Gavillas, Musik Banyuwangi Modheren (Bagiyan 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Maret 2025 06:19 WIB)
- Opini



GAVILLAS - MUSIK BANYUWANGI MODHEREN
Dianggit ring Elvin Hendratha

Sak mareke peristiwa politik taun 1965, kahanan kesenian ring Banyuwangi merujuk subur. Sakliyane grup kesenian lokal hang mulai melebu pawon rekaman, keseniyan-keseniyan modheren yang hing kalah akehe, merujuk kaya suket ring galengan. Macem-macem grup kesenian kayata OM Gurindam, OM Kemala, OM Tawangalun, OM Blambangan Group, OM Pengabdian, mangkat melebu setudhiyo rekaman.
   Suwi-suwi saya akeh band modheren ring Banyuwangi hang ngerekam lagu-lagu nganggo basa dhaerah Using lan uga basa Indonesia. Salah sijine grup musik modheren iku (OM) Gavillas (Group) asal Kalibaru. Panggonane Gavillas Group ana ring Kalibaru, wilayah hang ana ring tepis wiring ambi Kabupaten Jember. Merga iku hing maido kadhung anggota pemusik Gavillas Group ana hang teka Jember.
Kalibaru minangka wilayah setemene rada adoh teka Ria Record Banyuwangi, malah ahire nduwe  label Studio Rekaman dhewek. Perusahaan rekaman Surabaya hang mbukak cabang ring Kalibaru, Indra Record cabang Kalibaru.
    Indra Record uga nganggo label “Mustika Stereo” ring njero samak kaset rekamane. Liwat produksi Indra Record iki aju Gavillas ngerekam karyane.
Mayo mbeliyaki album No Title, album bareng antarane OM Pancaran Muda lan OM Gavillas. Album iki ngerekam lagu-lagu nganggo lirik basa Indonesia kelawan irama Melayu. Ring bagian (side) A, Pancaran Muda ngerekam sangang lagu. Artis nasional Mus Mulyadi hang nggawakaken limang lagu dene Yuliatin, penyanyi lokal Banyuwangi, salah siji vokalise Gavillas, nggawakaken petang lagu. Ring bagian B, grup band hang dipimpin Armand Ogie iki nggawakaken 10 lagune OM Gavillas hang dinyanyekaken ring Yuliatin, Ayub, Ndindy Supardi, Eli Rahayu, A. Bakar, lan Chusnul.
   Album No Title, minangka artefact hang nyeritakaken gok Gavillas tau ngambah musik Melayu. Label OM (Orkes Melayu) ring samake lan nuansa musike, hing ditemokaken ring album-album Gavillas liyane. Sak liyane album no title, Gavillas mencala dadi GAVILLAS GROUP, kelawan nambahi ucap Group lan ngilangaken OM non ngarepe. Album No Title iki uga mbuktekaken gok Gavillas wis dadi pusat perhatian nasional.
   Format album Gavillas Group liyane nggawakaken gendhing-gendhing Banyuwangi nganggo lirik basa Using, setemene lagu cover version hang tau digawakaken ring vokalis liyane nganggo musik pengiring angklung liya. Naming album “Top Hits Blambangan Vol I” rada husus merga Gavillas Group nggawa lagu-lagu Banyuwangi hang lirik lagune wis dialih basa dadi bahasa Indonesia. Endane tah iki merga kompromi ambi Indra Record utawa mual Gavillas hang gerayangan nggolet pasar nasional?

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Elvin Hendratha

Editor: Antariksawan Jusuf