Hongkong dibukak, Gandrunge Njuged Maning
Tirto Arum (dipublikasikan pada Selasa, 08 September 2020 07:30 WIB)
- Opini
Hongkong dibukak maning sakat tanggal 28 Agustus sore. Peraturan pemerintah nguweni idin bukak kanggo restoran, diskotik, panti pijat dikawiti jam enem isuk sampek jam sanga dalu. Lan hang nggawe girang, buruh migrane ulih metu prei masiya tahwis mung diulihi wong loro bain lan magih kudu ana jarak semeter setengah. Ring tegal suket Victoria Hongkong uga katon rame kegiyatan wong Hongkong dhewek. Ana hang olahraga melayu, ana hang ngelakoni wushu. Keringet hang deredesan dina Minggu pungkasan sing kira ngurangi semangat masiya tah panase serngenge wis emeh nong bun-bunan.
Pemerintah uga ngulihi uwong hang olahraga sing kathik nganggo masker maning. Muga bain Hongkong dibukak sak teruse jare salah sijine buruh migran hang ana ring sandhingisun embuh teka endi papan lan arane. Lare nganggo jilbab ijo iku memengan ring Causewaybay mula nganteni kancane hang megawe ring Tseung Kwan O, jare wis gadug sepur MTR. Semayanane kecaruk ring sandhinge WC umum parek ambi markase lalare paguyuban Banyuwangi hang aran Larosa Arum, gedigu jare. Mula lare wadon iku takon nyang isun hang magih macak, nong endi markase lare Banyuwangi. Hun jawab bain kadhung ring kene iki mula markase lare Banyuwangi latihan.
Lare wadon iku aju tilpun kancane hang ana ring jasa cargo njuwut paketan barang. Embuh paran hang digesahaken lare iku ambi kancane, kadhung isun dhewek nutugaken macak maning kerana jam wis gadug nong angka siji.
Dina minggu tanggal telung puluh Agustus iki hawane ring Hongkong magih panas lan mendhung, wis telung puluh papat derajat. Isun lan lalare paguyuban diundang ring acara organisasi Pilar kanggo ngisi acara. Mula paguyuban Larosa Arum uga milu ring organisasi Pilar - Hongkong sesandhingan ambi telulas paguyuban liyane. Minggu iki mung ngetokaken telung macem tarian bain teka paguyuban Larosa Arum, Green famili lan WHDN. Kabeh penari magih nganggo protokol pemerintah, topong (face shield). Panase serngenge lan kiringe angin ulan iki nggawe rasa awak hang kadhemen kaya nak gempung. Naming kadhung ndeleng semangate lalare hang nggawa ganda arume tanah kelairan ring kadohan, isun sak kanca rumangsa mongkog bisa milu berjuwang kanggo keluwarga lan ibu pertiwi. Minggu hang panas, lan keringet hang seru deredesan, isun sak kanca njuged gandrung kanggo ngisi acara organisasi.
Hing kerasa dina kari akas melakune, samar wulune langit wis ring ndhuwuran. Apike gendhing hang diputer teka hape lan sound system nggawe bungahe ati hang ngerungokaken. Mula isun lan kanca paguyuban hang latihan jaranan lan gandrung, aju rembugan perkara dina dadine Banyuwangi lan nganggo kostum paran makene kabeh ketata apik. Ring bucu kulon lapangan, satpam wis ngadeg jejeg ngengetaken sing ulih kumpul lebih wong loro masiya lungguhe wis diwatesi.
Kari nagud ya virus corona iki, nggawa cerita lan njekeroke ekonomi donya serange gancang nularaken viruse hang durung ketemu vaksin kanggo obate. Kapan ndane bisa aktipitas normal sing kathik nganggo topong lan tongkos lan liya-liyane kaya bengen? Muga bain donya iki gancang aron, penyakite uncal, isun lan rika uga magih seger waras kabeh. Aja lali teka endi bain wisuh tangane nganggo sabun.
Isun gandrung, gandrungana isun, gendhing lan suwara keplakane kendhang uga ubahe sampur lan wangine ganda arum kembang menur sing kira ilang teka bumi Belambangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tirto Arum
Editor: Hani Z. Noor