Epolusi Kembang Endhog
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 17 November 2021 09:46 WIB)
- Opini
Dhung wis tepak ulan mulud, hususe wong Banyuwangi padha girang uga ngelumpukaken hang aran endhog. Salah siji wujud bahan panganan hang dadi penting ring Banyuwangi merga kanggo ngeramekaken kelairane Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Paran maning akeh-akehe saiki kembang endhog padha diarak keliling desa. Uga kadhang ana hang dilombakaken makene tambah nduduhaken semangate ring ulan Mulud.
Endhog iku mauka, wis disedhiyani panggonan hang meraji teka warisane Kyai Abdullah Fakih hang mimpin pondhok pesantren ring Desa Cemara Kecamatan Songgon. Arane Kembang Endhog.
Kembang endhog iku aseline ya jajang wis dikeroti lan digawe ngepang telu gagange. Pucuke gagange iku mauka diuweni lempitan kertas hang wis digunting merupa kembang. Kadhang ana hang digawe teka deluwange layangan, keresek, utawa kertas krep werna- werni. Naming ring gagang hang tengah lebih dhuwur kerana ana sambungan hang diweni per kanggo nyoplok kembange muka. Mula kudu bisa diencep lan dicoplok makene gagang tengah iku bisa kanggo nyundukaken endhog hang wis mateng. Sakmarine endhoge disunduk buru gagange bisa diencepi kembang hang wis ana pir-e. Kiwa tengen gagang diuweni godhong makene saya katon kaya kembang temenanan.
Gedigu kira-kira deskripsine kembang endhog bengen hang sun weruhi.
Maknane kembang endhog, kadhung teka sumber Komunitas Pegon Banyuwangi yaiku:
- Kembang endhog iku wujude endhog hang uwite teka jajang lan bisa ngembang, hang nduweni pilosopi ring kelairan Kanjeng Nabi Muhammad SAW kaya dene paran hang biyasahe hing ana uwohe lan hing ana kembange dhung tepak ana kelairane Kanjeng Nabi Muhammad SAW jajang bain bisa ana uwoh lan kembange.
- Endhoge kudu disunduk sampek gadug ring tengah jajang. Pilosopine yaiku wujude endhog hang nggambaraken telung unsur ring wong hang duwe agama yaiku ihsan, insan, lan islam hang didadekaken siji ring jajang iku.
- Ring njero endhog mula ana telung lapis bagiyan:
- Lapisan hang paling jeru iku ya kuninge endhog, hang diarani ihsan hang mula kudu ana ring ati (njero raga).
- Lapisan tengah utawa putihe endhog, yaiku diarani iman.
- Lapisan njaba yaiku kulite hang aran Islam.
Saiki, kembang endhog wis uwah, ngalami epolusi miloni kemajuan jaman. Akeh wujud kembang endhog hang werna-werni wujude makene bisa payu lan garus. Wujude ngilangaken aran aseline yaiku saya hing meraji kembang taping magih ana endhoge.
Isun wis milu ndeleng taunan, endhog bain hang digawe wis macem-macem anane. Sing endhog godhogan tok malah ana hang nganggo endhog asin.
Mari gedigu endhoge wis ebek hang diwadhahi lan saiki arang hang disunduk kaya jaman bengen. Ana hang dibuntel pelastik, ana hang dikeranjangi teka wadhah gaweyan.
Wujud kembang endhoge hang nggarai senenge mata dhung nyawang iku wis akeh maceme. Kreasi kembang ya magih ana saya apik uga saya rame. Ana hang wujude wis dudu kembang, naming ana hang wijud barong, ana hang naga, ana hang terima jajang diuweni wadhah wujud kerucut kewalik, ambi ana hang kaya jaring utawa kaya dene kewan uwur-uwur.
Kreasi hang macem-macem gedigu iku ya kanggonisun apik, nambah kreasi lan pariasine hang penting hing nyeliwah, ngelalelaken pakem wujud lan makna teka sejatine kembang endhog iku dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf