Gumuk Sari, Dhusun Hang Dhemen Janger Banje

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 18 Maret 2021 07:37 WIB)
- Opini



Salah siji dhusun hang ana ring Desa Benelanlor, yaiku dhusun Gumuk Sari nduweni masarakat hang akeh-akehe padha dhemen nyang kesenian janger. Dhusun hang ana ring kulone Desa Benelanlor iku padha dhemen uga wis didadekaken langganan nyang kesenian janger hang didhemeni. Malah pirangane uwong mesthi nggawe arisan kanggo jaga-jaga nawi nduwe gawe bisa ngundang kesenian janger hang didadekaken langganan iku mau. Kesenian janger hang didhemeni ambi masarakat dhusun Gumuk Sari yaiku kesenian janger hang teka Dhusun Banje Desa Gladag Kecamatan Rogojampi hang nduweni aran “MADYO UTOMO”.  Kesenian janger teka Banje iku wis akrab ambi masarakat Gumuk Sari sebab tuwuk diundang merana kanggo hiburan ring kegiyatan utawa selametane uwong-uwong Gumuk Sari, paran maning ring antarane rombongan janger ambi wong Gumuk Sari wis akeh hang padha kenal. Hang dhemen uga ana sebagiyan ring Dhusun Krajan Desa Benelanlor sakat bengen-bengene mung hang paling akeh ya ring Dhusun Gumuk Sari.

Kesenian janger Banje hang diundang iku mau dudu kerana ana hubungan politik uga sebab liyane tapi merga masarakat Gumuk Sari mula dhemen nyang janger iku sebab pakem uga kebiyasaan kesenian janger jaman bengen magih kenthel lan magih terus digawa masiya jaman saiki wis maju serba moderen. Paran maning ring kesenian janger liyane ya wis akeh hang padha nganyari uga malah ngilangaken pakem, manut nyang "tuntutan penonton" lan kadhang uga penjalukane tuan rumah hang durung ngerti lan paham nyang sejatine janger iku mau.  Emane teka masyarakat Gumuk Sari magih tetep ndhemeni ring janger klasik kaya janger teka Banje iku mau masiya akeh janger hang lebih meriah, apik tatanane, uga lebih moderen ring media perlengkapan ceritane.

Kadhung wis aran dhemen, mula sara arep ngilangaken welase. Tapi ya mandar muga aja sampek ilang rasa dhemen nyang janger Banje iku mau. Sebab ring jaman saiki penggemar kesenian hang wis ngadek sakat taun 1938 iku saya mudhun. Tapi masarakat Gumuk Sari tetep dhemen masiya akeh pisan ngundang teka janger-janger liyane. Hang penting maning para anak putune ya padha diduduhi uga diceritani bedane janger Banje ambi janger liyane menurut para sesepuh dhusun Gumuk Sari mauka. Makene bisa mbedakaken hang aran sejatine janger iku hang kelendi. Aran diundang ya hing mesthi sempat nimpali undangan iku muka. Padha ambi pirangane uwong hang ana ring Dhusun Gumuk Sari hang sing bisa ngundang janger Banje kerana wis kasep utawa kesalip ambi tuan rumah teka desa liya.

Nawi mula wis kesalip utawa kasep ngundange, masyarakat Gumuk Sari magih duwe pilihan liya ring kesenian janger hang magih nggawa pakem asli jangere, ring antarane janger teka Desa Bomo hang saiki melebu Kecamatan Blimbingsari hang nduweni aran “TRESNO BUDOYO” uga kadhung hing iku ana maning janger teka Desa Glondong Kecamatan Blimbingsari hang aran “DHARMA KENCANA”.

Dideleng teka lakon hang mesthi dijaluk ambi tuan rumah (masyarakat Gumuk Sari) akeh akehe hing kaya uwong Jawa biyasahe hang magih ana rasa percaya nyang lakon hang digawa ring kesenian janger iku mau. Sebab masyarakat Gumuk Sari pahame kesenian janger iku mau kanggo sarana hiburan uga nguri-uri budaya has Banyuwangi, dadi kadhung mula teka pihak janger Banje sing ngelarang  penjaluke tuan rumah, bisa dilaksanakan jalukane lakon iku mauka tapi masyarakat Gumuk Sari ya magih ngurmati nyang aran janger Banje hang magih kenthel ring kesakralane.

Paran maning kadhung ngomongaken kepuasan, hang didhemeni masarakat Gumuk Sari maning teka janger Banje iku yaiku wayah mangkat sampek bubare beda ambi janger-janger liyane. Kadhung janger Banje ngawiti mangkat ya magih padha ambi janger liya-liyane, tapi kadhung wayah bubare utawa marine lakon janger Banje mesthi sampek serngenge muntup utawa sekitar jam 6 isuk. Dhemen, tuwuk ndeleng, uga magih njaga pakem kesenian janger dadi patokan welase uwong-uwong ring dhusun Gumuksari desa Benelanlor magih tetep setia ambi janger Banje.

Jaman wis beda ambi bengen, perkembangan ring antarane masyarakat teka umur enom sampek tuwek wis padha berubah. Hang diwedeni iku ya berubah nyang elek sebab bisa ngilangaken uga ngelalekaken paran hang wis digawe uga diuri-uri ambi para sesepuh bengen nyang para pewarise. Muga masyarakat Desa Benelanlor serta Dhusun Gumuk Sari magih tetep ngewelasi kesenian janger Banje uga kesenian Banyuwangi liyane lan bisa milih lan weruh endi kesenian hang sejatine magih nggawa pakem hang mula ana sakat kawitane bengen.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor