Gandrung Tongkosan Normaltah New Normal?
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 11 Juni 2020 11:18 WIB)
- Opini
Wis jangkep rong ulan mangsa PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar) dilakoni masarakat. Sakat anane pageblug Covid-19 ring kawitan ulan April masarakat Banyuwangi ngelakoni PSBB sampek ulan Juni 2020 iki. Sakmono suwene masyarakat milu nyang aturane pemerintah sing ulih menyang-menyang lan sing ulih kumpul-kumpul kanggo nyegah penyebarane virus Korona iku.
Sampek Ulan Pasa lan ulan Syawal masyarakat magih ngelakoni kegiyatan ring ulan Puwasa kayata solat terawih, maderusan, lan nyekar ring makam nganggo standar protokol pencegahan penyebaran covid-19. Akeh langgar hang sing bukak lan milih ngelakoni sembayang terawih ana ring umah bain. Naming ana uga masjid hang magih ngelakoni terawih lan tadarus naming mung nerima warga masyarakat sakkelimpekan masjid bain. Ana uga masjid hang nganggo semprotan sak awak hang wujude kaya kothakan isine semprotan sanitizer, lan ngukur suhune jamaah masjid sakdurunge melebu masjid.
Ring Ulan Juni iki mangsa PSBB diganti ambi mangsa New Normal yaiku mangsa masyarakat bisa urip kaya normal biyasahe naming nganggo protokol kesehatan covid-19. Umpamane pasar bisa bukak maning, naming hang dodol lan hang tuku kudu nganggo masker, wesuh nganggo sabun uga njaga jarak kadhung ana ring njero pasar. Hotel lan panggonan ngelencer ya wis ulih dibukak naming kudu nganggo protokol kesehatan hang kaya diatur ring pemerintah umpamane ana wastafel hang keneng dienggo wisuh lan ana sabun antiseptike ring panggonan melebu lan panggonan arep metu. Sing lali uga kudu diukur suhu awake nganggo thermo gun (pengukur suhu tubuh). Pegawe lan pengunjuge wajib nganggo tongkos (masker.)
Sing beda ambi masarakat liya sambatane para seniman hang ana ring Banyuwangi uga sing kalah anter. Saklawase ana mangsa PSBB para seniman sing bisa duwe kegiyatan kesenian lan sing bisa duwe penghasilan. Merga panggonane manggung sing ulih dibukak kanggo nyegah penyebaran virus corona iki.
Sambatane para seniman iki nyatane ditanggapi ambi Dewan Kesenian Blambangan lan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi hang wis nganakaken rembug makene kesenian bisa manggung maning kaya hang wis diuwot ana ring belambangan.com, dina Senin 08 Juni 2020 kepungkur.
Gage njingkat Taufik Hidayat hang dadi ketua DKB ngumpulaken seniman lan sanggar-sanggar kanggo nyatakaken kadhung kesenian bisa manggung maning naming kudu nganggo protokol kesehatan Covid-19. Umpamane wajib nganggo masker, jaga jarak, hand sanitizer, lan wisuh nganggo sabun antiseptik. Kelendi maning tinimbang meneng bain sing ana pengasilan, arep mangan paran? Gediku kira-kira pikirane para seniman Banyuwangi hang ana ring kana.
Mesthi bain hang dadi perkara yaiku penarine hang kudu nganggo masker pisan. Kamangka wis nyebar video ring Internet lan media sosial anane gandrung hang nganggo tongkos lan nganggo topong (face shield). Video Jejer Gandrung tongkosan lan topongan hang dianakaken ring desa-desa tanggap darurat iki ulih tanggapan miring ring medsos. Sing sithik hang mencep lan alok-alok dhung gandrunge iku sing cocog merga sing bisa mesem lan sing katon raine ayutah using.
Ring medsos kayatah Facebook lan Status WA sing sithik hang ngomong kadhung gandrung hang nganggo topong katone aneh kaya alien (mahluk angkasa luar), eseme sing katon lan raine gandrunge ilang mung katon kethap-kethipe mata bain.
Untunge bain ring rembugan hang digagas ambi DKB lan Disbudpar Banyuwangi iki bisa nggoleti dalan tengahe. Maskere digawe kudu model scuba (model hang tongkosane cilik lan ngepres nyang bacot dadine aran rupa magih bisa dikatokaken). Kelire tongkos uga bisa nganggo kelir hang dipadhakaken utawa diepasaken ambi penganggo penarine. Umpamane sampur lan tapihe abang bisa bain tongkose abang. Bisa uga kelir hang sakrupa ambi kelire kulit.
Kelendi ngatasi mangsa New Normal hang wis mangkat sakat tanggal 04 Juni 2020 para seniman Banyuwangi kabeh hang biyasahe manggung ring acara-acara kerameyan kudu ngarteni protokol kesehatan pencegahan penyebaran Covid-19 iki.
Sakteruse maning hang sing kalah pentinge yaiku bab idine penata tari. Penata tari hang tariyane arep dipentasaken kudu dijaluki lega lilane merga penganggone ana hang uwah sithik. Umpamane penata tarine sing ngidini tariyane dienggoni tongkos lan topong ya kudu bisa nerima. Sanggar utawa penari bisa milih tarian hang wis nguweni idin bain hang dipilih.
Mula iku Taufik Hidayat hang uga pensiunan dokter iki arep nggawe idin tertulis nyang para penata tari hang tariyane digawa ring pementasan. Sing luput uga Sumitro Hadi hang nduwe tari Jejer Jaran Dhawuk hang sabane dipentasaken ana ring Wijenan nganggo tongkos kelir ijo lan topong hang ningguli omproge.
Hang pungkasan Ketua DKB iki arep nggawe surat edaran nyang sanggar-sanggar bab pelanggeran mentas lan manggung kesenian ring mangsa New Normal iki. Lan kudu ditegesi maning kadhung tongkos iku dudu kostum tari naming protokol kesehatan ring mangsa New Normal. Kadhung wis normal hang sakbenere normal mesti ya bakal balik nyang kostum gandrung hang mula. Muga-muga gelis normal maning.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf