Gandrung Sewu 2019

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 13 Oktober 2019 07:09 WIB)
- Opini



Kembang menur kembang melathi, kadhung ngaku dulur gadukena nong njero ati

Gedigu jare dhalange ring gelaran Gandrung Sewu (GS) 2019, kaya njawab pirangane pitakonan lan penemu kritis dulur-dulur hang setemene ngeman ring gelaran kang wis kaping wolu iki dianakaken.
Umpamane bab picis hang kudu dibayar sekolah hang cumpune hing mung sekolahan hang muride milu gelaran GS mau lan gedhine beda-beda. Bupati Anas ring pidhatone ngomong gok gelaran gedhe iki bisa ngentekaken picis limang milyar taping pemda mung ngetokaken picis 800 juta. Sapa hang nemblongi sisane? Masyarakat. Merga GS iki iwuhe rakyat. Masyarakat Banyuwangi bisa milu mongkog kadhung ndeleng kelendi wong njaban ngeregani tontonan hang wis nganggo ikon Banyuwangi, gandrung, minangka bungkuse.

Hun dileng, Hing Ana siji-sijiya uwong hang mingser lungguhe sampek gelarane pungkas.

GS dadi wadhah hang bisa nduduhaken seniman-seniman Banyuwangi sakat teka hang ning mburi genjot, para panjake lan sampek penari cilik-cilik hang milu ring antarane 1350 penari GS. GS nduduhaken nyang penonton pintere seniman Banyuwangi nguwasai panggung gedhi, koreografi  hang apik, marek ngadoh ngiwa nengen tanpa kelangan ritme, njaga  konsentrasilan kekarepan penonton nyurasa nyang endahe tari lan musik Banyuwangi.

Ana penemu gok GS iki nganggo musik diatonis hang nabrak pelanggeran musik gandrung deles hang pentatonis. Penemu iki kudu dingerteni gok magih ana uwong-uwong Banyuwangi hang ngeman lan ngajeni nong keseniane. Makene kesenian gandrung hing ilang keasliane. Taping ya kudu dipahami pisan gok GS iki tontonan lan gelaran kanggo umum hang nganggo gandrung lan tabuhan Banyuwangi liyane minangka dadi bungkuse. GS iki dadi ajang pamer endahe kesenian Banyuwangi nganggo basa hang dipahami wong umum, wong liya, lan malah lalare generasi anyar Banyuwangi kanggo ndhemeni keseniane.
Cuma siji hang hun tengeri, judhul gelaran "Panji Panji Sonangkara" hang kaya hing ana cantholane kejaba pendera panji-panji gambar endhase ajak asu alas ambi hang diduduhaken ring gelarane. Paran maning narasi dhalange nggawa-nggawa perjuangan rakyat ngelawan kekuwasaan Liyan (maksude Kompeni) taping ya nyangking aran Mas Alit pisan. Kadhung jare hun liya dina GS nggawa tema-tema hang ngadohi sejarah bain. Tema-tema "cilik" umpamane kahanan sedina-dina hang sekirane hing nggarai bengkerengan seduluran, yong iki mung tontonan profan belaka kanggone wong liyan.


Dadi yaiku mau, kadhung seduluran lan digadugaken ring ati, GS iki mung tontonan asil rekadayane wong Banyuwangi kanggo wong liyan, aja pati digawe ruwed. Masiya isun weruh gok kabeh penemu iki setemene dilemeki niyatan hang apik kanggo njaga tradhisi budaya Banyuwangi makene hing kadohen nyeliwahe.







Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor