Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 01 November 2020 09:52 WIB)

Iwak Sapi


Abane sengung wis kemuwing anter, tengere wayah buka puwasa. Puwasa dina kaping wolulikur, Adon Mudale’ah nguyup teh anget ambi lungguh kunjur ring pelanca jerumahe. Sanan, putune hang lancing nana tunggale—buka puwasa langsung ngantem sega kokoh jangan kelor iwak gerang asin.

“Don, kari diteter gerang asin terus ya!” Sambate Sanan ambi muluk-muluk.

“Maning magih akeh sisike yah, dhuuuh!” Abane maning ambi nginggiraken sisike iwak hang wis kadhung katut kegoreng garing. Sanan ngored-ngoredi sambel ring cuwek.

Taker apal, Adon Mudale’ah nyang sambatane putune iku. Masiya ambi kaya muring lan mongod-mongod, tapi ya dipangan bain. Dipuluki sampe mung kari erine iwake. Sing ninggal upa barang siji-sijiya. Mula-mula sakat seminggu kepungkur, Sanan nyeremuh arep iwak sapi diragi bistik.

“Aja pati weringuten bain Sira iku Lik!” Adon Mudale’ah nggelar kelasa aju ngiblasaken sajadah, arepe shalat maghrib.

“Hang telikas, agage melakuwa nyang langgar kana!” Ujare Adon Mudale’ah ambi nganggo rukuke.

***

Sakat mari sahur, udane tebluk. Ger-geran kaya banyu diesokaken teka genthong. Wis rong dina Adon Mudale’ah sing nyang bata-an. Bata ulihe nyithak sabane ya durung diobong lan maning durung payu. Arepe nyithak sing bisa, merga udan. Hang wis rada garing mung dikudhungi kepang. Mula singana kelibete uwong nyang bata-an merga lebarane wis parek, sedina maning.

Dina iki puwasa pungkasan. Sakat sabene, Adon Mudale’ah olah-olah jajan. Nggoreng sepur mundur ring bengahan. Keripik gedhang ya wis ditandangi nubengi, sak marine teraweh. Gedhang Saba ulihe diuweni tanggane, ana gok petang lirang. Digetih banyu godhogan gula abang. Toplese wis diebeki kabeh. Sing bingung isine. Ana uga hang ulihe diuweni tanggane.

“Adon, jare ape nyang pasar?” Unine Sanan nyerintungi Adone hang nggawe kelonthongane kupat lan lepet. Jeliring keleleran. Semat lincip-lincip, wis mari nggawe ana gok dikelumpukaken ulih sak jembung. Ring bengahan, Adon wis ngindel panci diebeki banyu enggo nggodhog lonthong.

“Adoooon, jare engko buka iwak sapi? Dirageni kaya sabene Adon nggawe tepak muludan koooo...” Sanan seru kepingine. Kaya-kaya wong ngidham ika wis. Adon Mudale’ah sing omes, putune nggerundeng terus.

“Iki picise, kethemen hang bener! Sira melakuwa nyang pasar wis. Weruh yara panggone tuku iwak sapi?” Sanan manthuk-manthuk. Katon seru bungahe hang aran Sanan. Meringis-meringis, diduduhaken nyang adone.

“Tukuwa setengah kilo bain. Engko mesisan tukuwa merica ya,” jaluke adone.

“Setengah kilo kari mung sithik ya Don!” ujare Sanan ambi nampa picise.

“Kau, engko tah enggebros jeliring iki Sira ya! Hang dienggo tuku sekilo iku singana! Beruwata kana hang gancang, selak kebedhugen sing uman...”

***

Kelibete uwong ring pasar kesuk ape lebaran. Seru buyeke wong adol-adol kelonthongane kupat, lungguh ring pinggiran dalan. Sak ret uwong ngetap toples isi jajan kelir werna-werni. Maceme sandhal anyar uga dipajang-pajang. Gumbal penganggo digantung-gantung supaya gancang payune.

Sanan melebu menjero pasar. Picise mauka wis diesaki ning jakete. Mubeng-mubeng, iyane nggoleti wong adol iwak sapi. Kabeh-kabeh kari bek diubengi uwong hang ape nukoni. Sampek sing katon bathuke hang dodol. Antri. Ambu amis, ambu keringet, campur dadi siji.

Milu antri, kari seru dusel-duselan.  Nyang pasar terminal elor bain tah ndane? Umike Sanan. Selak sing uman, wurung buka puwasa bistik yara? Jare Sanan, kecemit-cemit dhewek.

Milu antri bain acake. Sanan milu jerunggulan, mubengi wong adol iwak sapi. “He, aja nyelat yara! Antri Lik!” Sanan diuwel uwong. Lengene keneng tabok.

Sanan ngalih ring panggon liyane. Rada ngaloraken katon sepi, Sanan aju mara. “Setengah kilo bain Man...” Abane ambi nggeroh picis ring esak.

“Telas Mas. Kantun belungane niki, purun tah?”

“Alaaaak...” Aju ngalih iyane, golet panggon liyane maning.

Hang dodol magih tilpunan. Rada lemu uwonge, ana brengose kandel. Arane Buwang, umahe sing adoh teka umahe Adon Mudale’ah. Kebeneran iki, nawi-nawi tuku setengah dilayani sekilo, umike Sanan. Katone iwak sapine magih akeh. Tapi wis kresekan kabeh. “Man pesenan kabeh tah iki?” Takone Sanan.

“Yeeh, Sira Lik! Iya pesenan, kelendi se?” Gedigu semaure terus dilebok-lebokaken hang kresekan mau nyang timba.

“Hun tuku sekeresek bain sing keneng tah Man?” Sanan nawa, Man Buwang thingel-thingel. “Pesenan kabeh iki Lik. Sira ketang sing wekas sakat mabengi, munggane ya Sun umani...”

“Iki bain ya Man, kek. Sekeresek iki kek. Sun picisi saiki kai. Enggo cawis lebaran kesuk..” Ucape Sanan magih nawa ambi ngijir picise.

“Kadhung tuku sepuluh kilo, wani Sun belehaken maning...” Jawabe Man Buwang.

“Byek, sepuluh kilo iku ape dienggo adus kirane?”

Ngakak-ngakak arane Man Buwang. “Ya mane tuwuk wis. Rika enggo kungkum ya keneng...” 

Sanan mesem rada kecut. “Hang dienggo sepuluh kilo iki picise sapa Man?”

“Adonira iku akeh picise, aja nyamah Sira!”

“Wis ra wis Man, iki bain kek hang sekeresek hun picisi saiki yah.” Jaluke Sanan ambi nduding iwak sapine, uga wis siap ngelungaken picise.

“Makene dipenthungi uwong Isun iki!” Man Buwang sing keneng dibilukaken. Dhuh, wurung mangan bistik iki wis.

“Timbang Sira bingung, kana ngidula akeh wong adol iwak wis plastikan kari milih...”

“Yeee, kebeneran Man. Nak tuku setengah kilo bain yak,” seru girange Sanan mari diduduhi panggone iwak.

“Sing kiloan nawi Lik. Wis plastikan kabeh polae ya...”

“Iwak paran sih Man?”

“Iwak hias!”

“Ceeereet Rika iki Man!” Abane Sanan, Man Buwang ngakak-ngakak, sampek gemeter ubah-ubah aran brengose.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor