane diarani “belahi selamet”.

T A M A T

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasnan Singodimayan

Editor: Hani Z. Noor