Iwak Bakar, Oseng Kangkung nong Rumah Makan Kepiting

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Desember 2021 12:41 WIB)
- Kuliner



Kedadeyane tepak isun ambi kancanisun Rijal enak becik-becik nong panti asuhan Budi Mulya Pakis Banyuwangi kerana mula isun lan iyane dijak milu pengabdian masyarakat miloni kegiyatane dhosen. Serta wis ngarepaken mulih merga tandange wis mari, temakaken Rijal ditilpun ambi salah siji dhosen hang milu kegiyatan iku, dikongkon mara nyang Rumah Makan Warung Kepiting hang ana ring Jl. Kepiting, Tukangkayu Banyuwangi.

Isun ambi Rijal sing ana pikiran dhung arep madhang ring kana, kerana pikiranisun ambi Rijal padha yaiku kepingin gancang mulih kerana wis wayah soren. Dhonge wis gadug nong panggonane, yara wis isun ambi Rijal dikongkon mesen panganan. Isun ambi Rijal ya ketepakan setemene, masiyatah karepe ati gancang mulih bain.

Isun mula wis kerep liwat thok sing marung ya hing tau melebu, ya buru iku isun nggadug melebu merana. Panggonane wera lengkap ambi panggonan parkire ya pas wis cukup dienggo montor lan sepidhah montor.

Ring kana, isun, Rijal uga dhosenisun hang ngajak rabi lan anake lungguh nong panggon hang lesehan. Sak marine iku isun lan Rijal mesen menu hang padha uga ya hing kari akeh kerana mesthine bakale dibayari. Yara hing enak dhung mara-mara mesen hang larang uga akeh. Dadi paca mesen iwak bakar ragi abang ambi oseng-oseng kangkung. Ombenane terima es teh bain hang penting madhang bareng. Intine mesen hang murah bain, isun lali regane pira.

Hing kari suwi temakaken, pelayane wis nyuguhaken menu-menu hang dipesen mauka, ati iki wis ngerasa puwas sulung sedurunge madhang kerana pelayanane gelis, gedigu iku biyasahe hang nggarai wong hang tuku kaya isun iki hing bosen kerana suwine nganteni pesenane teka. 

Hun ceritakaken oseng-oseng kangkunge sulung. Suguhan ring piringe mung sithik sak porsine, taping cukup kanggo wong keloron, ale isun mula pesen sak porsi bain. Hing ana hiyasan kaya nawitah ana timune, utawa tomat hang diukir kembang, utawa kemangi tah paran. Suguhan ring piring mung oseng-oseng kangkung thok. Nalika hun tiliki ambi Rijal, byek. Rasane lur!

Kaya olahane emakisun dhewek, Rijal ya gedigu jare. Cocog nong masakane kaya dene olahan umahan. Isun dhewek setemene ngira rasane bakale beda. Kadine isun ambi Rijal galapan njuwut oseng-oseng kangkung mauka lan hing kerasa sedhilutan bain wis entek. Mung dithithili bain malah hing kathik sega.

Rasane hing kariya asin, hing kariya pedhes seru, ya ana gurihe, intine pas rasane nong ilatisun. Insyaallah cocog kanggo ilate sapa bain. Mung kadhung kanggone hang dhemen pedhes nawi kudu pesen dhewek njaluk dipedhesi.

Saiki hun ceritakaken menu iwak bakare. Hun deleng sak kelerepan iwak bakare nganggo iwak laut embuh jenis paran, pokoke tepak iku daginge kandel lan alus. Wernane putih rijig hing ana werna liyane. Tepak dipangan ragi hang nong daging mauka kerasa naming hang lebih kerasa nong njero cangkem ragi hang nong njabane iwak. Dadi nurut isun ragi hang diweni nong iwak bakare kurang ngeresep masiya tah ragine akeh lan padha kaya ragi ikan bakar biyasahe. Taping dhung wis dipangan anane ragi hang nong njaba bisa ngimbangi rasane daginge, dadi dhung wis nong cangkem rasane ya enak bain. Malah lebih nyontog rasane ragi njabane ambi daging iwake.

Sak porsi iwak bakar wektu iku diweni iwak siji hang dipara loro. Ya kira-kira gedhine iwake dhung dideleng sak ekile tangan wong gedhi. Naming isun ambi Rijal hing entek kerana kesulungan ngentekaken kangkunge mauka. Kerana hing entek isun rada wedi nyang dhosenisun nawi diuwel dhung hing entek iki.

Temakaken ring Warung Kepiting iku wis nyedhiyani kothak utawa wadhah kanggo sapa bain hang arep mbungkus panganan utawa panganan hang wis dipangan taping hing entek. Isun ngerasa puwas uga dhemen nang carane nggawe dhayohe warung iki mau ayem ring kana. Isun uga Rijal ya ngerasa hing kepikiran nong iwak bakar hang sing entek mauka cumpune hing kebuwang percuma malah bisa digawa mulih.

Rijal ngelilakaken iwak bakare hang magih sisa mauka hun gawa mulih. Kerana puwas, isun ya bakale mara maning nang Warung Kepiting liya dina kanggo nyacak menu-menu liyane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf