Gandrung Lusi, Sekolah Ambi Nggandrung
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 17 Juni 2025 07:34 WIB)
- Tokoh
Gandrung Lusi, Sekolah Ambi Nggandrung *)
Hang aran njuged nong ngarepe wong akeh, sakat cilikane bengen ya wis biyasah kanggone Lusi. Kala magih SMP iyane wis tau milu ning Sanggar ‘Sayu Sarinah’ hang dipimpin ambi gandrung legendaris, ruwahe Supinah. Malahan, ujare, magih jamane sekolah SD iyane ya wis tau njuged Kuntulan.
Saktemene ya sing aneh kadhung Lusi wis jenek seru ambi terobe kesenian teradhisional Banyuwangi. Iku merga iyane lahir lan digedhekaken nong lingkungane seniman-seniwati teradhisional. Bapake, Syaifurromat utawa hang biyasah diceluk nganggo aran ‘Ipul Kendhang’ wis suwi dadi panjak tukang kendhange gandrung. Malah saikine, Pak Ipul Kendhang wis ngedekaken grup jaranan Turonggo Sakti.
Sakliyane bapake, anange teka emake hang aran Panoto asal Mondoluko, Desa Tamansuruh, uga wis kesuwur ring kalangan kesenian jaranan.
Hang rada aneh yaiku kala penari hang duwe aran lengkap; Lusi Sari Hermawati iki mara-mara kepincut seru kepingin dadi gandrung terob. Kaya hang diceritakaken dhewek kala gesah ambi penulis ning umahe nong Desa Tamansari, Kecamatan Licin. Kawitan iyane kepincut kepingin nggandrung iku kala magih buru melebu sekolah nong SMK Negeri I Giri, antarane tahun 2018.
“Ya ambi sekolah iku Isun ajar nggandrung nyang Mak Iyah (Gandrung Muda’iyah) Kemiren. Naming Mak Iyah dhung ngajari Isun masa kaya ngajari gandrung liyane, hang kudu milu nyantrik sulung nong umahe. Ibarate, Mak Iyah iku ngajari Isun ambi melaku, ambi langsung main nung terob. Ya ambi main nong terob iku, aju Hun titi lan teliti gendhing-gendhing hang digendhingaken. Kisuke buru Hun tirokaken. Ya terus gedigu iku wis, sampek jare Mak Iyah Isun iki wis bisa nggandrung dhewek,” jare Gandrung Lusi, hang kawitane diejak main ambi Gandrung Muda’iyah nong dhaerah Lumajang.
Merga ajar nggandrung ambi sekolah iku, paran maning wis mangkat kerep diejak kundangan main, pungkasane Lusi kerep ijin sing melebu sekolah. Sampek Lusi tau disindhir ambi gurune dhewek, jare merga kakeyan njuged sampek sekolahe arang-arang melebu. “Ya aju kelendi maning. Sampek kadhung sekolah iku Isun kerep jelantukan, akeh ngantuke. Kadhang sangking sing kuwat ngantuk, Isun sampek nyeja turu nang mburine sekolahan. Tapi untunge guru-gurunisun akeh hang ndhukung lan ngarteni nyang Isun,” jare gandrung kelairan tahun 2002 iki.
Masiya kelebu gandrung anyaran hang buru muntup ning jaman milenial saiki iki, naming Lusi ya ngelakoni sarat-sarate ajar nggandrung kaya dene para gandrung lawas liyane. Masiya ambi melaku, Lusi ya ngelakoni ‘diperas’ lan tau ngerasakaken kelendi perihe dipupuh bacote.
Ngenani kahanan nong kalangane kesenian kuna iku, Lusi ya ngaku kadhung iyane wis ngarti lan paham kelendi ‘wingite’ nong terobe gandrung. “Mak Iyah wanti-wanti nyang Isun. Jare, dadi gandrung iku kudu tetep bisa gemuyu kala ngadhepi pemaju. Masiyatah wis, kadhangkala ana bain pemaju hang polah tingkahe iku nggarai bangkel nyang ati. Minangka seniwati ‘penghibur’, dadi Gandrung tetep kudu bisa nyenengaken atine wong hang ndeleng lan bisa nggawe sebrake terob gandrung,” jare Lusi, ngenani piwulang hang diajaraken ambi Gandrung Muda'iyah.
Ngenani anggepane uwong hang ngarani kadhung uripe gandrung iku sing bener, Gandrung Terob hang magih ‘perawan ting-ting’ iki ya ngerumangsani. Malahan, gandrung iki ngaku kadhung iyane ya wis siyap ngadhepi abote sangga lan gedhine gudha wong urip dadi gandrung. Mangka iku, jare Lusi, iyane sing wedi ngadhepi omongan hang kaya gedigu iku.
“Makene wis uwong arep ngomong paran. Pokoke, niyatisun dadi gandrung ya dadi gandrung hang sakbenere. Sing arepe macem-macem. Niyatisun nggandrung ya merga Isun kepincut lan dhemen seru nyang kesenian aseli Banyuwangi iku. Isun kepingin milu nguri-uri lan njaga aja sampek kesenian tinggalane para leluhur iku ilang,” jare gandrung hang saiki iki magih kecathet dadi Mahasiswa semester 2 jurusan Pendidikan Sendratasik, Fakultas Bahasa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya (Unesa).
Masiya gedigu, jare Lusi, iyane ya kerep duwe ati bangkel lan emosi kala ngadhepi para pemaju hang tingkahe sak karepe dhewek. “Sabene tau, tepak ngerepen nong meja tamu, bangete Isun mungkur arep ngeladeni tamu liyane, ana pemaju hang buru mari Hun ladeni hang lungguhe noring kiwanisun, mara-mara ngambung Isun teka mburi. Byek, kaya arep nangis ika rasane. Ya emane Isun wis diwekasi ambi Mak Iyah, jare kadhung dadi gandrung iku kudu bisa ngempet bangkel lan kudu tetep bisa gemuyu.
“Mungguha sing enget nyang wekase Mak Iyah iku, ukure wis Hun sontog wong iku,” jare Lusi, ambi ngelus dhadha.
“Ya muga-muga, Isun sing sampek kaya gandrung hang jare uwong dhemen kawin-pegatan kaya iku. Kadine, mbesuk kadhung Isun wis ulih jodho, Isun kepingin lakinisun iku ngarti nyang uripisun dadi gandrung. Ngarti nyang kesenian hang Sun lakoni iki,” ujare nambahi.
*) Tulisan iki dijuwut teka salah siji artikel bab gandrung ring buku “Isun Gandrung” hang ditulis ring Eko Budi Setianto lan diterbitaken ring Sengker Kuwung Belambangan
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Eko Budi Setianto
Editor: Antariksawan Jusuf