Gurit Mangir
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 27 April 2023 09:10 WIB)
- Opini
GURIT MANGIR
Nanang Yuswantoro
Aja pati gurit mangir
Yara kendhange ditabuh kang kiwa
Aja pati nuruti pikir
Yara wis gudhane wong ana ring ndonya
Isuk isuk aja megawe
Ngombe kopi yara sapa kang ngeladeni
Mbisuk-mbisuk sapa hang nduwe
Kadar kanti rika nganteni
Wong kemiren kabare padha tani
Ijo-ijo godhonge pari
Sakat bengen rika yara sun anteni
Gara jodho sing mari-mari
Sarung kawung luwasena
Sidomuketi yara dinggo kembaran
Kadhung wurung yara awasena
Kadhung kanti mari lebaran
Kelambi cemeng penitenana
Kelambi putih yara mawar-mawaran
Kadhung wis seneng yara antenana
Ngajak mulih yara sabar-sabaran
Manuk jalak miber nyang nangka
Tuku kursi yara nyang surabaya
Arep sun tulak kari sekaken rika
Arep sun terusi yara kerasa beraya
Ulan aji yara ulan sura
Kelambi ijo yara kesiluran
Kirane sing dadi rika aja ngersula
Kirane sing ana jodho seduluran
Lintang kerep lintang permaki
Undur-undur yara ana ring seluwangan
Duwe karep yara pumpung saiki
Mundur-mundur yara selak larang pangan
Kelambi putih jahitan gintangan
Setrikakena nyang gumuk agung
Ngajak mulih magih larang pangan
Kantekena yara marine nggampung
Yara nyang kutha isun dharati
Ana cina rina kaotan
Ulih rika isun niyati
Sing tutug sedina selautan
Wonoasih yara alas pandhan
Banyuputih katon wungkale
Trisna asih durung keparan
Ngajak mulih yara kelendi akale
Kalung emas rentengana
Melaku ngangsu yara miliha kang kuning
Kadhung welas antenana
Kadhung kesusu yara goleta maning
GURIT MANGIR iku kapan jare wong tuwek-tuwek gendhing Using hang bebas bersyarat.
BEBAS tegese sakmarine larik basanan kawitan, basanan hang sak teruse ulih lan bebas sak karepe, paran jare penembange.
BERSYARAT tegese wis dadi pelanggeran larik basanan kawitan iku wajib hukume kudu ana pengucap GURIT.
Tuladhane:
Aja pati GURIT Mangir
Yara Kendhange ditabuh hang kiwa
Aja pati nuruti pikir
Wis gudhane wong urip ring donya
Wis bida maning ambi hang ngisor iki taping magih rok memper;
Aja pati nggendhing GURITan
Wis Kendhange ditabuh hang kiwa
Aja pati nuruti setan
Wis godhane wong urip nang donya
Kadine lantaran teka omahan hang kaya kono mauka angger-angger penembang siji lan penembang liyane mesthi akeh hang sing padha isi basanane.
Intine gendhing GURIT MANGIR iki nduwe tujuan uga kekarepan amrih para penembang kono mauka bisa ngedhuk jeru kaweruhe nyang masalah BASANAN sedina-dina ana ring telatah endi iyane manggon lan sak ubenge.
Kadine umpama keneng dijuwut dadi tuladha:
Gandrung Temu;
merga iyane wong Kemiren, kadine iyane kadhung nembang Gurit Mangir mesthi nyangking-nyangking aran desa KEMIREN.
Gandrung Sugiyatik:
merga iyane wong Gambiran, kadine iyane kadhung nembang Gurit Mangir mesthi nyangking-nyangking aran desa GAMBIRAN
Gandrung Poniti:
merga iyane wong Genitri, kadine iyane kadhung nembang Gurit Mangir mesthi nyangking-nyangking aran kampung GENITRI
lan magih akeh liya-liyane.
Kadine gendhing GURIT MANGIR iki sing bisa diapalaken kabeh, merga akeh VERSI antarane penembang siji lan penembang liyane wis akeh hing padhane. Mung hang bisa diugemi ya pemahaman Pakem Pelanggerane bain.
.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Nanang Yuswantoro
Editor: Hani Z. Noor