Harjaba Kang Endi Maning?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 18 Desember 2024 09:11 WIB)
- Opini



Pegiyat sejarah Banyuwangi Mas Aji Ramawidi hang wis nulis pirangane judhul buku sejarah kelebu novel Wilis nduwe penemu dhewek kapan mesthine mengeti dina laire Banyuwangi.
   Seperene Harjaba wis ditetepaken tanggal 18 Desember tepak Jagapati bisa ngalahaken pasukan Landa taun 1771 ring Bayu. Tanggal iki diusulaken masiya aran Banyuwangi durung disebut-sebut.     
   Mangkane nurut Pak Sri Margana penulis buku Perebutan Hegemoni Blambangan, tanggal 18 Desember iku kecepeten timbang laku sejarahe dhewek.
   Taping jare ruwahe Pak Hasan Ali, teka DHC '45, laire kutha iku dudu kaya laire menungsa kang hing bisa diuwah-uwah.
   Laire kutha kudu digoletaken tanggal hang duwe nilai patriotisme hang bisa dadi tuntunan lan nggawe wong mongkog merga ana peristiwa penting hang dadi bibit perkawit njumbule kutha utawa panggonan iku.
   Setemene usul kanggo tanggal Harjaba iku akeh. Hang dicathet Mas Aji ring puisi Harjaba Dalam Renunganku hang diuwot ring Antologi Puisi/Gurit kanggo Harjaba Serampai Kata Blambangan ana pirangane tanggal.
    Abdul Choliq Nawawi ngusulaken 24 April 1477 tepak Ki Gede Banyuwangi sanja nang Demak.
    Dene sejarawan Sam Subur nyebut tanggal 23 Pebruari 1652 tepak Belambangan nyatakaken gok wis merdheka teka Mataram.
   Beda maning ambi usulane Sri Margana yaiku tanggal 14 Desember 1767 tepak Bagus Anom Kalungkung ditetepaken
utawa 1 Pebruari 1774 tepak Pelantikan Mas Alit dadi Bupati Kasepuhan Balambangan Wetan.
    Kadhung pelantikane Mas Alit iki  ditolak ambi golongane DHC '45 hang hing gelem ngakoni kiprahe Landa. Enggo paran para pejuang 1945 toh nyawa kanggo kemerdhekaan kadhung anak putune ngakoni lakune penjajah Landa.
   Tanggal 24 Oktober 1774 nurut I Made Sudjana hang nulis buku Nagari Tawon Madu, lebih cocog merga ngawiti kutha Banyuwangi dadi ibukota.
   Hang pungkasan Dewan Perwakilan Rakyat Daerah taun 1995 milih antarane 7 Desember 1773 tepak ngesahaken madege Mas Alit utawa 18 Desember 1771 rikala Mas Rempeg menang ngelawan Landa.
   Naming, jare Mas Aji, aran Kabupaten Banyuwangi buru dienggo taun 1811 ring administrasi Kolonial Inggris.
   "Dadi makene wis 23 September 1811 cukup dadi renunganisun."
   Gedigu Mas Aji nutup puisi ring buku Serampai Kata Blambangan hang arep dipeleciraken dina Minggu tanggal 22 Desember engko. Taping ngakoni Inggris utawa ngakoni Landa paran bedane?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor