Embah Semi, Gandrung Kawitan (Bagiyan 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 11 Juli 2025 08:13 WIB)
- Tokoh



Embah Semi, Gandrung Kawitan (Bagiyan 1 teka 2)
Ditulis taun 2015 ring Hasan Sentot

Aran kesenian gandrung Banyuwangi wis anjrah nang endi-endi, paran maning serta dianakaken Festival Gandrung Sewu ambi Pemerintah Daerah Banyuwangi.
   Gandrung minangka kesenian dhaerah sing mung diweruhi ring Banyuwangi naming gandrung wis suwi diweruhi ambi wong ring negara manca.
   Masiya gedigu sing patiya akeh wong hang weruh kadhung keluwarga gandrung kawitan buyute Mbah Semi sampek saiki magih ngugemi lan nguri-uri kesenian gandrung iku mau. Malah anak turune sampek saiki ya tetep dadi gandrung.
    Setemene, kesenian gandrung teka Banyuwangi wis diweruhi wong negara manca sakat taun 1927, tepak Joh. Scholte nulis makalah: Gandroeng van Banjoewangi. Jaman semono diceritakaken kadhung hang njuged gandrung magih wong lanang aran Marsan. Kumpulan gandrung lanang iku ngibur para pejuwang ring alas-alas ambi iringan tabuhan sak anane. Sak mareke Marsan ninggal donya (taun 1914) sing ana maning gandrung lanang.
   Kadhung gandrung wadon kawitan aran  Semi, wong Cungking, Banyuwangi. Kaya hang ketulis ring bukune Bambang Sularto (1975), wiwit perkawite gandrung wadon iki dikawiti tepak Semi magih umur 10 taun lan lara-laranen. Taun 1896, emake Semi hang aran Mak Midah hang aseli Ponorogo, aju duwe nadar kadhung Semi aron arep didadekaken gandrung.
   Cekak ceritane, Semi temenan aron aju didadekaken gandrung tanpa ana hang muruki. Polae Semi njuged iki didhemeni ambi tangga-tanggane lan warga Cungking umume. Aju polahe Semi mau dipiloni ambi dulur-dulure wadon ambi aran ring ngarepe Gandrung.
   Saiki anak turune kaping telu Gandrung Semi magih nerusaken dadi gandrung yaiku Gandrung Wiwik.
   "Sak engetisun, ceritane teka Mbah Semi. Kadhung bengen Mbah Semi kerep ndeleng gandrung hang dijugedaken gandrung lanang, Marsan. Malah kerep uga Mbah Semi cilik mau njaluk ajar njuged gandrung nyang Marsan. Pungkase cerita, ndadekaken Mbah Semi gandrung wadon hang kawitan," jare Rustadi, putune Mbah Semi hang magih manggon ring Lingkungan Cungking, Kecamatan Giri.

(Ana terusane)


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor