Gugon Tuhon Kanggo Njejegaken Pelanggeran
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 10 Juli 2026 06:57 WIB)
- Opini
Gugon tuhon masiya sing melebu akal, naming bengen mula dienggo njejegaken pelanggeran ring tata carane panguripan. Akeh Gugon tuhon iki diwedeni, merga wayah semono sing kober mbantah paran maning mikir. Naming kadhung dipikir jeru akibate, mula ana benere.
Kaya gugon tuhon sing terima kanggo lare cilik, naming uga kanggo wong tuwek lan akeh-akehe nana hang mbantah. Alasane mula sing melebu ring akal, naming serta dirasakaken larangan mau ana benere.
Tuladha: Kadhung madhang entekena, pitike makene sing mati. Lare bengen ring kampung-kampung, seru dhemene ambi rawatan pitik. Kadhung pitike mati, sampek ditangisi. Makane wong tuwek bengen, aju medeni pitike mati kadhung mangan sing dientekaken. Iki setemene, karepe wong tuwek kadhung imbuh sega hang dipangan sak cukupe diukur ambi daya wetenge. Aja sampek mangan sing entek aju dibuwang-buwang, merga golet sega iku ya hing gampang. Iki kerana ajaran mau.
Bengi-bengi aja nangis, engko dipangan leak. Kanggo medeni anake makene agage turu, sing cerewet lan nangis kelantur. Merga ngganggu tanggane hang wayah turu.
Wayah samarwulu hing ulih metu umah engko dipangan baong. Iki ya setemene ana benere, makene wayah peteng, lalare wis kudune jenek nong njero umah. Kudu dibayangaken jaman bengen listrik durung ana, wayah peteng wedi anake keneng belahi.
Baong hang dienggo medeni iku sewijine wujud wong hang endhase asu. Jare bengene, ana uwong hang nyacak ilmune nong alas yaiku bisa medhot gulune lan disiluri endhase wong liya. Merga ring njero alas hing ana menungsa liyane, iyane nyilure ambi endhase asu. Cumpu hing bisa balik. Iyane melaku golet-golet endhase ambi mbaung kaya suwarane asu. Mangkane diceluk baong.
Paran maning gugon tuhon hang ana ring desanrika?
(Hansen)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.