Haris, Cerita Sukses Lare Banyuwangi Dodol Pitik Goreng ring Balikpapan

Arif Sugiono (dipublikasikan pada Jumat, 23 Oktober 2020 06:16 WIB)
- Tokoh



Niyate golet penguripan ring tanah umbaran kelebu sukses gedhi. Syamsul Haris, nekat nyabrang teka tanah kelairane nyang Balikpapan lan saiki wis nduwe warung pitik goreng loro. Aran warunge Kentaki Ndeso.

Taun 2009 kepungkur, Haris nekat ninggalaken desa Kradenan kecamatan Purwoharjo Banyuwangi masiya tah wis keluwargane magih ring Banyuwangi. Endi rabine magih meteng telung ulan. Malah iyane melaku mboro hing kathik idin teka rabi lan keluwargane. 

"Buru sakuwise setengah ulan ring Balikpapan Isun ngabari keluwarga noring umah. Kawitane keluwarga hing setuju merga Isun buru rabi. Alhamdulillah, wong tuwek pungkasane ndhukung Isun golet penguripan noring Balikpapan." 

Haris milih dodol panganan yaiku pitik goreng hang sedurunge didelesepaken ragi gelepung kaya pitik goreng hang diedol warung pitik goreng Amerika. Yaiku wis bibit perkawite dodolane saiki.

Maune iyane nganggo rombong surungan kanggo jaja panganan hang didhemeni lalare cilik iku. Aju tepak kawitan taun 2015, Haris mutusaken nyewa panggonan ruko ring kawasan duwene Dodikjur, Manggar, Balikpapan Timur.

Akehe wong hang dhemen panganane, hang nggarahi iyane nggawe warung Kentaki Ndeso.

Tepak magih dodol nganggo surungan, pelanggane hing bisa mangan nong panggonan merga mula hing ana panggonane. 

Saiki kelawan mbukak warunge iku mau, iyane nyedhiyani pasilitas kanggo wong hang marung, kayata panggonan wisuh, meja, kursi lan liyane hang nggarahi pelanggane pernah.

Aju pertengahan taun 2016, Haris nambahi cabang warunge nong pertokoan Jalan Ruhuy Rahayu, Kelurahan Gunung Bahagia, Balikpapan Selatan.

Ring panggonan warung anyare hing mung ana pitik goreng, taping ana menu liyane pisan kayata burger, sosis goreng, jamur goreng kentaki, lan cireng. Naming hang nggarahi pitik goreng ring Kentaki Ndeso iki istimewa merga ana tambahan anyar yaiku sambele nganggo sambel terasi. 

Ulihe nganggo sambel terasi iki uga merga ndeleng tren pelanggane hang teka. Sedurunge pitik gorenge mung diwani saos tomat lan saos lobok. Merga akeh wong tuwek hang ngancani anake mangan, iyane nyacak nganggo sambel terasi. "Cumpu saiki akeh wong tuwek hang milu marung ring kene," jare Haris. 

Saben dina loro outlet warunge ngentekaken 100-250 pitik hang diolah dadi menu pitik goreng renyah. Dene saben dina iyane ngentekaken terasi sampek 10 kilo. 

Aran Kentaki Ndeso dhewek jare Haris setemene dipilihaken kancane dhewek. Rasa basa Jawane, diduduhaken kelawan aksara O, merga Haris wong Jawa.

Kadhung jare pilosopine, ucap hang nganggo aksara O artine kuwat. Padha ambi aran-aran Presiden RI, kayata Soekarno, lan uga Soeharto.

"Dadi karepane, Kentaki Ndeso iki bisa kuwat lan mituhu dadi pelopor pitik goreng sambel terasi ring Balikpapan iki," jare Haris hang pasare ngerah emak-emak lan lare cilik. 

Lare kelairan 1987 iki milih dodolan pitik goreng merga wis duwe ilmune lan cara ngolahe. Iyane tau mboro milu dulur hang ana ring Makassar. Aju ilmune iku dienggo ring Balikpapan. 

Masiya kaitung sukses, Haris hang mung sekolah sampek SMP, ngakoni gok iyane hing tau sinau ilmu pemasaran. Istilah pemasaran kayata hard selling, soft selling buru bain disinaoni. Taping tekade hang kuwat lan mempeng kanggo usahane hang nggarai usahane sukses.

Masiya gedigu, usahane ya tau ana susahe. Taun 2010 kepungkur tau emeh rugi sampek lare hang diceluki Pendekar Jalanan ambi kanca-kancane iki, tau emeh mutung. 

Taping kancane ngongkon iyane nggandholi usahane suwene rong ulan, sedurunge mutusaken mandheg. Lan asile kaya hang bisa dideleng saiki. 

Saiki Haris sakliyane njaga usahane uga sinau nggedhekaken usahane. Mengarepe, lakine Ririn Puji Lestari iki arep mbukak cabang maning ring kawasan Gunung Sari, Balikpapan Kota.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor