GeNose Minangka Pendobrak Ekonomi
S. Hadiyanto (dipublikasikan pada Jumat, 02 April 2021 06:43 WIB)
- Opini
Ring mangsa pageblug dawa iki, mberejage penggerak ekonomi sektor pariwisata, perdagangan, industri lan merujuke sektor wira usaha dianteni saklekas-lekase.
Urusan kebutuhan urip hususe wetenge wong-wong hang wis keneng PHK wis sesehan seru lan pengarepane anggone kahanan hang lebih apik wis hing keneng dipenggak maning.
Alternatip kanggone golet dalan padhang iku bisa bain nganggo alat hang diciptakaken ambi bangsane dhewek yaiku GeNose hang digawe ambi wong-wong Universitas Gajah Mada (UGM). GeNose iki penting merga regane murah (kira-kira mung 60 juta).
Kelendi alat iki bisa nulung melakune ekonomi hang kesandhet? Masiya ana pageblug, cara komunikasi menungsa diwatesi kelawan nganggo cara virtual, taping ana pola komunikasi hang bisa hing bisa kudu kecaruk adhep-adhepan, utamane ring donya bisnis lan pendidikan.
Nah, merga kecaruke wong iki potensi penularan bisa dicegah. GeNose wis dienggo minangka alat tes penyokong perjalanan nganggo sepur. Muga-muga bisa diterusaken ring calon penumpang montor miber makene ekonomi bangsa iki bisa jenggirat maning.
Seperene akeh pemimpin perusahaan senior hang ngewatesi kecaruk adhep-adhepan ambi kanca bisnise, malah ambi ngingsorane pisan merga wedine ambi pageblug iki, merga wedi ketularan. Kelebu uga wong-wong kanca bisnis teka njero negara dhewek lan teka negara manca. Kabeh merga wedi ketularan.
Kadhung gedigu terus, tambah suwi ekonomi negara iki tambah sesehan. Kadhung GeNose Covid 19 iki bisa titis nengeri penyakit kelawan cepet, akurat lan murah, mesthine bisa dimanpaataken kanggo nyokong nggelindhinge ekonomi.
Hang bisa dilakoni pemerintah, mesthine gancang ngetokaken aturan:
1) Nggawe "Forum Steril GeNose" artine kecarukan kanggo bisnis/promo/pameran/resto/hotel/hajatan diwani idin kadhung salah siji SOPne yaiku nganggo Genose ring lawang melebune.
2) Kudu ngejak kabeh pihak hang ana hubungane lungguh bareng kanggo mujudaken iki kabeh (Kadin, Asita, PHRI, asosiasi-asosiasi, sektor medis lan aja lali Tim Genose dhewek) utamane tepak nggawe aturan.
3) Kudu nggolet cara kelendi carane alat Genose iki bisa gampang dipindhahaken lan hing nganggu cara fungsine.
4) Pemerintah, sakliyane ngetokaken aturan, ya mbantu dana perusahaan kanggo tuku alate.
5) Perusahaan gedhi kaya hotel bintang bisa tuku dhewek alat iki lan ongkos tes-e hang murah (15-20 ewu saben tes saben wong) bisa dilebokaken ring bon-e tagihan nyang tamune.
Lan cara iku bisa ditiru kanggo kahanan liyane.
Isun yakin kadhung cara iki dienggo bisa nulari manpaate, utamane loro yaiku: nyegah penularan lan mbantu ekonomi negara iki melaku jejeg maning.
Sakliyane iku, saiki iki wayahe ngeregani barang gawenan bangsa dhewek, hing mung ngandhelaken barang gawenan negara manca merga pejabate mbelani ulih komisi. Mayo melaku bareng njejegaken ekonomi bangsa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ide penulis
Editor: Hani Z. Noor