Hadrah Kuntulan Banyuwangi (Bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 07 Mei 2025 07:11 WIB)
- Opini



Hadrah Kuntulan Banyuwangi (Bagiyan 1)

Ditulis ring Moh. Syaiful

Hadrah Kuntulan salah sijine seni teradhisi Banyuwangi hang kelebu magih kukuh lan urip sampek seperene. Kesenian iki nyatane magih didhemeni ambi masarakate merga magih kenthel njaga siar agama ring bumi Banyuwangi iki. Anggone ngukuhi nyang sair lan lirik hang islami iku nyatane kesenian iki magih bisa kundangan ring kegiyatan-kegiyatan ring Banyuwangi. Sing mung kegiyatan hang mambu agama bain naming uga kegiyatan-kegiyatan kemasarakatan lan pemerintahan. Delengen bain bukti nyatane ring wong hang duwe gawe kayatah wong duwe gawe nyunati, pengantenan lan kegiyatan bersih desa utawa selametan desa.
 
Nyerambah Nusantara dikenal wong Manca
            Hadrah Kuntulan Banyuwangi moncer maning ring tahun 1980-an sampek tahun 1990-an. Kesenian hadrah hang kawitane mung kanggo Tibaan lan Syiiran ring pesantren lan pondhok-pondhok, ring tahun iku mangkat rame maning ring desa-desa hang ana ring Banyuwangi. Emeh saben desa duwe grup hadrah kuntulan. Desa-desa hang kesuwur kuntulane antarane bain desa Aliyan, desa Kertosari, desa Kemiren, Singojuruh, Kabat lan desa Glagah.
   Hadrah Kuntulan tambah moncer maning ring tahun-tahun iku kala Inisisri, salah sijine drummer Indonesia hang kesuwur duwe niyat  kolaborasi ambi Kuntulan. Uwong-uwong Kuntulan Banyuwangi diajak nggarap Kuntulan dadi pertunjukan hang apik aju dipentasaken  keliling Nusantara lan nyang luar negeri. Miturut Adnan, salah sijine pemain Kuntulan Banyuwangi asal Cungking Banyuwangi hang diajak main Inisisri, seru girange ring jaman iku merga Kuntulan bisa nyerambah Nusantara. Iku uga merga pentere Inisisri hang andhap asor musikalitase Kuntulan. Lan maning masiya Inisisri wong musik modheren naming bisa melebu nyang musik teradhisionale wong Banyuwangi lan tempalane Kuntulan hang has Banyuwangi.
 
(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf