Gedhang Sabun
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 29 Mei 2025 07:19 WIB)
- Opini
GEDHANG SABUN
Salah siji oleh-oleh teka Banyuwangi hang kesuwur yaiku gedhang sabun utawa hang disebut Sale.
Ujare cerita, Sale setemene teka arane wong yaiku Saleh. Tepak jamane Indonesia durung merdheka, Banyuwangi wis ekspor gedhang nang Ostrali teka pelabuhan Boom. Mangkane Banyuwangi tau duwe aran julukan: Kota Pisang.
Ring gudang Boom, akeh hang arane gedhang rusak, senthokan ambi peti kayu lan liyane. Gedhang hang gedigi dipilihi, didhewekaken polae hing bisa diekspor.
Aju ana wong kampung Arab hang aran Wak Saleh hang mikir gedhang ndalu digi bisa disimpen lebih suwi kelawan dipepe. Serta wis dadi gedhang sabun, ambi Wak Saleh diedol. Gedhang paran? Yee iku gedhange Saleh. Gedhang saleh. Suwi-suwi kari mung "sale".
Gedhang paran bain kadhung lebih-lebih, sing kepangan, sing keolah dadi dhanggoreng utawa sumping utawa liyane, ahire mesthi kedalon, kulite saya alum nyemeng-nyemengaken, njerone nyunyut, ambune kecut, arane gedhang bosok!
Adate, sedurunge bosok, gedhang hang gedigu iku, pilihan terahire dipepe dienggo sale; disigari sulung makene sing kari kandel, makene gelis garing. Disigarana gedigu sing kira garing sedina rong dina, masiya panase anter.
Hang nyeja nggawe sale ya sing kathik nganteni ndalu gedhange - hang paling enak jare teka gedhang ambon - pokok mateng dikelombeti aju dipepe; mepene paling apik ditataki ebeg. Lebih cepet garinge. Nawi kerana ebeg iku bolong-bolong, temune teka ngingsor ulih hawa. Seliya iku bahane hang teka jajang kayane nyesep nong gedhange.
Serta garing memei elek rupane. Wis kisut, gering, cemeng ndelumeng! Ting, ambekana elek rupane, masaalah rasane. Sapa hang sing doyan sale? Masiya sekali nyelendep nong untu hang kerowok rasane cekot-cekot, sing kapok. Njumput maning!
Manis! Kejaba salah mepene, kurang ulih sentore serngenge. Wis gedigu keneng udan. Nana. Paca dadi dulure werak. Kecut!
Sale, manise ya wernane alan-alane kurma. Sing aneh diarani kurma jawa. Anehe, jare wong Using arane: Gedhang Sabun! Aneh yara? Seru anehe! Ulih endi sabune, acake? Umume yara sale, utawa sele.
Apuwa diarani gedhang sabun?
Yara itu. Jawabane, isun buru ketemu durung kari suwi iki. Kayane iki hang bener, ngalahi ceritane dulur Boyolangu hang tau hun takoni. Persine iyane, jare kerana nggawene padha ambi wong nggawe sabun. Jaman bengen, buru-buru ana sabun, gok gawe jare leren dipepeni kaya iku, dietap nong panasan, makene garing dadi atos sabune. Gara-gara padha adat mepene iku. Mepe gedhang anggepane mepe sabun, suwi-suwi kejuluk Gedhang Sabun.
Sing bisa mbantah, polae sing tau rungu keterangan liyane, ya iku hang taun-taunan hun ugemi. Sampek buru-buru iki serta merdhayoh nong Glagah, suguhane tepak gedhang sabun. Aperuwa, uwak hang duwe umah hun takoni. Sapa weruh ceritane beda?
Emak! Temenan. Hing percuma ulihe isun sanja. Iki buru, masuk nong akal.
Diarani sabun iku, kerana waktu dipepe gedhange iku ngembes metu banyune, meruntus putih-putih, memper rupane ambi wuruhe sabun! Disawang-sawang, dadiya sing rata wuruhe, gedhang-gedhang iku ketemu kaya mari disabun. Yaiku sebabe, asal-muasale, apuwa seperene diarani gedhang sabun. Sale utawa Sele aliyas Gedhang Sabun iku dicelepaken adonan gelepung, digoreng, dientas aju dilebokaken cangkem. Embegh! Eca, Wak! Rasane renyah manis gurih arum. Sing kira terima mangan mung siji. Sepiring masa suwi. Arane ya... Dhanggoreng Sabun!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Iskak Basuki
Editor: Hani Z. Noor