Gandrung Wika, Buyute Mbah Semi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 10 Juni 2025 07:53 WIB)
- Tokoh
Gandrung Wika
Buyute Gandrung Semi
Akeh hang kuwatir kadhung lelakone Gandrung Terob wis emeh pungkas. Rasa kuwatir iku merga sara golet lare nom-noman hang bisa lan gelem nerusaken lelaku kesenian kuna aseli Banyuwangi iku. Naming, rasa kuwatir iku kaya-kaya magih bisa diselehaken sulung, merga nyatane magih ana lalare nom-noman jaman milenial iki hang wani lan tatag munggah genjot dadi Gandrung Terob.
Ring cathetane penulis, malah ana Gandrung enom hang saiki iki magih nerusaken kuliyah ring Unesa Surabaya. Gandrung enom iku aran jangkepe Lusi Sari Hermawati, hang wis kejuluk nganggo aran Gandrung Lusi. Umahe nong Desa Tamansari, Kecamatan Licin. Bapake arane Syaifurrohmat aliyas ‘Ipul Kendhang’, panjak kendhang hang saiki wis ngedegaken grup jaranan ‘Turonggo Sakti’.
Kaya hang ketulis ring Buku ‘Isun Gandrung’, gandrung hang lulus SMK Negeri 1 Banyuwangi Taun 2018 iki sing mung sak derma bisa njuged gandrung kaya umume lalare anggota sanggar tari, naming wis ‘nyebur’ temenan nang kulahe kesenian teradhisional dadi Gandrung Terob hang saktemene. Gandrung ‘kinyis-kinyis’ iku malah wis tau ngerasakaken kelendi abote gudha lan sanggane dadi penari Gandrung Terob.
Hang paling pungkasan, penulis kecaruk maning ambi Gandrung enom, hang aran Gandrung Wika. Gandrung hang duwe aran lengkap Wika Yusrida Merzy Lindya iki mangkat nggandrung sak marine lulus teka SMK PGRI 1 Giri taun 2015. Gandrung Wika ngaku hang ngajari iyane nggandrung yaiku Bibike dhewek, Gandrung Wiwik lan ruwahe Bapake, Sutadi.
Rong taun suwene nggandrung, Gandrung buyute Mbah Gandrung Semi iki wis tau kundangan main sampek nong dhaerah Jember, Panarukan, lan pirangane dhaerah nong Kalimantan. “Dadi gandrung iku mula abot sangga lan gudhane. Naming ya wis kelendi maning. Yong arane kudu bisa ngibur penonton. Pengalaman hang paling nggawe ati bangkel, kala ngadhepi pemaju hang rada sing tepak. Paran maning ambi setengah mabuk. Byek, kaya kelendi ika rasane ati,” ujare.
Gandrung Wika hang umahe nong Lingkungan Cungking, Kelurahan Mojopanggung iki Buyute Gandrung Semi, Gandrung wadon kawitan hang ana ring Banyuwangi. Miturut silsilah keluwarga, Mbah Semi hang nikah ambi Sutomo iki duwe anak akehe 14, wadon 6 lan lanang 8. Salah siji anak lanange hang aran Djoemhar, duwe anak akehe 9, wadon 1 lan lanang 8. Lan siji-sijine anak wadone Djoemhar iki yaiku Gandrung Wiwik hang saiki manggon nong Desa Gambiran. Kakang landhese Gandrung Wiwik hang aran Sutadi, duwe anak ya Gandrung Wika iki, hang wis nggandrung rong taun lawase.
Eman-eman, sing keneng dieman. Serta wis dirabi ambi uwong teka Medura, Gandrung Wika wis sing diulihi maning nggandrung. Alihe, iyane magih dhemen lan magih karep nggandrung. “Ya wis kelendi maning. Wis sing ulih nggandrung ambi lakinisun. Kadhung ati sih magih karep,” jare Gandrung Wika hang pirangane ulan kepungkur kala ana acara ‘Ritual Mbah Semi’ hang dianakaken ambi masarakat Lingkungan Cungking, ambi Bibike - Gandrung Wiwik - magih njuged maning.
(eko budi setianto)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Eko Budi Setianto
Editor: Hani Z. Noor