Gugon Tuhon, Wong Using Nggolet Tamba (1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Oktober 2022 08:02 WIB)
- Opini
Gugon tuhon kadhung jare kamus Basa Using-Indonesia karangane ruwahe Pak Hasan Ali yaiku suwijine kepercayaan hang hing gathuk ambi nalar utawa akal taping seru digugu ambi masarakat.
Ana uwong hang ngarani gugon tuhon iku kelawan istilah saiki "kearifan lokal". Setemene gugon tuhon ngemu ajaran utawa wekas teka wong-wong tuwek bengen kanggo mbecikaken sipat hang hing bener.
Hang wis biyasah rungu umpamane hing ulih lungguh nong tengah lawang engko hing ulih jodho, hing ulih lungguh ring dhuwur bantal makene sing udunen, sega ring piring kudu dientekaken makene rawatan pitike sing mati.
Ring masarakat Using akeh pisan hang wujude tamba kanggo lara, naming kadhung nganggo ukuran saiki hing masuk akal.
Tuladhane Rambiten nawi saiki dikenal kelawan aran herpes, katon abang meruntus nong weteng rasane gatel taping hing ulih dikukur makene hing saya mberabag. Hang rada mumet golet tambane merga sarate rada aneh yaiku kudu digoletaken dubange randha hang kawin maning ulih lare lancing. Jaman saiki hang nggawe sara merga nggolet wong nginang bain wis arang-arang ana, paran maning ditambahi randha hang kawin ulih lancing.
Kadhung sak engete Mbok Uun Hariyati, salah siji sastrawati Using pengarang buku Kik Lis Bajul, ana pirangane gugon tuhon hang seperono magih akeh dilakoni.
Umpamane kadhung welangketen (kewaregen seru), weteng kang mbedhedheg iku dijuwutaken kedhuk dipeluruti ambi kedhuk mau.
Weteng hang mbedhedheg merga masuk angin lan hing bisa ngentut dijuwutaken godhong simbukan diremet aju dibobokaken ning weteng "Kuwasane Alloh, aju bisa ngentut weteng lega," jare mbok Uun. Hing maido godhong simbukan iki diarani godhong entut, masiya rasane enak dienggo lalapan, taping kadhung diremet ambune kaya entut.
Ana pisan kadhung mimisen bacote metu getih dijuwutaken godhong suruh aju digulung dilebokaken nong bolongane bacot. Suwi-suwi ana penjelasane gok godhong suruh iki antibiotike dhuwur lan bisa dadi obat macem-macem. Kadhung lara mata, bisa waras pisan dirambang nong banyu suruh.
Kadhung anyang-anyangen, dikongkon nggawa watu cemeng utawa jempol sikile ditaleni karet.
Ana maning kepercayaan ring itung-itungan, ganjil dipercaya lebih apik timbang hang genep.
Wong meteng hang bayine lair wolung ulan (genep) dianggep durung cukup umur taping hang lair pitung ulan (ganjil) wis dianggep tuwek.
Akehe lobok nong rujak dipercaya namtoaken pedhes lan singe. Rujak lobok enem kalah pedhes ambi hang lobok lima.
Merga akeh hang hing bisa dijelasaken, jaman bengen akeh hang kaya-kaya penyakit, utamane nang lare-lare, diarani hing adoh teka kejimen lan sawanen.
Naming merga wis majune pikiran wong saiki kearifan lokal mau wis akeh hang ditinggal.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.