Iwuh Jaman Bengen (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 29 April 2024 08:20 WIB)
- Opini
Iwuh Jaman Bengen (Bagiyan 1 teka 2)
Angger-angger desa ring Banyuwangi mesthi duweni kebiyasahan lan tradhisi kadhung nduweni gawe gedhi utawa iwuh. Bengen sedurunge anane perubahan jaman kaya saiki hang istilahe wis modheren, keluwarga kadhung arep nganakaken iwuh akeh kebiyasahan utawa tradhisi hang dilakoni. Jaman bengen rasa gotong royonge magih kuwat ring antarane keluwarga lan tangga hang arep iwuh.
Sak ulan sedurunge iwuh, hang arep iwuh mangkat soben-soben nyang dulur-dulur lan tangga-tanggane sakperlu ngumpulaken dulur lan njaluk tulung tepak dina jebege iwuh. Sakliyane soben-soben nyang dulur lan tangga hang parek, kanca lan kenalan hang adoh dikirimi ulem-ulem.
Jaman bengen sedurunge ana teratag lan terob hang bisa dibongkar pasang, wong iwuh magih nganggo kepang dienggo nggawe teratage. Kurang seminggu, tangga-tangga lan lalare enom padha ngersaya nulungi ngenam jeliring kanggo nggawe kepang lan ana hang nggawe payone. Hang duwe uwit kelapa padha nulungi urun jeliring. Tangga liyane padha ngundhuh kelapa lan negor gedhang. Gedhang iku mau aju diimbu ring jero genukan.
Kursi lan mejane nyilih nyang tangga-tanggane. Pekakas pawon sakcukupe disilihi ambi LSD (Lembaga Sosial Desa) hang diduweni Pemerintah Desa, sing kathik nyewa mung cukup ngisi kas. Kadhung saiki wis dienakaken, kabeh wis dicukupi ambi hang duwe sewan terob sakat teka teratag, meja kursi sampik pekakas pawon wis kumplit.
Kurang telung dina jebege iwuh, tangga-tangga nulungi pametan yaiku golet godhong gedhang dienggo pincuk-pincuk jajan, sega lan gawe ithuk. Sakmarine pametan, wong-wong wadon mangkat nyuweki godhong. Suwekan godhong iku akeh macem ukuran lan kanggone. Ana godhong hang dienggo mincuk sumping, lemper, awug lan bugis. Sakliyane iku godhong mau ana hang dienggo mincuk sega lan gawe ithuk.
Bengine, uwong-uwong wadhon mbebeg beras ring lumpang digawe gelepung. Kadhung wayah mbebeg gelepung mesthi rame polahe ambi gedhogan. Hang sing bisa nutu ulih bagiyan ngayak gelepunge. Ring bengi iku wong-wong lanang padha ngersaya gawe katikan/sujen. Tepak nggawe katikan iki, wong-wong lanang ya sing kalah ramene. Hang milu gawe katikan padha pamer apik-apikan gaman (lading) hang dienggo kerot-kerot jajang. Kadhung ana gaman hang kurang landhep mesthi dipoyoki ambi kancane. (Ana sambungane)
Satria Pujangga
Cathetan:
1. Soben-soben: mengunjungi kerabat untuk memberitahu bahwa dia akan mengadakan hajatan dan mohon bantuan.
2. Jebeg: hari H acara hajatan.
3. Manggulan/Godhong Lemesan: Acara kenduri pada malam sebelum hari H hajatan.
4. Ulem-ulem: kartu undangan.
5. Kepang: Anyaman dari daun kelapa yang digunakan untuk atap.
6. Genukan: Lubang tanah yang digunakan untuk memeram buah pisang.
7. Pametan: Kegiatan mengambil daun pisang yang digunakan untuk membungkus makanan pada acara hajatan.
8. Katikan/Sujen: Tusuk sate.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Satria Pujangga
Editor: Hani Z. Noor