Gadho-gadho DLLAJ, Enjong Rasane
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Agustus 2020 07:01 WIB)
- Kuliner
Arane pancen rada nyeliwah beda ambi panganan-panganan liyane. Kadhung aran gadho-gadho pancen ring endi bain ring tanah Jawa iki mesti ana. Pancene bener kadhung panganan iki dudu asli teka panganan Banyuwangi. Naming kadhung gadho-gadho DLLAJ iki wis kesuwur sakat bengen kelebu salah siji panganan paling enjong sak kutha Banyuwangi masiya dudu panganan aseli wong Using.
Gado-gado DLLAJ manggone ana ring Jl A. Yani, kelebu ana ring Kelurahan Tamanbaru Banyuwangi. Ring selompongane Bank BRI Syariah lan Minimarket A. Yani. Gado-gado iki ngedhep rombong gedhe madhep ngetan. Teka lurung A. Yani elore Kantor Bupati Banyuwangi ring kana wis katon kewela-wela hang aran rombong kelir soklat hang dilibengi wong hang tuku. Ana ring kaca rombonge jelas ketulis “Gado-gado DLLAJ”. Wayah jam suwelas bedhug sampek jam setengah telu soren panggonan iki seru ramene hang tuku. Ana hang dibungkus digawa mulih, ana uga hang dipangan ana ring panggonane.
Masiya mung manggon ana ring lompongan cilik hang cukup mung sak rombong naming sing nyuda hang aran uwong kang arep tuku, sampek antri-antri metu teka lompongan. Hang tuku teka golongan endi bain, sing mung rakyat biyasah bain naming uga sampek wong-wong kantoran hang nggawa montor apik-apik. Padha tuku gadho-gadho iki.
Gado-gado DLLAJ sing beda ambi gado-gado liyane, ana lonthonge, ana kerupuke, ana uga melinjone. Hang aran ragi kacange hang kenthel seru enjonge kadhung diweni sambel lobok abang hang kelire gemilap mberanang.
Paran maning hang aran cukulane mari-mariya seger, ditambahi maning gubise hang putih nggilap kesentor serngenge wayah ngarepaken bedhug. Pokoke hang aran elur mesthi temetes kadhung hang tuku magih antri nganteni diedoli bakule. Paran maning wetenge ya wis elom merga iki wis wayahe wong laut teka pegaweyane, ngepos mandheg mangan gadho-gadho mestine enjong seru.
Apuwa gok diarani Gado-gado DLLAJ, temokena bengen bakul gadho-gadho iki sakdurunge manggon ana ring Jl. Yani manggon ana ring kantor DLLAJ. Manggon ana ring kana seru garuse sampek kesuwur arane dadi aran Gado-gado DLLAJ. DLLAJ dhewek iku saktemene singkatan teka Dinas Lalu Lintas Angkutan Jalan. Kerana wis kesuwur nganggo aran iku sampek saiki arane sing diuwahi masiya saiki wi manggon ana ring Jl. A. Yani Banyuwangi. Jare wong-wong saiki wis kadhung branding-e gediki. Eman-eman kadhung diuwahi merga aran iki aran hang ngerejekeni, jare hang dodol. Apuwa gok gadho-gadho DLLAJ iki kari garus temenan hang tuku. Sakliyane rasane hang enjong mauka nyatane gadho-gadho iki uga kegolong murah. Mung sepuluh ewu rupiah bain regane sak piring utawa sak-bungkuse.
Kadhung rika kabeh marung merana aja lali ombenane es temulawak mung telungewu bain sak gelase. Bek seru cocoge marung ring kana iku. Mari mangan kepedhesen aju ngombe es temulawak hang seger. Wis bisa dipastekaken rika kabeh bakale balik maning.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf