Ilange Jogedan Sagah lan Melebune Kendhang Koplo (2)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 09 Januari 2020 13:18 WIB)
- Opini



Jogedan lanang has Banyuwangi, bisa dideleng ring solah bawane Badhut ring tabuhan Angklung Caruk. Badhut iku arane wong lanang hang njoged diiring tabuhan Angklung Caruk. Sak liyane sagah ulihe njoged, uga lemes lan luwes taping magih nduduhaken sipat lanange. Iki bisa dideleng teka episod Rempenan lan Paju Gandrung ring pentas Sang Pewaris Legenda Gandrung. Tukang Paju Gandrung jaman bengen, padha mudun milu ndukung acara mau. Kaya arep nguweni tuladha, "Gediki iki jogedan aseli Banyuwangi", tetep sagah lan perbawa masiya lemes sing kemayu.

Gandrung hang mudun ngelayani pemaju Gandrung lawas iku yaiku Supinah, sak liyane duwe suwara hang apik uga jogedan spontane miluni tabuhan lan gendhing uga magih kejaga apik. Kanggo ngimbani mudhune Man Awik, teka Alasmalang, Singojuruh hang uga dikenal dadi Badhut ring Angklung Caruk. Ana Wak Rasiono teka Kemiren, Pak Ino teka Tamansuruh lan hang dadi Gedhok, Man Muklis teka Cungking. Mudhune veteran Paju Gandrung mau, kaya nggawa angene penonton nyang jaman bengen. Kelendi njoged iku sing terima milune suwarane tabuhan teka itungan, tapi uga nganggo rasa hang kudu apal nyang gendhing. Kapan tebluke kendhang, ragane bisa obah miloni lang angel dibethek hang endi lan nyang endi diobahaken.

"Sagahe para tukang paju jaman bengen, merga apal nyang gendhing hang ngiriringi jogedane. Dadine, obahe awak iku wis nganggo rasa, dudu miloni itungan hang gampang dibenthek. Kadhung saiki akeh jogedan lare lanang hang kemayu, iku merga miloni jogedan garapan anyar. Kudune iyane iku belajar teka para senior hang wis ngawiti joged has Banyuwangian, mangkane isun ndidik lare-lare lanang teka dhasar joged Barong. Kadhung dikawiti cara digu, mesti lanange metu lan katon seru. Kadhung temiyung angel diobah, ya sun tinggal", gedigu ujare Samsul hang uga mulang Tari ring SMK 1 Banyuwangi.

Masalah lare lanang hang njoged kesenian dhaerah Banyuwangi akeh temiyunge, iku uga diakoni salah sijine pawongan hang duwe Sanggar teka Kecamatan Srono. Tepak ketemu penulis ring Surabaya rong tahun kepungkur, iyane ngakoni kadhung anak dhidhike ring sanggar, teka 6 lare 4 antarane temiyung. Iyane ya rumangsa kangelan, ngubah nang cara njogede dadi lanang sejati. "Mangkane akeh wong tuwek kadhung duwe anak lanang, sing aweh milu njoged kesenian dhaerah. Pantese kuwatir jiwa anake arep uwah serta miloni jogedan mau", jare pawongan hang sing gelem disebut arane.

Kadhung ndeleng jogedan Tukang Paju Gandrung ring VCD utawa Youtube, akeh-akeh Tukang Paju nyander terus nyang gandrung. Gandrung semono uga, akeh mundur kanggo ngalesi uberan mau. Iki kayane kejiret nyang penemu wong njaba, kadhung Gandrung iku "Joged Pergaulan". Mangkane hang diagul-agulaken solahe Gandrung ambi Tukang Paju hang uber-uber. Kahanan iki kaya beda, serta ndeleng solah bawane Man Awi ring acara iku mau. Carane iyane njoged sagah seru, serta sing mentingngaken sander-sanderan. Malah serta nyekel sampure Gandrung hang dikibas-kibasaken, aju dibalekaken lan muter ngubah awake hang kaya njangget nyang tabuhan. Kabeh menonton padha ndelongop, ambekana wis tuwek ambi prigel lan pas obah awake.

Sing terima jogedan, tabuhan pengiring uga akeh hang uwah. Iki kerana panjak-panjak mau kari seru nuruti penjalukane pasar, sonder mikir tabuhan hang has diduweni Banyuwangi. Ale iku kekuwatane kadhung arep tampil ring njaba, merga iku hang bisa diagul-agulaken. "Tukang kendhang hang keplakane has Banyuwangian, saiki rada angel. Akeh-akehe iyane penter nang kendhang koplo. Cara kendhang koplo iku pancen garus, angger ana hang ngajak kondhangan mesthi njaluke kendhang koploan. Pungkasane saiki, iyane sampek lali cara kendhangan Banyuwangian", gedigu ujare Haidi Bing Slamet hang tukang nata tabuhan ring sendratari "Sang Pewaris Legenda Gandrung". 

Kahanan kaya gedigi tahun 1980-an awal, uga kedaden ring Banyuwangi. Jaman sakmono anget-angete tabuhan Kendhang Kempul, gendhingan Banyuwangian diiring tabuhan moderen dicampur ambi tabuhan has Banyuwangi. Naming ring njaba (wacanen: Jakarta) tepak rame tabuhan Jaipong Betawi lan Kendhangan Sunda. Kendhangan iki mau pungkasane melebu nang Banyuwangi, malah pirang-pirang album Kendhang Kempul kendhangan nganggo cara Jaipongan. Alae mula kawitane kendhang kempul iku ngagulaken kendhangan lan keplakan cara Banyuwangian.

"Isun hang kerep dipercaya dadi tukang nata tabuhan pirang-pirang pentas, mulai kangelan golet tukang kendhang hang bisa lan mahir keplakan Banyuwangian. Akeh-akehan iyane seneng lan mongkog, merga bisa nabuh kendhang koploan. Iku jare hang saiki disenengi wong akeh, makane aju ninggalakan keplakan cara lawas. Pantese 10 taun mengarep, wis sing ana hang bisa ngendhang keplakan Banyuwangian. Dalan metune, pemerintah dhaerah lan instansi terkait, mulai nganakaken festival kendhang has keplakan Banyuwangian. Kelawan cara gedigu, cara-cara lawas iki bisa dijaga jejege lan uga bisa dikembangaken ambi cara saiki", gedigu karep pungkasan teka Haidi hang uga tukang nggawe Bahola lan bisa nabuh pirang-pirang tabuhan has Banyuwangi iki.

 

Sumber potrek teka Youtube

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf