Ilham Mursidi: Dhalang Using Satus Persen
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 September 2020 09:15 WIB)
- Tokoh

"Muga-muga pageblug gancang uncal. Kadhung milu sejarahe bengen, Maulana Ishak nambani Dewi Sekardadu, pagebluge ilang mareke ulan Sura," jare Ilham Laili Mursidi, salah siji dhalang Using Banyuwangi nyang belambangan.com.
Dhalang Banyuwangi hang 100 persen Using ya dhalang Ilham iki. Sarjana Hukum hang lulus teka Untag Banyuwangi taun 2003 iki wanen nyebut iyane dhalang Using, merga basane, tabuhane, pakem ceritane, gendhing-gendhinge, modhel wayange, tokoh-tokohe kabeh nduduhaken Using utawa Belambangan. Dhalang liyane bisa nganggo basa Using taping nganggo wayang Jawa utawa basane Using taping ceritane Mahabarata lan Ramayana.
Celukane dudu nganggo Ki. "Iku dhalang Jawa. Kadhung wong Using nyeluk ya dhalang Ilham, digu bain," jare lare Songgon iki.
Saiki iyane wis nduwe pirangane pakem cerita, kayata Menak Jingga, Menak Sembuyu, Tawang Alun, Jagapati, lan Sayu Wiwit. "Kadhung ceritane bisa diwolak-walik."
Hang didhemeni penonton cerita perjuwangan hang musuhe Landa, kayata Jagapati.
Sakjege ana pageblug, iyane milu keneng akibate merga hing tau ana tanggapan, kabeh mbatalaken. Ale sedurunge ana pageblug iyane bisa manggung paling using sak ulan sepisan. Cerita bisa diusulaken teka hang ngundang, taping akeh-akehe diserahaken nyang dhalange.
Hang ngundang teka Giri, Glagah, Licin taping hang akeh malah wong-wong keturunan Mataraman hang ana ring kidulan kayata Purwoharjo, Tegaldlimo, Pesanggaran.
Kawitane iyane sinau ndhalang nong pak Sentot, dhalang Jawa hang ana ring Songgon. Seperene pak Sentot iki magih ulih tanggapan taping wis arang-arang. Aju Ilham menyang nong pusat pedhalangan Jawa ring Solo sinau ndhalang. Taping suwi-suwi iyane kerasa gok wong Banyuwangi hing patiya dhemen wayang kulit merga salah sijine hing ngarti basane.
Kawitan seru ulihe karep nggawe wayang Using iku tepak iyane magih mahasiswa. Iyane kerep latihan nong Kang Purwadi salah siji budayawan ring Kemiren. Suwi-suwi kerasa adoh, saben mulih nang Songgon tengah wengi. Pungkasane iyane latihan dhewek nong Songgon, nyacak milu ngelumpukaken cerita, gendhing paran hang cocog, adhegan gedigi keplakan kendhange kelendi lan liya-liyane.
Saiki iyane wis ngelumpukaken ana 50 tokoh wayang.
Hang rada aneh lan anyar, iyane nggabungaken wayang kulit lan wayang golek. "Merga akeh hang njaluk wayang golek, ya dituruti bain, ana rong wayang sak cerita." Dadi tepak ndhalang wayang kulit, nong mburine ana gedebog siji maning dienggo nancepaken wayang golek. Adhegane bisa silur teka wayang kulit nong wayang golek.
Saiki iyane nduwe 13 panjak ambi sindhene papat. Gendhing-gendhing hang digawa gendhing-gendhing lawas lan ana 10 gendhing anyar hang digawe dhewek. Polae "gendhing-gendhing anyar saiki hing patiya cocog."
"Panjakisun wong-wong senior kabeh. Latihan iku kadhung rong minggu sedurunge manggung, mung latihan pindho cukup wih," jare Ilham.
Taping kaya dene pertunjukan liya, iyane perlu nambahi hiburane. "Umpamane, kadhung marek adhegan perang, ana ewer-ewere. Kadhang ya ngejak Bodos, Gandu, pokoke sak penjaluke tuan rumahe," jare Ilham.
Sakjege ana pageblug wis hing tau ana tanggapan maning. "Emane magih ana bisnis dagang empon-empon, kirim sere nong Kramat Jati, nong Cibitung," jare dalang Ilham nutup gesahe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor