Hasnan Singodimayan: Aran Desa ring Kutha Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 08 Oktober 2019 11:52 WIB)
- Opini

Aran Desa Ring Kutha Banyuwangi
Nalika penjajahan Landa sedurunge Perang Pasifik, hang aran kelurahan iku mung sewates hang pareke pendhapa lan masjid. Yaiku kelurahan Kepatihan lan kelurahan Temenggungan. Hang liyane magih diarani desa lan dhukuh.
Tepak pendhudhukan Jepang taun 1942-1946 aran wilayah diganti nganggo cara Jepang. Yaiku Ke – co, Gun – co, San - co lan Ku - co kanggo aran kabupaten, kawedanan, kecamatan lan kelurahan. Ngingsore maning diarani Tonarigimi hang artine emeh padha ambi RW lan RT. Jaman kuna diarani perbekel.
Watese perbekel dudu mung dalan utawa banyu lan tanduran. Tapi ana rong ukuran. Yaiku mambune panganan sampek nang pojok umahe tangga utawa nalika diceluk rada anter pada kerungu. Ditambah unine kulkul, yaiku jajang tabuhan hang digantung ning umahe perbekel lan lurah.
Lurah sing diwani bayaran tapi ulih bengkok, yaiku tanah garapan sakunane kebonan utawa sawah keluruhan lan kudu duwe lumbung, kanggo nyimpen pari utawa unduhan liyane.
Nalika jaman penjajahan, Landa dibantu ambi para temenggung lan para patih hang asal pribumi manggon pareke pendapha lan sakutere masjid.
Merga dadi panggonan aju diarani Temenggungan lan Kepatihan. Patih hang manggon parek masjid dibantu para sesepuh, hang diarani para Kaum. Panggonane nong mburine masjid jamik hang saiki aran Kauman.
Nalika urusan pemerintahan ning tangane bangsaLanda, hang dibantu para temenggung lan para patih tapi aturan panggonane (tata letak) paran jare Wali. Panggonan iku kudu diwatesi tegal wera hang diarani lapangan kanggo kumpul lan utawa kanggo tontonan. Pendhapa nyang elor ngadhep ngidul. Masjid ning kiblat ngadhep ngetan. Hang wetan panggone kunjara. Hang dienggo panngonan wong salah lan nyalah. Hang kidul ngadhep ngalor kanggo wong dodol utawa hang dagang. Para wali ngarani panggonan bazar utawa pasar ambi Landa dicukupi ambi tukang cathet wong dodolan hang diarani kolektor, sampek saiki panggonan iki diarani Kolekturan suwi-suwi dadi Kelituran.
Wong hang apik lakune dagang ning pasar bias manggon nang masjid akeh ganjaran. Tapi kanggo sapa bain hang salah lan nyalah. Bisa ring bui melebu kunjara. Panggonan hang gedigu iku dadi falsafah para wali ana ning kutha-kutha lawas sak tanah Jawa. Panggonan hang aran desa utawa dhusun kaya Kelituran iku mau ning kutha Banyuwangi seru akehe.
Panggonane Biskal (jaksa) dadi Biskalan; Inggrisan asale Singadilaga; Kulandan panggonane Landa; Kaempuan dadi Kempon, yaiku panggonane empu, wong nggawe gaman lan keris.
Ana desa utawa kelurahan hang dadi panggonan warung bathokan yaiku wilayah kuasane Pangeran Kepakisan arane ana sepuluh yaiku Pakis Bagong, Pakis Kepuh, Pakis Sutri, Pakis Sawi, Pakis Duren, Pakis Ancar, Pakis Rawa, Pakis Sasak (panggonane wong Pulo Lombok), Pakis Jalio (wong Ambon), lan Pakis Lembang (wong Musi Palembang). Ning warung-warung bathokan iku sumber keterangan rencana-rencana kompeni nalika arep nyerbu Bayu nggawa bedhil seret hang diarani meriyem hang dieret jaran sampek nyang Bayu hang ana ning kulon. Nalika gadug Bayu Kompeni bingung merga hang aran "benteng pendhem" ana ning pinggire gumuk candi. Nalika nggadug Bayu, hang katon mung endhase perajurit Bayu. Ana ning kulon dirik ngisore puthuke enem meriem mau padha ditata ngadhep puthuk aju dicolok bareng sak kuwat-kuwate.
Jejeran watu hang diatur kaya endhase wong padha gemelundhungan mengingsor. Teka benteng pendhem hang ning elor lan hang kidul metu endhas temenan, mbacoki endhase kompeni sak dalan-dalan sampek nang panggonan hang diarani Perangan utawa saiki Parangharjo.
Ring kutha Banyuwangi sedurunge dadi kutha Pemerintahan hang ana mung dusun Welaran. Desa lawas nalika MacanPutih. Ana candhi hang aran Candi Gadhing Tirta Ganda-Tirta Arum. Ning Welaran digawe dalan maning limang jurusan lan diarani Dandang Wiring aran manuk hang wulune kuning gemilap. Dandang iku salah siji aran manuk, wiring iku kelir kuning gemilap. Merga salah rungu ana hang ngarani Kampung Kukusan. Kampung Sublukan, kampung Kukusan lan aran liya hang dadi kebutuhan pawon.
Sakteruse aran kelurahan iku dudu Dandang Wiring utawa Welaran tapi Penganjuran kidul merga ana Penganjuran Lor hang pareg Pengantigan. Pengantigan ning kutha aran asale puthuk digarap dadi sawah, arane dadi Sawahan.
Ning kutha Banyuwangi ana kelurahan hang sing tau dadi desa yaiku Kampung Mandar lan Kampung Melayu. Dudu kelurahan Mandar utawa Kelurahan Melayu tapi kelurahan Kampung Mandar lan Kelurahan Kampung Melayu. Tapi Kampung Arab lan Kampung Bali melebu Kelurahan Lateng lan kelurahan Penganjuran. Ring kutha, aran kampung Medura sing ana, anane ning Rogojampi. Malah hang aran desa utawa kelurahan Banyuwangi sing tahu ana. Asal aran Banyuwangi dijuwut teka aran Candhi Gadhing Tirta Ganda, Tirta Arum, nalika jaman Hindu Budha.
Saiki Banyuwangi wis duwe hang aran Candhi Gadhing Tirta Wisata hang gandane wangi lan semebrung nyang endi-endi.
Agustus 2019
Hasnan Singodimayan
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.