Ikawangi Pusat Milih Ketua Anyar, Wong Lawas

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 12 Desember 2022 08:17 WIB)
- Opini



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat dina Minggu sore wis nggelar Musyawarah Nasional limang tahunan hang kaping lima. Salah siji agendhane yaiku milih ketua umum anyar. Hang kepilih cumpu wong lawas, pembinane yaiku mayjen (purn) Rusdi Maksum. Lah, kok bisa? Gedigi ceritane.
   Paguyuban Ikawangi hang paling tuwek iki, merga wis ngadeg 50 taun sakat 16 September 1972, wis sakat pirangane ulan kasak-kusuk sapa kira-kira hang pantes dadi gantine Kang Bambang Sugiyono, walikota Jakarta Utara dhongkol hang wis ping telung periode (sak periode limang taun) mimpin Ikawangi.
   Iyane wis hing gelem maning nerusaken mimpin paguyuban iki. Emong. Iyane cerita kapanane wis tau istilahe pelengan tengene ditodhong bedhil (teka Pak Rusdi hang tentara) lan pelengan kiwane arep dituncepi keris (ambi pendiri Ikawangi Pak Sutarjianto, hang uga walikota Jakarta Barat hang uga tau mimpin Ikawangi). Iku bain Kang Bambang hang asal Genteng iki hing umik tekade arepe mundur. Mangkane tepak ana peserta Munas hang njaluk Kang Bambang nerusaken sepisan maning lan didhukung wong akeh, usulane mau iku mentah, tetep ditampik ring Kang Bambang.
   Pirangane ulan kepungkur wis mangkat akeh pitakonan, sapa endane hang mimpin Ikawangi. Sarate polae rada sara kadhung madhani Kang Bambang. Maksude, hang parek ambi rakyate, parek ambi para sesepuh lan aksese, utamane nyang pemerintahan wera. Salah siji contone, merga Kang Bambang, panggonan Munas ring Ruang Pola Gedhung A Walikota Jakarta Timur sak fasilitase diwani ambi Pak Walikota, merga pareke hubungan apik ambi Kang Bambang.
   Aran-aran hang tau diusulaken warga ring panitiya lan wis dihubungi umpamane Kang Yani, politisi hang uga anake sesepuh Ikawangi ruwahe Pak Abdul Kahfi hang tau dadi wakil gubernur DKI Jakarta. Kantor sekretariat Ikawangi saiki ring Ciracas Jakarta Timur disilihi panggonan ambi Kang Yani. Ana pisan Kang Marhen, lare Banyuwangi hang saiki madeg dadi direktur Pemasaran Pariwisata Nusantara Kementrian Pariwisata dan Ekonomi Kreatif. Ana Kang Sujiono, pejabat ring Pemda Tangerang hang uga ketua komunitas Gowes Ikawangi. Ana Kang Sugihadi pengusaha hang saiki magih dadi wakil ketua umum. Uga Kang Sudibyo, adhike Kang Sugihadi, pengusaha pisan hang uga sak suwene iki dadi wakil bendahara Ikawangi. Kabeh ngomong nana hang sanggup.
   Dadi sampek Kang Bambang lan pengurus Ikawangi periode 2017-2022 demisioner hing ana aran hang njumbul
   Kang Rusdi hang kala iku dadi ketua sidang pleno, dibantu Kang Hadi Supriono SH ketua Ikawangi Karawang-Purwakarta-Sumedang-Cikampek disingkat Kapursuci, Mbok Titik Setiowati pangsiunan AKBP, lan Kang Ansori Ketua Ikawangi Depok, nakoni para peserta hang duwe suwara, yaiku para Koordinator Wilayah lan Kelompok Masyarakat ring ngisor payunge Ikawangi Pusat.
    Korwil hang teka Jakarta Pusat, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Depok, Bogor, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Kapursuci. Pokmas hang teka yaiku Magenta (Masyarakat Genteng dan sekitarnya), Prajurit Blambangan, Gowes Ikawangi. Dadi suwara wis kuorum. Hang hing milu Munas mung loro yaiku Korwil Jakarta Utara lan Cimerang (Cilegon-Merak-Serang hang kebeneran nepaki ana acara Bantuan nang korban lindhu Cianjur) uga Ikatan Warga Kalibaru - Ikabaru.
   Ring tengah-tengahe dalan buntu, cumpu ana Pak Hafandi Noer, pembina Ikawangi hang uga sekretaris pertama Ikawangi taun 1972 lan tukang ndadekaken ketua. Nurut ceritane iyane, Pak Tarji iku tau munggah dadi Ketua Umum Ikawangi sampek ping lima bengen. Ruwahe Kang Busairi Abdullah hang madeg dadi ketua Ikawangi tahun 1991 lan hang ngganti aran paguyuban teka Pewangi Jaya dadi Ikawangi, ya merga diusulaken Pak Hafandi. Dadi istilah Inggrise Pak Hafandi iki kingmaker.
   Balik nang pemilihan. Marek Pak Hafandi ngusulaken Pak Rusdi bain hang mimpin, sakkal peserta setuju kabeh. Iku bain magih ditawa ambi Pak Rusdi. Iyane usul, iyane sementara bain dadi ketua sementara (Caretaker), sampek ana Munas maning hang milih ketua anyar. Jare Kang Hadi hang ngganteni dadi ketua sidang Pleno sakuwise Pak Rusdi mudhun, AD/ART arep diuwah. Sak periode hang saiki limang taun dadi telung taun. Dadi hing perlu ana caretaker, langsung bain pemimpin definitif. Kang Bambang ngusulaken, ana wakile loro. Sebab AD/ART ya arep diuwah, wakil loro, siji dienggo ngurusi internal (korwil lan pokmas hang ana saiki) lan sijine dienggo ngurusi Ikawangi hang njaba. Dadi diusulaken Wakil Ketua Satu Mbok Titik Setiowati lan Wakil Ketua Dua Kang Sudibyo Wahyu Widodo.
   Pak Rusdi ring pidhatone ngomong 1. Iyane iki uga ketua Purna Marinir sak Indonesia. Kadhung ambi tentara gampang merintah wong. Kabeh siap. 2. Sak mareke acara iki mulih, iyane mesthi tokaran ambi hang wadon perkara iki. Taping merga karepe wong akeh iyane bisa terima.
   Kadhung dipikir-pikir kedadeyan sore iku kaya balik nyang adate Ikawangi. Saben ketua sakat taun 1991, teka ruwahe Kang Busairi, ruwahe Kang Mulyono Munawar, Kang Hanipan kabeh dipilih kelawan musyawarah. Hing ana sampek coblosan. Buru 15 taun kepungkur, ana coblosan merga calone lebih teka siji Kang Bambang, ruwahe Kang Edi Institut Blambangan lan Antariksawan.
   Iya wis Bang Rusdi, isun nyeluke, muga-muga kabeh bisa diatasi. Lan bisa nggawa Ikawangi saya maju lan apik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor