Iwuh Olah Kinco

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 10 September 2022 09:27 WIB)
- Kuliner



Kapan rika nyang desa-desaan dhung tepak ana wong iwuh duwe gawe, paceke megiyete sing tepak dhonge dinane bain. Taping wis diangkati seminggu sakdurunge dinane. Kayu-kayu wis dietap. Bengahan ya wis dipopok lemah. Terob pawon anggere ya wis ngadeg. Pelabot ya pating teka nulungi.

Kadhung ring desa, wong duwe gawe magih omes olah-olah jajan telesan kanggo berkatan. Jajan telesan dibungkus godhong kaya Sumping, Lemper, Awug lan Bugis. Iki  diperitungaken kanggo pantes lan singe. Duwe gawe iku yara terus ngundang dhayoh, ya endane mulih digeningaken tayongan? Yara pantese mulih nggawa berkatan. Berkatan jajan mestine bisa diludhang maning pas dhayoh wis mulih nyang umahe. Timbang nguwani souvenir kaya ladhing, kethokan kuku, kipas, botol ngombe lan liyan-liyane.

Jajan telesan bungkus godhong iki mula sing gampang olahe. Rata-rata ya prosese suwi. Sumping kudu gawe adon hang tepak njenange kudu sampek kalis. Lemper, ketan kudu dikukus nganggo santen, uga butuh isen-isen embuh iku sawur tah abon. Awug, uga teka gelpung beras hang tengahe kathik isen-isen gula abang, kala-kala ya gelpung beras dicampuraken ambi mutiara. Sing kelalen, Bugis, hang uga paceke ana isen-isene yaiku Kinco.

Kadhung kisuk wis mangkat mbukak terob, saiki wis mangkat nginco.

Kinco digawe teka parudan kelapa hang semawur utawa kelapa kemetan sedhenge enggo kerawuan. Nginco mung sithik, mertanggung. Umpamane olah wakeh, kelapane bisa diselep bain makene gelis. Timbang marud, cikilan sithik-sithik, ya kesuwen.

 

Liyane kelapa, rika perlu nyiapaken gula pasir utawa gula abang hang digodhog sampek kenthel. Parudan kelapa andohen ring wajan. Aju tubleken banyu gulane mau. Uleden sampek rata. Paceke Kinco disumba makene katon ayu lan manis. Gage temumpangena wajane ring dhuwur bengahan utawa kompor. Genine aja kari barak aja kari kiyep. Kelapane disangrai ambi aja lali wenana godhong pandhan makene saya arum.

Olah kinco hing kari suwi kaya wong nyawur. Kadhung nyawur kelapane kudu sampek kemerisik. Serehne kinco tetep jemes mung rada asat lan kadhung diuthik wis kalis, utawa dikepel wis metu lengane tengere kinco wis mateng.

Dhung wis mateng, Kinco dieler nyang lengser makene gelis adhem lan aju bisa dikepel-kepeli. Tepak ngepeli Kinco, kudu dipastekaken dak tangan rika wis wisuh rijig ambekana tah rika nganggo selodhong tangan.

Kadhung wis dikepeli rata, kari ngisekaken nyang adonan gelepung ketane. Dipincuk aja lali disemati. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Melabot ring Jambean

Editor: Antariksawan Jusuf