Fatimah: Ngangkat Olahan Banyuwangi ring Resto Internasional
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 15 Juli 2022 08:42 WIB)
- Tokoh

Akeh carane wong kanggo ngangkat derajat tanah kelairane. Hang dhemen kesenian kelawan nggelar keseniane umpamane dulur-dulur Ikawangi hang semebar sak nusantara malah sampek negara manca, padha nggawe sanggar seni.
Dene hang bisane mung olah-olah, kelendi carane? Ana lare Gumirih Singojuruh hang aran Fatimah Prasasti lan saiki megawe ring resto internasional ring Bali, iyane milu ngusulaken nang manajere, olah-olahan Banyuwangi. "Hang sore sun olah iku Pelasan Ayam lan Pecel Pitik," jare Fatima hang tau dadi ketua Karang Taruna desa Gumirih.
Saiki rong menu iku milu dipajang dadi salah siji menu ring resto Kaizen hang ana ring Sunset Road Kuta Bali. Fatimah seru mongkoge ngenalaken resep embah buyite kanggo pelanggan restone hang akeh-akehe wong bule lan wisatawan lokal teka Jawa hususe Surabaya.
"Resep pecel Pitik iku has Using hang diwarisaken kelawan turun temurun," jare Fatimah. "Pecel Pitik iki yara kelebu makanan sakral hang metune mung acara-acara tertentu, dadi ya apik pisan kadhung dikenalaken."
Setemene restorane hang pusate ana ring Surabaya lan Malang iku restoran hang nduwe menu andalan daging sapi wagyu. Naming minangka resto all-you-can-eat utawa resto hang bisa madhang sakwarege, nyedhiani pisan menu liyane, ana menu Bali pisan kayata mujair nyat-nyat lan nasi goreng bumbu genep.
Kapanane, manejere tepak rapat ngongkon sapa bain hang bisa olah menu tambahan. Aju Fatimah hang lulus teka Poliwangi jurusan Teknologi Pengolahan Hasil Ternak taun 2019 iki ngusulaken Pelasan pitik lan Pecel Pitik. Cumpu marek olah lan ditiliki manajemene lan kanca-kancane, aju rong menu iku saiki wis dadi menu hang digilir minangka menu tambahan.
Ale Fatimah hang asale teka dusun Gayam Lor desa Gumirih iki buru bain milu megawe ring kono, sakat ulan Mei kepungkur. Taping pengalamane megawe ring pawon ya cukup akeh. Sedurunge iyane tau pisan mbukak warung kopi dibantu pak Camat Luthfi jaman semono, aju dodolan nuget pisang, pisang krispi, jasuke lan roti maryam saben dina Minggu ring Pasar Wit-Witan Alasmalang. Tau pisan megawe ring Warung Ayam Betutu sebelahe Polres sampek dadi tukang masak ring warung ramen ring Sobo, dadi rada weruh urusan pawon.
Fatimah ngarepaken ana kesempatan liya ngajokaken resep has masakan Banyuwangi liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.