Fotografer Bang Dzoel: Saya Lupa Kalau Saya Difabel

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Kamis, 25 Agustus 2022 09:58 WIB)
- Tokoh



Kabar hang ngagetaken kanca-kanca fotografer lan masyarakat Banyuwangi umume, mara-mara nyebar liwat grup whatsAapp, dina Rebo sore. Achmad Dzulkarnaen utawa biyasah nganggo aran Bang Dzoel, dikabaraken ninggal donya. Miturut kabar hang nyebar, kelebu teka kanca pareke, Mamet Ndut, Dzoel hang umahe ring Benelan Lor, Kecamatan Kabat iku ninggal donya dina Rabu raina, sak marine operasi saluran kencing nong Rumah Sakit Rogojampi. Dzoel ninggal umur 29 tahun. Innalillahi wa innaillaihi rajiun…

Arep sing kaget kelendi, merga pirang-pirang dina kepungkur, tepak dina Sabtu tanggal 13 Agustus 2022, Dzoel ambi kanca-kancane grup musik difabel magih main nung acara Festival Musik Jalanan nong Gesibu Blambangan.

Kala iku, Dzoel malah dadi jengahe penonton kala iyane milu tampil nabuh ‘ketipung’. Nong pungkase acara iku, Dzoel malah dijaluk potrek bareng ambi Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani lan Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, M Yanuar Bramuda.

Fotografer hang wis ping kaping-kaping melebu nung koran lan media nasional iku mula kelebu istimewa lan dadi wigatine masarakat akeh. Lair tanpa tangan lan sikil hang sempurna, naming duwe keahlian motrek. Lan masiya kelebu difabel lan duwe kekurangan, naming Dzoel duwe anggepan kadhung “Dadi apik iku hing kudu sempurna”. Mulane iku, sedinane Dzoel sing tau minder ngadhepi uwong utawa milu kegiyatan paran bain. Malahan, arep nyang endi bain Dzoel wis biyasah melaku dhewek, bisa nyetir montor dhewek.

Fotografer difabel hang wis tau diliput ambi media luar negeri; Al Jazeera lan Great Big Story iki mula duwe sipat sing gelem nyerah nang kekurangane awake dhewek. Malahan, kaya hang tau diceritakaken dhewek nang penulis, Dzoel hang wis tau diundang nyang Negara Turki tahun 2020 iki uga kepingin nulis buku hang nyeritakaken ngenani pengalaman uripe. Judhule; “Saya Lupa kalau Saya Difabel”. Masya Allah. Durung kelaksan kesulungan diceluk Pengeran.

Muga dijembaraken kubure, dipadhangaken dalane, ditampa kabeh amale lan disepura kabeh dosane. Muga semangate bisa dadi tuladha kanggo wong liya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor