Gampang, Nggawe Jenang Gelimpang

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Agustus 2020 08:01 WIB)
- Kuliner



Paran olahan jajanan hang rika dhemeni? Mesthi bain salah sijine ana iki, salah siji teka ring maneka maceme jenang ring Banyuwangi.
Wong Banyuwangi mula dhemen ngewani aran nyang paran-paran iku kadhang rada mbenu.
Umpamane bain kaya aran jenang bedhil lan jenang gelimpang iki.
Olahan jenang hang diirisi iki akeh hang dhemen. Emak-emak ya sing patiya abot olah jenang iki kerana mula gampang.
Kek, iki ana kirimane Mbok Rosana Dewi, lare Temenggungan hang wis suwi ngumbara ring Jakarta. Iyane mula paceke olah dhewek kadhung tepak kangen jajanan has Banyuwangi.
Emane tah Mbok Rosana gelem ngedum cara olah Jenang Gelimpang iki.

Bahane:

1. Gelepung hunkwe sak bungkus utawa 120 gr.
2. Gula abang 250 gr.
3. Banyu 7 gelas belimbing utawa 1400 ml.
3. Uyah sak sendok teh
4. Gedhang Saba 5 iji, kadhung tepak ana Saba Abang paling windhul.
4. Kelapa parut setengah bain hang tuweke sedhengan.
5. Godhong pandhan kadhung dhemen ana ganda arume.


Carane:

1. Gedhang Saba dikukus sampek mateng aju diirisi kothak-kothak cilik. Delehen sulung. Ana pisan hang dhemen nganggo nangka, kadhung nangka ya hing usah dikukus langsung bain diirisi kothak-kothak.

2. Gelepung hunkwe hang wis dibukak bungkuse dideleh ring wadhah aju tambahana banyu 6 gelas, digaluh sampek rata. Geningena sulung.

3. Siyapaken panci utawa wajan, wanana banyu sak gelas, tambahana gula abang hang wis ditugel-tugel utawa diirisi rada cilik, kadhung dhemen ya tambahana godhong pandhan hang wis rijig lan dirajang kasar, aju dimasak sampek gemulak lan gulane ajur.

4. Banyu gula mauka disaring makene sing ana ampase gula abang hang kala-kala katut ring adonan gula abang uga godhong pandhane makene sing katut pisan.

5. Kadhung wis disaring, entapaken maning ring ndhuwure geni, genine aja barak seru. Adonan hunkwe mauka digaluh maning makene sing ngendhal ring ngingsor, aju ambi disaring diesokaken nyang banyu gula mauka ambi digaluh makene rata lan sing gempung. Wanana uyah.
Kadhung adonan hang digaluh mauka wis rada kenthel, lebokaken irisan gedhang kukus mauka utawa irisan nangka, galuhen makene irisan gedhang utawa nangkane semebar rata.  Adonan jenang tetep digaluh sampek gemulak, melethik kaya nak peledhosan, kira-kira limang menit suwine.

5. Kebesen genine, angkaten adonan jenang mauka aju ditublek nyang talam tah wadhah baskom hang sing patiya jeru, ratakena, geningaken sampek adhem. 

6. Kadhung wis adhem, berarti wis wayahe niliki. Irisana sak dhemene, ya aja gedhi seru, taping ya aja keciliken. Delehen ring piring cilik, diuwur-uwuri kelapa parut, aju wis ulih dirahabi.

Gampang yara?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf