Iwuh, Panggonan Ndeleng lan Dideleng
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 23 Juli 2025 09:48 WIB)
- Opini
Iwuh, Panggonan Ndeleng lan Dideleng
Ditulis ring Antariksawan Jusuf
Ring pirang-pirangane iwuh kaya kemantenan utawa mengeti dina laire uwong, saiki panitiya akeh hang nyedhiyani panggonan poto hang keneng dienggo kenang-kenangan kanggo para dhayoh.
Jamane paran bain melebu ring media sosial, poto-poto husus iku sakkal dilebokaken akune dhayohe dhewek-dhewek bisa FB, IG, thread lan liyane. Bisa dadi hiburan hang bisa nggarai hang ndeleng munyik-munyik dhewek.
Ring panggonan iwuh iku, merga lalare enom kreatip wis disedhiyani pirangane tulisan hang engko dicekel dhayohe aju dienggo pajangan poto.
Kayata tulisan "jomblo sejati", "lupa bawa pasangan", "si paling cantik" lan liyane.
Tepak nekani kawinane ponakan sore, uga ana gedigonan. Hang isun rada munyik ana tulisan "Kondangan itu fashion show yang ada nasinya."
Apuwa fashion show utawa peragaan busana? Mula minangka teradhisi, wong Jawa umume kelebu wong Banyuwangi, hing duwe wadhah kanggo mameraken penganggone hang paling apik seliyane ana iwuh gedigi.
Hing maido iwuh kemantenan utawa mengeti dina dadi iku kaya panggonan numplek wong hang dandan. Kadhung wong bengen iku bisa gelungan, nyasak rambut lan sebangsane. Kadhung lare enom saiki malah bisa nganggo kelambi hang hing nganggo lengen pokoke dianggep apik lan ngetrend.
Temenan, iwuh iku kaya dadi panggonan nduduhaken "sapa isun", dadi ajang "ndeleng lan dideleng". Hing mung kelambine tah paesane, naming uga suguhane. Kadhung jaman bengen suguhan iwuh nganggo "piring terbang", wis pirang puluh taun iki akeh hang wis nganggo perasmanan, yaiku dhayohe njuwut dhewek paran hang didhemeni. Saya suwi hing mung merga perasmanan tah sing hang dideleng, taping perusahaan kateringe sapa, aju menune akehe pirang macem, teradhisional tah ana menu luar negerine lan sepiturute.
Bengen ana keluwarga hang emake ndandani anake wadon hang wis munggah sari makene bisa kaya widadari. Tujuwane paran? Nawi bisa dikenalaken nang anake kanca-kancane, nawi bisa kecaruk jodhone. Ya mula akeh hang ahire kecaruk jodhone temenan ring iwuh iku. Enak tuding-tudingan bain.
Merga ring Jawa hing ana tari pergaulan ajang lalare enom makene bisa kenalan kaya ring dhaerah liya ring Sulawesi utawa Maluku.
Kanggone lalare enom kadhang sipate wong tuwek hang gedigu dianggep kuna lan ketinggalan jaman, tapi ya kelendi maning arane wong tuwek salah siji kewajibane yaiku nggoletaken jodho kanggo anake.
Masiya saiki wis akeh pisan cara-cara dienggo golet jodho, magih akeh wong tuwek hang ketir-ketir anake durung bisa kecaruk jodhone.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.