Dwi Marhen, Lare Banyuwangi Dadi Kadis Pariwisata Pariaman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 11 September 2020 06:44 WIB)
- Tokoh

Banyuwangi milu mongkog merga salah siji wargane, Dwi Marhen Yono, madeg dadi Kepala Dinas Pariwisata ring Pariaman Sumatera.
"Impenisun hang lebih gedhi bisa melencat megawe ring kementrian Pariwisata," jare Marhen. Karire lulusan STPDN taun 1997 iki ring pemerintah daerah Banyuwangi wis hing bisa munggah maning. Taping merga saiki umure magih 41 taun magih suwi ulihe pangsiyun iyane kudu golet timplikan mbangun karir ring panggonan liya. Hang pungkasan iyane dadi kabid Pemerintahan & Kesra ring Bappeda.
"Isun wis ngabdi nong Banyuwangi 20 taun," jare Marhen, dikawiti dadi lurah hang paling enom ring Penataban, aju dipindhah ring Panderejo. Marek iku posisi paran bain kayane wis tau diambahi teka Kepegawaian, sekcam nong Srono lan nong Muncar, kabid nong Pariwisata lan kabid nong Bappeda.
Setemene kekarepane pindhah iki wis rong taun kepungkur taping buru saiki diwani idin ambi pak bupati.
"Masiya rasane ati iki seru abote ninggal Banyuwangi," jare Marhen hang anake sekolah ring SMA Glagah, SMPN1 lan hang kemunjilan ring SD Al Khairiyah.
"Kepingine anak hang penggarep melebu Universitas Indonesia, hang nomer loro ring sekolahane pak Habibie SMA Insan Cendikia lan isun bisa pindhah nong kementrian Pariwisata dadi bisa kumpul kabeh ring Jakarta," jare Marhen.
Marhen mula milu ngeramekaken pembangunan sak kepemimpinane Bupati Anas. Iyane tau dadi kabid Olahraga lan milu nggawa pelatnas latihan ring sirkuit sepidhah ring Muncar lan milu ubed ring Tour de Ijen.Tepak dadi kabid Kepemudaan tau ngirim Ikhwan Arief Bangsring dadi Pemuda Pelopor Nasional. Lan ring Pariwisata, iyane milu urun ndadekaken kabupaten Banyuwangi menang ICMA (Indonesia Content Marketing Award) hang dianakaken ring Jakarta Theater teka 600 kabupaten/kota sak Indonesia.
Kadhung posisi-posisi eselon 2 lan 1 kaya hang dilakoni saiki ring Pariaman, mula dilelang tepak kosong. Dadi sapa bain hang nduwe sarat hang cukup bisa milu ngelamar.
"Pariaman nong Padang ibukota propinsi iku ibarate kaya Sidoarjo nong Surabaya. Teka bandara parekan nong Pariaman timbang Padang. Pesisire apik, kuliner enak lan murah," jare Marhen pamer.
Iyane wis netepaken limang kegiyatan kanggo ngisi petang ulan mengarep iki: 1. Nggawe tim kreatif lan pasukan medsos 2. Nganakaken lomba video kreatif tingkat desa/kelurahan 3. Nggawe lomba video kreatif kanggo lalare sekolah lan umum 4. Ngembangaken destinasi berbasis desa. 5. Nganakaken sertifikasi panggonan kelenceran lan rumah makan miloni standar kesehatan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor