Geremengan: Ya Embuh

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 24 Agustus 2022 08:56 WIB)
- Opini



Ya embuh. Minangka wong bongol hang wis ngalami urip sedawane pemerintahan enem presiden, isun mung bisa nggeremeng ndeleng kahanan saiki. Paling hun rasakaken rega-rega munggah sak karepe dhewek. Dudu rega bengsin hang masiya magih dikontrol pemerintah taping ana munggah mudhune. Hang dadi masalah bengsin iki ana tah singe ring pom bengsin? Ya embuh.
   Hang nggarahi wong metek dhadha saiki iku bahan kebutuhan liya kanggo urip saben dinane kaya lenga, beras lan endhog.
   Bengen barang kebutuhan iki munggahe bisa dititeni mung kadhung ngarepaken lebaran. Bisa dingerteni merga permintaan dhuwur regane munggah. Taping marek lebaran, regane mbalik normal maning. Paling using mudhun sithik. Iku mau ana wektune.
  Beras hang digunem wong tani iku regane larang, taping rega ring wong tani arupa gabah sing munggah. Emes kadhung dibutuhaken sing ana. Endi kadhang akeh beras impor wayahe wong tani panen.
   Geremengan wong cilik, nong endi hal-hal "yang menyangkut hajat hidup orang banyak dikuasai oleh negara"? Ya embuh.
   Saiki jamane kabeh kadhung bisa diserahaken nyang swasta. Sawetara swasta iki tujuwan utamane mung golet untung sak akeh-akehe. Hing ana pikiran arep mbela rakyat lan mbela kepentingan negara. Pokoke untunge hang lebih gedhi iku hang dilakoni.
   Kaya urusan lenga. Merga kabeh diserahaken swasta, teka bongkot sampek pucit, lan kayane negara hing bisa ngatur para swasta hang umek ring urusan lenga iki, swasta bisa sakenake nggawe rega dhewek. Merga sakat teka kebonan sawit, pabrik lenga lan distribusi hang ngurusi wong-wonge iku bain. Ale ring kalangan petani hang nandur sawit rega seru murahe. Sampek ana hang ngomong, "'harga kelapa sawit 3.800 rupiah. Kelapa 3.000, sawit 800." Ya embuh.
   Swasta hang arepe ngunggahaken gampang bain. Lenga ilang ring pasar. Waktune wong butuh, rega pira bain dituku. Wong sampek ngantri tuku lenga. Rega hang biyasahe sak liter 15 ewu munggah dadi 25-30 ewu.
Aju ana wong ndhuwur (menteri maning jabatane) hang ngomong: enakan endi murah tapi barange hing ana tah larang tapi barange ana? Mula njaluk diwejek wong hang gedigu iku, mesthine rakyat hang sing bisa paran-paran iki dibela yong iyane digaji nganggo picise rakyat. Embuh kadhung gajine kalah gedhi ambi amplop teka pengusaha hang ulih bathi tikel loro ping rakyat hang tuku lenga. Kari ngitung bain. Aju hing tambah lunyu lambene pejabate? Ya embuh.
   Rega lenga durung mudhun kaya biyasahe, saiki rakyat ngadhepi rega endhog hang miber. Pirangane ulan kepungkur, 16-19 ewu, aju munggah marek lebaran 27-29 ewu. Saiki malah munggah maning 33-35 ewu, aju hing balak iki arane? Ya embuh.
   Polae ya padha. Swasta hang produksi pakane pitik, nyedhiyani anake pitik, sampek produksi pitik horen lan pitik petelur ya iku-iku bain.
   Setemene ya hing paran-paran swasta milu nyekel barang kebutuhane rakyat. Taping kudu ana aturan hang nggawe swasta iki aja sakkarepe dhewek. Nawi peraturane wis ana taping pemerintah hing bisa nyegah. Ya embuh.
  Rakyat arep njaluk tulung wakile ya hing melaku. Kelendi enake Ndhuh? Ya embuh.








Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor