Endhog Petis Lading

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 26 Desember 2020 06:08 WIB)
- Kuliner



Sakliyane Endhog Cit, paran maning olahan endhog hang rika dhemeni?
Endhog Pindhang? Endhog Petis Lading?

Ring umahisun kadhung tepak lebaran biyasahe sakliyane endhog cit, ana pisan endhog petis lading. Olahan iki bisa nyandhingi jangan manisah utawa olahan hang ana kokohe liyane hang dipangan ambi kopat utawa lonthong.
Taping dienggo mangan sega biyasah ya indhul pisan.

Dina iki nak nyobak ngedum resep lan caranisun olah endhog petis lading iki.

Bahan hang dibutuhaken:
10 iji Endhog pitik utawa bebek
Banyu secukupe
Lenga keletik dienggo nggerengseng

Ragine:
Rong sendhok mangan petis urang/petis cemeng
Santen kenthel teka 1/2 kelapa utawa santen instan sak kothak cilik
3 lonjor sere dirajang alus
7 iji lobok ijo dirajang tipis
10 iji lobok litik abang
3 lembar godhong salam
Sak jempolan laos digejah 
2 sendhok mangan kecap manis
Uyah secukupe
Gula secukupe

Ragi hang digerus alus:
5 bungkul bawang
3 siyung bawang putih
5 iji lobok abang dibuwang wijine
2 iji kemiri
1/2 jenthikan temu kunci
Sak jempolan jahe
1/2 jenthikan kunir
2 iris gula abang
2 iji asem mateng dibuwang wijine

Penjangkepe:
Bawang goreng
Lobok abang dirajang miring tipis-tipis

Cara olahe:
1. Endhog digodhog ring banyu gemulak hang dikepyuri uyah sampek mateng aju dikenceti sampek rijig. Sisihaken.

2. Ragi hang wis digerus alus digerengseng sampek arum.

3. Tambahena godhong salam, laos, irisan lobok ijo, sere rajang, petis cemeng, kecap manis lan lobok litik abang. Digaluh sampek rata.

4. Cemplungena endhog godhog mauka, tambahana banyu secukupe, digaluh lan dimasak sampek ragine ngeresep katon teka endhog hang wis uwah kelire.

5. Tublekana santen, dimasak maning sampek ragine kenthel.

6. Tambahana uyah lan gula secukupe, tilikana, kadhung wis pas ambi selera aju kebesen genine.

7. Wadhahana ring jembung utawa piring aju diuwur-wuri bawang goreng.

Wis siyap olah?
Warahana kelendi asile ya..

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf