Gagas, Golet Pangan Uga Ngeraketaken Seduluran

Dian Pratama (dipublikasikan pada Selasa, 07 Januari 2025 07:56 WIB)
- Esai



Belambangan he, Gunung-gunungira magih perkasa

Sawah lan kebonanira wera magih subur nguripi

Aja kangelan banyu mili magih gedhe sumberira

Rakyate magih guyub, ngukir lan mbangun sing mari-mari

(Umbul-umbul Belambangan, Andang CY)

 

Uwis-uwis bang-bang wetan mbranang kathone

Paman tani, wis wayahe tandang gawe

Ngesemi singkal pacule

Nglincaki sapi kebone

Nanduri sawah tegale

(Deredesan, Sumitro Hadi)

 

Teka gending hang ditulis ring nduwur, ngengetaken ring suwara aluse ruwahe Gandrung Supinah. Tapi, sadhar tah sing, perasanisun saben gendhing lawas Banyuwangi iku mesthi nyeritakaken gok tanah Banyuwangi iku subur, lan sing adoh-adoh ambi uripe rakyate kang mula akeh-akehe nyambung urip liwat tetanen.

Tetanen ning Banyuwangi, masiyatah wis akeh kang nganggo alat modheren, kayatah singkal, mesin kanggo mbabat suket nong galengan, mesin panen, doser, lan liyan-liyane. Naming, ring desa-desa kaya dene ning Desa Alasmalang, Singojuruh, iku magih akeh budaya kang bisa dideleng. Budaya iku wujude kebiyasahan-kebiyasahan nalikane ngelakoni tetanen ring sawah, nyingkal, ngewinih, tandur, matun, nyemprot, ngarit sak napele, ndoser, nepak, lan sing ketinggalan gagas.

Gagas iku nggoleti sisane pari kang wis digebros, kang katut miber semembur ambi kapah nalikane ndoser. Biyasahe kang nggagas iku wong-wong wadon. Liwat gagas iki, wong iku mau golet pangan, ya ngeraketaken seduluran. Kanggone kang panen, gagas iku uga wujud sukur nyang Pengeran, liwat sedhekah gabah.

Kang has teka budaya gagas iki, biyasahe melakune isuk-isuk ambi nganggo capil tani kang pucuke lincip kaya kukusan. Milu lakune kuntul kang uga miber nggoleti sawah kang disingkal. Wong-wong iki biyasahe mbontot, perlune sarapan bareng, polahe rasane lebih enak kadhung madhang bareng kanca-kanca. Paran maning ditambahi silire angin ring sawahan.

Sakliyane capil tani, kang wajib digawa yaiku welasah, kudhung lebonan, lan kelambi kaos. Welasah iku digawa kanggone wadhahe gabah ulihe nggagas, sakliyane iku ya mesthine dienggo wadhahe bontotan rupa panganan lan ombenan. Dene kudhung lebonan iku dienggo nutupi raine wong kang nggagas, makene sing serit keneng semburane pari kang didoser. Kelambi kaos kang dienggo akeh-akehe ya kelambi olahragane anake kang biyasahe wis sing kanggo, utawa ulihe hadhiyah tuku pupuk, uga kelambi kampanye. Kelambi iki dipilih mergane sing ongkeb, polahe ning sawah iku panase sing karuwan.

Nggagas iku sing ana bayarane. Wong-wong iku teka dhewek kanggo nulungi wong kang panen. Setemene, sakliyane kanggo nyambung urip kelawan ngumpulaken sisane gabah kang kecampur ana ring kapah sisane selepan. Mula miturut pikiranisun, gagas iku ya gotong royong ngeraketaken seduluran. Mulane kanggo ngucap kesuwun nyang wong-wong kang nggagas iku mau, biyasahe wong kang panen ya nguweni sing ketang rong sewur. Iku kabeh kanggo rasa kesuwun nyang wong-wong kang nggagas, uga wujud sukur lan sedhekahe wong tani nyang tangga-tanggane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Suara Indonesia Banyuwangi

Editor: Hani Z. Noor