Hadrah Kuntulan Banyuwangi (Bagiyan 3 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 10 Mei 2025 07:40 WIB)
- Opini



Hadrah Kuntulan Banyuwangi (Bagiyan 3 pungkas)

Ditulis ring Moh. Syaiful

Tabuhan (instrumen) paran bain hang dienggo ring Hadrah Kuntulan? Hang kudu ana mesthi bain ya Terbang. Terbang iki digawe teka kulite wedhus putih hang dipasang ring urung kayu hang digawe teka kayu nangka. Urunge iku kira-kira diameter antarane 27-30 cm. Sakliyane Terbang ana uga Jedhor yaiku bedhug hang gedhi hang digawe teka plateser hang diendohi kulite sapi. Jedhor diametere antarane 60-90 cm. Teruse maning ana hang aran Pantus lan Lencangan. Pantus lan Lencangan uga digawe teka plateser bunder hang diendohi kulite wedhus. Diameter Pantus kira-kira 40-50 cm, lan diametere Lencangan kira-kira 25-30 cm.
  Jugede Hadrah Kuntulan iki mula husus. Mesthine maceme obah lan rupane gerak iku mau sing adoh teka siar Islam hang mesthi digawa ring kesenian Hadrah Kuntulan. Gerak iki sing padha ambi jugedan Banyuwangian liyane. Ring ngisor iki kelebu jugedan Hadrah Kuntulan:
1. Hormat, 2. Salam, 3. Ngelangkah, 4. Takbir, 5. Rukuk. 6. Sujud, 7. Gebyaran, 9. Sagah, 10. Sirigan, 11. Selewahan, 12. Songkloh, 13. Dheleg, 14. Anthuk, 15. Pencakan, 16. Jurus, 17. Sirigan Lewung, 18. Ukelan, 19. Japinan, 20. Ninggulan, lan magih akeh maning macem jugede Hadrah Kuntulan. Naming 16 jugedan iku hang wajib, hang durung dikreasi ambi jugedan Banyuwangian.

Sair hang Kukuh ring Siar Islam

   Seru dhemene kadhung ngerungokaken syair gendhinge Hadrah Kuntulan. Saire iki nganggo telung basa, ana basa Arab, ana basa Indonesia (Basa Melayu), lan ana basa Using. Sing diselaki mula basa Melayu wis ana ring Banyuwangi sakat kuna-makuna. Iku nduduhaken uga kadhung Hadrah Kuntulan iki bisa melebu ring sekat-sekat basa hang merana-merene beda. Ring ngisor iki sair teka gendhing-gendhing Hadrah Kuntulan.
Hang nganggo basa Arab:
Bismillah tawakkalna billah
Bismillah tawakkalna billah
Bismillah ya dal jalali wal ikrom
Bismillah bismilah bismillah
 
            Bismillah ya Alloh ya Rohim
            Bismillah ya Alloh ya Karim
            Bismillah tawakaltu alalloh
            Bismillah-bismilah bismillah
 
Hang nganggo basa Indonesia (Basa Melayu):
Ini Kuntulan seni asli Banyuwangi
Ini Kuntulan seni Hadrah  Belambangan
Joget gending seni syiar kebanggaan
Bila khilaf kami mohon dimaafkan

 
Disambunge ambi Basa using
Hadrah Kuntulan Juged gendhingan Banyuwangian
            Gendhing tiba’an gendhing syi’iran
            Ya rame-rame, ya sakkancaan
            Juged Kuntulan larene cilik
            Jugede apik larene munyik
            Eseme manis ya nyenengaken
            Kuntulan cilik Banyuwangian
 
Hang nganggo basa Using liyane:
Dhuh Gusti kula nyuwun sepura
Sekabehe dosa-dosa kula
Lan dosane tiyang sepuh kula
Lan dosane ummat islam sedaya
Rodad cilik saiki wis nganggo kelambi putih maning
 
Magih Kukuh Urip Seprene           
    Hadrah Kuntulan ring jaman saiki masiya sing keneng diarani rame naming magih ajeg ana ring acara-acara lan kegiyatan islam. Umpamane Muludan, Ulan Aji, dienggo ngarak lare sunat uga ana ring acara santunan lare atim, sing luput ring acara-acara kegiyatan pemerintah uga magih ana.
    Hadrah Kuntulan sakliyane wujud kesenian naming duwe misi syiar Islam hang kuwat. Gendhing lan syair hang arupa ajakan uga jugedan hang njuwut teka ubahe awak ring waktu maca Tahlil, Rukuk, Sujud, lan Takbir kabeh ngengetaken menungsa makene balik nyang urip hang nganggo dhasar Iman lan Islam. Nyatane Kesenian Hadrah Kuntulan iki bisa dadi saranane syiar Islam hang kenceng anggone masarakat Using Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Moh. Syaiful

Editor: Hani Z. Noor