Fatrah Abal Lan Orkes Melayu Basa Using
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 21 Oktober 2019 11:27 WIB)
- Opini
Gendhing-gendhing Using iku, bengen akeh-akehe diiringe ambi tabuhan angklung, gandrung lan keroncong. Malah jaman Bupati Djoko Supaat Slamet, kawitan tahun 1970-an, gendhing Banyuwangi mung ulih diiringi tabuhan gandrung lan angklung. Masiya gedigu, kudu liwat aran sensor teka Bagian Kesra Pemkab Banyuwangi, wayah sak mono digawangi almarhum Pak Hasan Ali.
Dudu merga kejem, utowo dadi diktator. Iki merga magih ana rasa wedi ring tengahe masyarakat Banyuwangi, sak uwise kedadeyan G 30S/PKI. Merga ana larangan hang 'membabi-buta' teka TNI, kadhung gendhing-gendhing Banyuwangi iku PKI. Ale sak durunge sing ana nggepan gedigu, akeh ormas-ormas Islam lan Nasionalis ring Banyuwangi uga giyat ngembangaken kesenian dhaerah Banyuwangi.
Larangan mau rada longgar, serta Presiden Suharto menyang nang Desa Tapanrejo, Kecamatan Muncar nemoni "guru spirituale". Pak Harto tahun 1969 iku dihibur ambi kesenian angklung lan jogedane pisan, aju mesem lan kesengsem pisan. Bupati diceluk aju ditakoni aran kesenian mau, apa asli Banyuwangi. Serta dijawab aseli Banyuwangi, Presiden Soeharto seneng lan merintahaken nyang Bupati ngongkon ngembangaken kanggo semberanine (magnit-Red) donya pariwisata.
Pak Bupati sing gage ngomong iya, merga magih iling sak durunge Kesenian Angklung uga digawe alat propaganda politik. Pak Harto ngongkon, hang dikembangaken duduk kesenian hang dienggo propagandha politik, naming hang aseli sak durunge dienggo alat politik mau. Ambi kedigu, ana tekad kanggo mbalekaken Kesenian Banyuwangi nyang wujud aseline.
Mulihe teka Tapanrejo, Pak Bupati aju ngumpulaken stafe lan nggawe surat edaran kanggo ngembangaken Kesenian Banyuwangi. Kabeh kesenian hang ana kudu didaftar maning, mane sing kecolongan ana unsur politike. Jaman semono, Kabupaten Banyuwangi iku wis duwe studio rekaman pita kaset akehe 5 lebih. Sak liyane iku, kesenian Banyuwangi uga direkam ring Studio duwene BUMN, yaiku Lokananta ring Surakarta lan Golden Hand Surabaya.
Pak Faturachman Abu Ali, alias Fatrah Abal, salah sijine penganggit gendhing Using, tetep nyeral, kepingin gendhing-gendhing Using uga diiringi Orkes Melayu. Jare Pak Fat, kadhung tujuane kanggo ngelestarekaken Basa using, ya kudu diratakaken pisan. Merga jaman sakmono, sing kabeh kampung-kampung Using gelem nerima gandrung lan angklung. Alasane ya merga marek ubrede masalah politk tahun 1965 lan anane Gandrung Mairil, yaiku Gandrung Lanang hang berdalih seksual.
Masiya dibebeng nang endi-endi, Pak Fat tetep njejegaken tekade lan nemoni kanca-kancane hang dianggep bisa mbantu rencanane. Wong hang kawitan ditemoni yaiku Mahdi Hassan, pimpinan Orkes Melayu Selendang Ijo hang nduwe hubungan apik ambi studio rekaman Golden Hand ring Surabaya. Mahdi tetep keweden, merga keputusane Bupati jaman sak mono mung gandrung lan angklung thok kanggo ngiringi gendhing-gendhing Using.
Masiya gedigu, Mahdi ngongkon Pak Fat nemoni anak buahe Mahdi Hassan hang ana ring Rogojampi, nawi bisa mbantu karepe Pak Fat. Sing kesuwen, Pak Fat aju gage nemoni aran Tuky Efendy ring Rogojampi. Jaman semana tahun 1975, ana OM Tawangalun aseli Rogojampi. Gendhing-gendhing teka Pak Fat aju diaransemen lan melebu rekaman, salah sijine gendhing CEMENG MANGGIS ring ngisor iki:
Cemeng Manggis
Manise ya manise wong cemenge kaya manggis
Disawang sing mbosenaken, kenal sepisan ya ngangeni
Lancinge pada ngelamun hang dilamun membat mayut
Geregeten arep methik Hang dikarep nguweni unyik
Aduh, aduh kang cemeng manggis
Kenal sepisan ati ketepis
Merono merene lancing nyapa
Perawan ayu mula anake sapa
Aduh, aduh kang cemeng manggis
Kenal sepisan ati ketepis
Merana merene lancing nyapa
Perawan ayu mulao anake sapa
Guyu lan eseme
Kelantongan ring lambene
Duh eman tambah manis
Hang sing ngere’es padha meringis
Syair/Lagu : Fatrah Abal/Tuki Efendy
Tahun cipta/pupoler : 1975
Musik pengiring : OM. Tawang Alun
Produksi Pertama : Ria Record Banyuwangi
Magih akeh gendhing-gendhing anggitane ruwahe Pak Fat hang diakokaken arane wong liya, gedigu iku karepe Pak Fat kanggo njaga perasaane kancane hang kurang setuju nang penemune, kadhung gendhing Using aja sampek diiringi kanggo tabuhan Orkes. Paran hang diangen Pak Fat sak durunge, aju nemokaken bukti sak temene.-Group Orkes Melayu ring njabene Banyuwangi kutha ngiringi gendhing Basa Using. Iku adoh sak durunge ana Kendgang Kempul, Orkes Melayu hang mula akeh manggon ring daerah Banyuwangi tengah lan kidulan padha milu nggawa gedhing Basa Using. Kaya OM. Belambangan Group Genteng akeh-akehe gendhing anyar anggitane Wiroso dan Suroso, kakang Adhik. Marek iku aju gendhing-gendhing lawas Using uga diiringen Orkes Melaku lan Musik Band. Larangan hang sak durunge dijaga, mulai kendho merga pancen bener omongan almarhum Pak Fat, Orkes Melayu iku pancen memasyrakat lan akeh hang ngerongokaken.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.