Gorengan Unthuk: Enak Diamik-amik Usum Udan

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Maret 2020 09:43 WIB)
- Kuliner



Amik-Amik panganan gorengan wayah usum udan gedigi pancen enak, rika kabeh bisa nggawe dhewek ambi maneka macem pilihane. Naming kadhung aras-arasen, tuku ya wis akeh hang dodol. Mulai teka kojor, hongkong, gedhang goreng, tahu goreng lan liya-liyane. Salah sijine panganan goreng hang bisa diamik-amik mau yaiku "unthuk". Iki laporane Satriya Pujangga, koresponden belambangan.com teka Gitik Rogojampi.

“Unthuk” yaiku pathine tahu hang katut nyang wuruh wayah nggawe tahu. Gilingan gadhel hang wis digodhog sampik panas, aju disaring kanggo misahaken antarane pathi lan ampas. Pathine gadhel mau ditapung ring bak aju dicampur ambi cukak. Pas wayah ngguthek pathi ambi cukak iki,  ana wuruh hang munggah ring bak penampungan. Ring jerone wuruh hang munggah iku mau, katut pathine gadhel. Wuruh iku mau dijuwut aju diwadhahi kukusan utawa irig hang rapet makene pathine sing ceceran. Serta wis tus, aju diperes nganggo saringan kain sampik kari pathine. Pathi iki mau hang diarani unthuk.

 Unthuk iki mau bisa digawe panganan utawa camilan yaiku Gorengan Unthuk. Sakliyane digoreng, unthuk uga bisa dipelas. Naming hang paling anjrah, unthuk iku ngolahe ya digoreng.

Bahan lan ragine:

  1. Unthuk
  2. Bawang abang
  3. Bawang putih
  4. Bawang godhong
  5. Lobok (sak dhemene hang nggawe)
  6. Uyah ambi penyedap rasa

Carane nggawe:

  1. Kawitan, unthuk hang mari ditus aju diperes maning makene banyu lan cukak bener-bener asat. Mari gedigu unthuk digerus sithik-sithik ring cuwek sampik alus makene sing pesar. Kadhung magih pesar, unthuk digoreng bisa ajur.
  2. Ragi, bawang putih, bawang abang, lobok, uyah lan penyedap rasa digerus alus aju diuled nyang unthuk hang mari digerus mau sampik ragine nyampur rata.
  3. Kadhung kabeh ragi wis nyampur rata aju ditambah irisan bawang godhong.
  4. Adonan unthuk mau dikepeli sak karepe hang nggawe, bisa bunder-bunder utawa loncong kaya endhog.
  5. Adonan unthuk digoreng sampik mateng (kulit njaba dadi werna soklat lan atos).

Gorengan Unthuk iku, lebih enak dipangan tepak magih anget. Tambah enak maning, mangane ambi ngelethus lobok ijo. Paran maning usum udan gedigi, adhem-adhem mangan gorengan unthuk anget. Wis tah dijamin kurangen lan kepingin terus. Kadhung rika memengan nyang pasar kuliner Kampung Tahu Gitik, camilan hang paling garus lan digoleti uwong ya gorengan unthuk iki. Wis saiki cacaken ring umah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kuliner Satria

Editor: Antariksawan Jusuf