Gerengsengan Kulit Melinjo

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 14 November 2020 06:53 WIB)
- Kuliner



Pengeran kadhang ngewani tamba ring barang hang sing disangka-sangka. Kayane mohal taping mula gedigu anane. Umpamane, kadhung tangan mambu duren marek mangan gobod duren, makene ambune ilang, wisuh nong banyu hang diendoh nong kulite duren.
Ana maning asile penelitiyan, urang salah siji panganan hang nggarai munggah kolesterole, naming makene sing nggarai kolesterol, mangan urang malah kudune sak kulite. 
Kanggone wong hang lara asam urat, kudu prei mangan kacang-kacangan kelebu melinjo utawa emping. Naming cumpune, kulite melinjo bisa dienggo obat asam urat hang windhul.
Kelendi carane?

Bahan hang dibutuhaken:
Kulite melinjo dipeleceti, kira-kira seperapat kilo, diumbah sampek rijig. Makene rada lemes, kulit melinjo diekum ring banyu panas sedhilut sampek katon rada alum.

Ragine:
Telung siyung bawang putih
Telung bungkul bawang abang rada gedhi
Telung iji lobok abang
Pitung iji lobok litik abang utawa sak dhemene nyang pedhese
Rong jempolan laos
Rong iji tomat utawa ranti ukuran sedhengan
Uyah lan gula secukupe
Kadhung dhemen bisa pisan nganggo saos tirem utawa terasi
Lenga sak cukupe kanggo nggerengseng
Banyu seperapat gelas

Carane:
Bawang, bawang putih, laos dikenceti, lan ambi lobok abang/jawa, lobok litik, tomat utawa ranti dikumbah sampek rijig.
Laos digejah lan ragi liyane dirajang tipis.
Siyapaken wajan ring kompor aja barak seru urube, kadhung wis panas aju ragine digerengseng. Biyasahe bawang putih sulungan sampek arum, buru ragi liyane dicemplungaken lan digerengseng maning sampek alum.
Kadhung wis saya arum, kulit melinjone hang wis rijig mauka dicemplungaken.
Wanana banyu sithik bain, aju tambahana saos tirem utawa terasi kanggone hang dhemen.
Wolak waliken gerengsengan melinjo sampek mateng.
Hang pungkasan kari nambahi uyah lan gula secukupe, ditiliki kadhung wis cocog rasane aju kompore dipateni. Gerengsengan kulit melinjo wis bisa dienggo sandhingan sega panas.
Windhul temenan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf