Gandrung Terakota, Rasa Optimis Ring Donya Wisata Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 03 September 2021 11:34 WIB)
- Wisata



Masiya emeh rong taun donya kelenceran (wisata) ring Banyuwangi milu sesehan keterak pageblug, magih ana wong-wong hang ndeleng gok serngenge wetan wis ngarepaken rantag. Contone Jiwa Jawa utawa hang lebih kesuwur kelawan aran Taman Gandrung Terakota hang ana ring desa Tamansari, Licin, Banyuwangi.
   Ulih rong ulanan iki Jiwa Jawa Ijen mbangun maning aran Petirtan hang ana patung Dewi Sri lan patung-patung terakota liyane kanggo nambahi koleksi patung hang wis ana.
   "Angen-angene bisa ana pentas Meras Gandrung saben ulan kaya bengen," jare Manajer Operasional Jiwa Jawa Ijen Mohammad Mutaqien nang belambangan.com.

 


   Pungkasan ana pentas ring amphiteater hang ana ring ndhuwure Cafe Java Banana iku ulan Desember 2019. 
   Masiya ring njerone mangsa PPKM, uwong magih bisa teka merana taping kudu janjian sulung, merga jumlahe diwatesi mung 25 persen teka kapasitas biyasahe.
"Saiki tambah enak, wong hang ngelencer merene diwatesi lan saben rombongan cilik diateraken pemandhu wisata dhewek. Dadi pengunjung bisa ngarti kabeh filosofi hang ana ring panggonan-panggonan lan patung-patung hang ana ring kene," jare pak Mutaqien nganggo basa Indonesia, mergane iyane wong Probolinggo. Hang nduwe panggonan, Pak Sigit Pramono, nduwe pisan resort Jiwa Jawa Bromo ring Probolinggo. Aju pak Mutaqien iki dikongkon nyekel hang ana ring Tamansari.
   Dadi sakat PPKM dienggo aturan, Taman Gandrung Terakota nggawe paket kanggo pengunjung, saben wong mbayar 100ewu, kelebu rega kanggo madhang bedhug-bedhug, pemandhu wisata lan liyane. 


"Dadi dudu wisata massal (mass tourism)," jare pak Mutaqien. Merga wisata massal iku kanggone pengelola ya nggawe sara. "Hing kabeh wong dadi ngarti cerita hang ana ring kene, lan kadhang akeh hang hing milu njaga paran-paran hang ana ring kene. Kadhang poto sak enake."
   Patunge terakota iku digawe teka lemah lempung lan dibakar hing sampek 1000 derajat. Dadi kualitase mula sak ngingsore keramik lan dadine rada nderawasi, gampang tugel. Kadhung pengunjung hing ati-ati tepak poto, malah bisa ngerusak patunge iku.
    Kaya arane, Taman Gandrung Terakota hing mung nduwe 359 patung gandrung teka lemah hang disebar ring pirangane panggonan hang ana ring kono. Patung Gandrung iku posisine nduduhaken tepak ngelakoni tahapan-tahapan ring kesenian gandrung yaiku jejer, ngerepen lan seblang subuh. Ana pisan koleksi lukisan hang ana ring galerine kono sekitar 40 lukisan hang kabeh nduduhaken gandrung. Pelukise ana maestro S. Yadi K. sampek nong Windu Pamor. Ring salah sijine pendhapane, ana alat-alate wong tani. Sasate kabeh nduduhaken donyane wong tani lan sawah. Ring sak ubengane panggonan hang werane 4 hektar iki magih akeh panggonan hang digeningaken magih arupa kedhokan digarap ring wong tani lokal. Wong-wong tani ring sak ubengane Jiwa Jawa iki ya digawekaken Baitul Maal wa Tamwil (BMT) ambi Pak Sigit kanggo mbantu wong tani makene hing kejiret ring bank arian (bank thithil).
   Merga diyakini gok gandrung iku setemene asale mencala teka Dewi Sri, yaiku dewine pari, ana reliep hang ana ring pareke dalan melebu hang nggambaraken teka Dewi Sri hang arupa ukiran nong tembok, aju melencat teka temboke metu dadi gandrung.

 


   Sak liyane paran-paran hang mambu gandrung, Taman Gandrung Terakota iki ya didadekaken museum jajang. Ana 48 jenis jajang hang ditekakaken sak donya, malah ana hang teka Amerika Latin. Merga paran? Jajang iki wis diweruhi minangka wit-witan hang diperlokaken wong tani merga nyimpen banyu hang gedhi gunane kanggo wong tani. Ana jajang hang erose dawa, ana hang kuning lan ana erine, ana hang melegak-meliguk erose.
   Mengarepe, Taman Gandrung Terakota arep ngejak pelukis-pelukis lokal hang bisa ngelukis pengunjung.
"Dadi pengunjung girang, pelukise ya ulih pemasukan," jare Pak Mutaqien.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf