Gandrung Kecaruk Jaranan ring Hongkong

Tirto Arum (dipublikasikan pada Selasa, 01 Desember 2020 06:54 WIB)
- Opini



Dina Minggu tanggal 29 Nopember wong-wong hang mbara ring Hongkong mengeti dina "Mulasara Nang Wong Wadon." Mergane tau ana wong wadon telu embok adhik hang disiksa rejim kayadene Marsinah ana ring Indonesia bengen, hang seperene durung ketemon sapa hang mulasara lan mateni.

Para buruh migran hang ana ring njerone organisasi hang aran PILAR Hongkong uga mengeti nganggo carane dhewek. Tujuwane kanggo ngenget-enget makene hing ana kedadeyan maning wong wadon hang disiksa, hing ndayani lan hing bisa mbela awake dhewek. Hing maido saiki tambah akeh organisasi hang berak-berak njaluk keadhilan kanggo wong wadon. Engkene iki, kanca-kanca sak perjuwangan, durung karuwan ulih majikan hang apik, jaminan kesehatan utawa panganan hang mejaji, potongan gaji hang sak majade utawa nemoni agen hang ngemong. Malah bisa-bisa ulih keluwarga utawa majikan hang milu ring mulasara wong wadon. 

Buruh migran mesthi dianggep lebih ngingsor panggonane, dieksploitasi anane, naming tautah hak-hake diwakaken tepak ana majikan hang sing netepi kewajibane? Kelendi-kelendiya buruh migran iki ya menungsa biyasah hang hing sempurna lan uga kepingin diuwongaken. 
Paran maning ring mangsane pageblug digi, kahanane tambah medeni, akeh majikan hang dilereni megawene, lalare sinau ring umah maning, dene pub, panti pijat, restoran, milu ditutup maning merga akehe pegawe hang ketularan penyakit iki.

Sak liyane iku Hongkong sakat tanggal 28 Nopember sore kelebu wilayah hang keneng Corona level papat. Penggaweyan awak-awak iki minangka saka ekonomi andhelane keluwarga kerasa saya abot, lan engkapan kahanane balik maning mung Pengeran kabeh hang weruh.
Masiya Covid19 ana ring wayah hang medeni digi hing ngurangi semangate para srikandi Indonesia anggone silaturahim ambi dulur-dulure ring lapangan Victoria Hongkong. Sore iku ana seni tari lan grup jaranan teka Green Famili, tari jathilan teka Pangestu Krido Budoyo grup, tari gandrung teka tim Larosa Arum, uga ana gelaran apik teater teka para pekerja migran. Kabeh magih nggawa semangat keadhilan kanggo wong wadon hang dipulasara. Merga magih ana pageblug, awak-awak iki ya miloni protokol kesehatan, nganggo topong (masker), njaga jarak, hing ulih nggerombol, lan kerep wisuh tangan.

Hing kabeh wong wadon hang megawe ring negara manca iku hing ndayani, awak-awak iki merjuwangaken nasib sak kuwate kanggo keluwarga masiya mung liwat kesenian. Kene iki kepingin ngilangaken anggepan elek teka wong-wong merga gobot pulut wong hang laku elek hang ngerusak jati dhiri bangsa. Buruh migran dudu budhak, lan kene iki seru mongkoge nggawa aran arume bangsa kelawan nguri-uri maneka rupa budaya, ring mangsa pageblug magih ngemuli donya. Perjuwangane wong wadon nana watese, nana enteke.  


Cheung Sha Wan, Senin, 30-11-2020

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum

Editor: Hani Z. Noor