Gavillas, Musik Banyuwangi Modheren (Bagiyan 2, pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 21 Maret 2025 07:58 WIB)
- Opini



Gavillas: Musik Banyuwangi Modheren (Bagiyan 2, pungkas)

Kadhung ngomongaken kualitas, nawi Gavillas lebih nduweni nilai komersial timbang grup musik liyane jaman semono. Gavillas Group uga patheng golet jaringan nang dhaerah njaba. Buktine tepak rong personile direkrut ambi Oma Irama kanggo nggabung ambi SONETA yaiku Choviv (drum hang ring mburian nyekel Kendang) lan Popong alias Pongky (bass gitar).
Ceritane kelendi wong Gavillas bisa dijuwut ambi Soneta group hang wis kesuwur tingkat nasional iki ya nggawe kaju. Tepak iku Oma magih freelance, kerep nganakaken konser ring Jawa Timur ambi Orkes Melayu Permata. Aju kenalan taun 1972, antarane Armand Ogie lan Popong, ambi Oma Irama ring Hotel Jagalan jam 9 (Sembilan) isuk ndadekaken tunggak sejarah kanggone personil Gavillas.
Ring taun 1976 Soneta Group wis nduwe personil tetap, munggah genjot ring Jombang. Tepak iku ana bengkerengan antarane Oma Irama ambi Herman lan Kadir hang njaluk mulih nyang Jakarta. Oma enget personil Gavillas, aju njaluk marinir hang dadi pengawale nggoleti Popong. Marek kecaruk ring hotel, Popong setuju gabung dadi pemusik bass Soneta Group. Aju kari pemain kendhange. Oma ya buru enget ambi Choviv tepak diduduhi potreke ambi Popong hang aju mapag wonge nong Jember.
Kira-kira jam setengah telu isuk, tekane Popong rada ngagetaken Choviv. “Lho Koen toh? Ana apa iki?”  “Koen gelem ra, dijak main Oma Irama ning Soneta?” “Oh bohong koen iki?” “Tenan!” Tepak  Popong ngetokaken picis kontrak teka Oma Irama, Choviv buru percaya. Aju keloron mangkat gabung ambi Soneta Group ngambahi donya musik nasional kelawan panggonan pidekan pondhasi Gavillas Group.
Sak liyane iku, jare vokalis cilik dhongkol Gavillas hang aran Daniel Amrulloh, hang tau dadi vokalis cabutan Gavillas, aran Gavillas mula wis kawentar sak Banyuwangi. Hing maido akeh lalare hang nduwe kemampuan vokal gelem milu gabung. Kelebu kanca sak angkatane yaiku Yuli Astutik, adhike Yuliatin. Jare iyane, akeh artis lokal freelance jaman semono. Kadhung Gavillas main ring parek umahe, buru Daniel milu gabung. Kudu dimengerteni, jaman semono transportasi hing gampang.
Band hang ngadeg sakat 1968 sampek 1977 iki saiki wis hing ana maning. Taping Gavillas wis asil kelawan nyathetaken arane ring lembaran sejarah musik ring Banyuwangi. Liwat Yuliatin, Choviv lan Popong, Gavillas wis sukses mbuktekaken gok kemampuan personile mampu nyumbang jangkah ring donya musik nasional.

Elvin Hendratha

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Elvin Hendratha

Editor: Satria Pujangga