Etika lan Coblosan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 10 Februari 2024 08:07 WIB)
- Opini



Tadhahulatan! Ring iwuh limang taunan arupa Pemilu taun 2024 iki, ucap "etika" seliweran dadi omongan.
  Kadhung jare Dr. Joseph Teguh Santoso, M.Kom, etika asale teka basa Yunani "ethos", artine "kebiasaan". Merga iku etika hang didadekaken 'acuan' iku aji, adat hang apik, aturan apik hang diwarisaken teka generasi nyang generasi liyane. Etika diwujudaken dadi adat, dadi polah tingkah hang dibolan-baleni sakteruse dadi kebiyasahan. Ring tataran konsep, etika padha ambi moralitas.
   Ring pemilu 2024 iki, ucap cacat etika ditujokaken ring putusan Mahkamah Konstitusi hang nerak konstitusi. Maune aturan undang-undange, calon presiden umure diwatesi paling using 40 taun. Cumpu ambi Ketua MK, Anwar Usman, ditambahi aturan ulih ring ngingsore 40 kadhung tau madeg dadi kepala dhaerah. Kayane aturan iki dietokaken Ketua MK merga iyane uga dadi pamane cawapres 02 Gibran. Merga keputusan hang cacat lan etika iku Usman dilereni dadi ketua MK.
   Asile keputusan MK iki mara-mara disetujoni Komisi Pemilihan Umum (KPU), hing kathik ngomong sulung nang DPR minangka wakile rakyat.
   Merga ngelanggar etik iki MK keneng semprit Majelis Kehormatan MK (MKMK) lan ketuane dicoplok teka jabatane. KPU hang gerasa-gerusu nyetujoni aturan iku, lan nampa pendaptaran calon presiden lan wakile tanpa nganteni aturan asile putusan MK iku didadekaken aturan ring KPU ya keneng sanksi teka Dewan Kehormatan Penyelenggara Pemilu. Kabeh merga sing miloni etika hang wis dadi pelanggeran sedurunge.
   Calon presiden 03, Ganjar Pranowo, ngengetaken gok masalah iki bisa dadi pothoke coblosan utawa  pemilu.
   Setemene masalah etik iku njumbul ring Debat Capres hang kawitan. Capres 01, Anies Baswedan, nakokaken masalah etik ring putusane MK. Capres 02, Prabowo Subianto, njawabe ring ngarep pendhukunge engkisuke, kelawan nyebut, "Soal etik, etik, etik. Ndhasmu etik." Bab iki aju dibales ambi para pendhukung hang rame ring medhiya sosiyal ngelokaken Anies hing duwe etika merga ring debat dianggep nyerang Prabowo hang wis ngewani dhukungan tepak maju dadi gubernur ring Jakarta sedurunge. Ale hang arane debat ya wis anjerah kadhung takon perkara hang dibahas lan kudune dijawab hang temenanan. Arane bain debat dudu gesah. Bab etika utawa tata kerama iki aju dadi ngelantar merana merene, utamane etika hang wis dipiloni puluhan taun gok pejabat hang maju nyalonaken awake kudune mundur teka jabatane. Ana Prabowo, Gibran, Ganjar lan Mahfud hang kabeh magih duwe jabatan ring pemerintahan. Etika bab pegawe negeri (ASN) kudu netral ya diterak, mulai teka presiden, menteri sampek pejabat ring dhaerah hang paling endhep.

Hang pungkasan, para calon anggota legislatip, hang selengkrahan ndeleh alat peraga kampanye arupa poster, baliho nong endi-endi kaya hing duwe etika. Pitakonan hang njumbul, kadhung acarane wis pungkas tanggal 14 Februari kesuk, calon anggota legislatip iku arep milu ngerijigi romote iku tah? Kadhung sing, etikane nong endi marek mbuwang romot nong panggonane wong hing gelem ngerijigi?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor