Anggitane: Iskak Basuki
(Minggu, 16 Agustus 2020 07:25 WIB)
Gedhangdhut
Dalane wong urip iku beda-beda, dhewek-dhewek. Naming ya ana padhane. Padhane, padha-padha ngerasakaken seneng lan sara, manis lan pait. Kadhangane tayongan liwat dalan alus rata lan kenceng, liya dina nemoni dalan geronjalan watu-watuan, wis gedigu linggak-lingguk munggah mudhun. Tau ngerasakaken ketiban ulan, ya tau rasane tiba, cicir temeblug teka andha, tau cilaka. Wong urip mesthi ngelakoni 'long and winding road', jare gendhingane wong kulon adoh kana.
Jelase maning tau liwat dalanan, lurung, hang padha. Embuh melaku sikil embuh nunggang kendharaan, wong urip mesthi wira-wiri liwat dalan. Ngukuri dalan, artine bisa kerana sing ana digawe, melaku-melaku hang sing ana perlune. Bisa uga penggaweyane mula nong lurung. Supir, contone. Montore taker ana hang ditulisi 'Uler Aspal'.
Isun kelebu hang 'uripe sakdalan-dalan', jare nyanyiane kendhang kempul, nyetir taping dudu supir. Kabeh dalan, gedhi cilik, taker hang nyelempit, sak Banyuwangi, sasate tau hun liwati. Ana hang dadi 'jalan kenangan' merga tau ana paran-paran nong kono, embuh nyenengaken embuh mbangkelaken nong ati.
Contone, saben liwat perumahan Klatak ring kulone yara ana dalan sepur. Sing ana pangklange, sing ana hang njaga, lagotane jare sulungan dalane sepur ambi dalane montor. Wis ping pira-pira ana kedadeyan kecelakaan nong kono. Mauka, nepaki dalan uripe njungkel, apes.
Taping iku isun mung rungu ceritane bain. Hang hun weruhi dhewek kedadeyan ring sakwetane sepuran iku. Saben metu kono, embuh teka wetan arep ngulon nyang California, aran guyonane Kalipuro, utawa teka kulon ngetan. Isun mesthi enget, mesthi nulih ngalor nang papane kecelakakaan, iku, ambi mesem dhewek. Kadhang ya gemuyu kepingkel tepak liwat ambi kanca hang milu nulungi megawe wektu iku. Lakone wong urip, ana bain yak.
Iki ceritane tukang ukur tanah. Kayane buru iki, masiya cendhek, ceritane 'propesi' iki. Kadhung ceritane guru, dokter lan liya-liyane wis pirang-pirang, wis gelis kerungune.
Kaya biyasahe, dina iku isun ngukur nang pirang panggonan. Ngarepaken lohor lokasine ring Klatak kene, umah elore lurung, latare rada wera, mburine ya wera, akeh uwite gedhang. Marek ring kono, rencanane aju ngukur nyang Pesucen.
Sing kakehan perkenca, gadug aju mangkat tandang ngukur, ambi ditulungi kang Slamet, hang duwe umah. Ngukur, narik meteran iku kudu kenceng, sing ulih melengkot utawa kendhor. Tepak narik nong buritan ana alangan gedhang-gedhangan, uwite nggerombol gedhi-gedhi. Meteran sing bisa kenceng, ngantem wit gedhang hang paling gedhi.
"Hulung, Pak. Nak Hun tegor hulung gedhange. Wis marek diundhuh belaka gedhange", abane kang Amet. Iyane melebu njuwut budhing nyang pawone. Ya sukake wis. Setemene isun magih mikir, golet cara liya.
Blag! Blog! Blag! Blog! Blag! Blog!
Abane kang Amet mbacuki bonggole gedebog. Bedhug panas anter. Awaké kemeringet. Uwite dhasare gedhi dhuwur, rasane paling gedhi hang tau hun weruhi. Munggane menungsa padhane buta, gedhi dhuwur lan gendhut iki. Pucuke temungkul mojok ngidul, uwohe nana mari dijuwut. Ndeleng uwite, pantese dawa curungane. Tau rungu wong ngomong, jare sing ulih negor gedhang gedigi iki, sing mesisan dirubuhaken. Ilok-ilok. Ya buru saiki iki dipindhoni negor, merga ana wong ngukur.
Blag! Blog! Blag! Blog!
Bonggole gedhang katon rada mbongak, kang Amet mandheg mbacuke. Pikire paling wis cukup. Budhinge dideleh nong lemah, uwite gedhang ditarik tangan loro, diembat-embat. Rubuh, rubuha, umik bain mung sithik. Magih jaya, magih ngadeg jejeg. Ceret, abane Kang Amet gemeremeng. Marek nggulapi raine, budhinge diantemaken maning pirang bacukan. Abete wis cukup, wit gedhang dipeluk maning tangan loro, ditarik, diongkrag-ongkrag maning. Kancanisun marek, nulungi mbatek pucuke. Kerana dhuwur ambi njinjit, ambi ngabani makene bareng narike.
"Ji...! Ro...! Tarik...!!!
Gedebugg!!!
Ya, Allah! Langsung gemeblug rubuh nang lemah, langsung nindhihi kang Amet! Iyane sing kober ales. Awake njekathang sing obah, katon cilik nong ngisore gedebog iku. Matané merem. Emak! Semaput!
"Kaaang....!! Kang Ameeet....!! Apuwa Rika..!!"
Rabine metu teka pawon melung-melung sing karuwan serta weruh lakine mathang-mathang ditibani uwite gedhang. Emake metu-metu aju milu-milu tetangisan geruh-geruh.
"Diwarah! Diwarah aja manggon ring kene yak....! Kok....! Percaya Sira? Ayo mulih ngulon bain wis, mulih ngulon bain wis."
Ngulon nang endi tah maksude, usike atinisun ambi nyacak ngangkat gedebog gendhut iku. Alak! Sing mempan. Tanggane gupuh, kepelayon mara nulungi njunjung. Huuk! Abot! Yong semono gedhine. Aja mati bain wong iki. Kadhung mati sing indaluwih? Yara dadi urusan gedhi? Serta keneng diingser, ketelon aju nggotong kang Amet, melebu nyang kamare. Takal-takalan. Ketanga lawang pawon lan kamare ciut-ciut.
Mbegh! Kelendi iki? Dina paran sih iki? Penggaweyan mandheg, nong njero umah wong nangis sing mandheg-mandheg. Aja-aja...! Ayo wis pindhah ngukur liyane bain. Isun agage pamit ambi tanggane, hun warah liya dina merene maning.
Selameta bain kang Amet. Nong ndalan sedhela-sedhela kudu gemuyu, sedhela-sedhela celakep mingkem sing bisa gemuyu. Ati ndheridhig, wedi nawi bablas mati. Cumpu tepak merana maning ana bendhera ijo tulisan 'innalillahi....'
Selamet, selamet. Selameta rika kang Selamet, kaya arane, selamet. Liya dina bangete teka merono sing katon bendhera digonan. Apa nyeja sing dipasang tah? Teka lurung katon cumpleng. Lawange kancingan rapet. Embuh nong alam endi endane kang Amet iki? Gadug mburi, pawone ya diinep. Emak! Kerungu suwarane hang wadon thok nong njero, sakat buru teka sampek mari nutugaken ngukur, cangkeme sing meneng-meneng, sing leren-leren.....eh, karaokean, dhangdhutan.
Jeh! Wurung mulih ngulon, mbok?
(Bwi, 0720.01.ib)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)