Jajanan Banyuwangi ring Ulan Puwasa

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 09 Mei 2020 09:49 WIB)
- Kuliner



Sak liyane duwe akeh panggonan hang endah, tradhisi hang ngundang keplok, Banyuwangi ya nyimpen macem-macem akehe panganan, malah ana panganan hang metune mung ana ring ulan Pasa.

Jajanan hang biyasahe ana ring ulan puwasa jaman bengen umpamane:

Perecet Gedhang. Jajanan iki biyasahe nganggo gedhang saba abang hang dikukus aju diperecet nganggo cithakan perecet teka bathok kelapa hang wis dibolongi. Setemene emeh kaya lempog gedhang, bedane kadhung lempog mung diwejek aju diwadhahi loyang lan diirisi pesegi, mangane diwur-wuri kelapa enom hang diparut. Kadhung perecet, gedhange ya iku mauka, kuluban gedhange diperecet aju mangane nganggo juruh santen hang arum nganggo godhong pandhan.

Ana pisan hang arane pathola, ring kutha liya ya ana, diarani Pethola utawa Puthu Mayang, modhele padha ambi perecet gedhang, naming adonane teka gelepung beras hang dicampur gelepung kanji lan santen, diuleni sampek kalis aju dicithak nganggo perecetane.  Bedane maning, juruhe santen nganggo gula Jawa dicemplungi tape kethek, yaiku tape hang digawe teka beras lan biyasahe diginyeri bunder sak temeker.

Sakliyane iku, ana maning hang arane Kopyor. Jajanan iki isine roti tawar, loksor lan irisan nangka hang dibuntel godhong gedhang, disiram juruh santen lan diuweni pandhan aju dikukus.
Cara buntelane kaya pincukan rujak ring Banyuwangi.

Mula Banyuwangi sugih olah-olahan. Hang arane rujak sampek dadi gendhing dhewek. Olah-olahan liyane arupa  panganan lan jajanan has akeh maceme.
Bisa bain ring kutha liya ana hang padha, nawi padha wujude taping beda arane utawa memper naming ana bedane.
Sing mung maceme rujak hang seru akehe, jajanan pasar kaya cenil, uceng-uceng, lanun, orog-orog, jenang gelimpang, lan liya-liyane akeh semebar dadi jajanan sabendinane. Hang dhemen sing mung lare cilik naming wong tuwek ya dhemen pisan.

Kanggone uwong hang ngumbara lan golet penguripan manggon ring kutha liya, mulih ngetan tepak lebaran mesthi kepingine nyulungi pirang dina sedurunge lebaran.
Sing mung kerana ngelempuh, naming ana pisan hang diuber sedurunge perei lebaran.
Kuliner! Aliyas olah-olahan has arupa panganan kaya rujak soto, rujak cemplung, sega cawuk aliyas sega janganan lan liya-liyane. Polae sing mung olahan panganan, ana jajanan has ring Banyuwangi hang jaman bengen paceke mung ana tepak ulan puwasa.

Saiki nawi jajan-jajanan iku mau bisa ana sedina-dina, utawa malahan ana uga hang goletane wis rada sara.

Jajanan has paran maning hang rika engeti tepak wayah puwasa gedigi?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf