Jakarta Selatan, Korwil Kemunjilan Ikawangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 23 Maret 2021 06:44 WIB)
- Opini



Salah siji koordinator wilayah (korwil) ring ngingsore Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta hang wis dikukuhaken dina Sabtu 20 Maret sore yaiku Ikawangi Korwil Jakarta Selatan. Seperene dadi korwil kemunjilan ring keluwarga Ikawangi.
   Ale Jakarta Selatan iku dadi panggonan wilayah akeh wong Ikawangi hang wis kesuwur kayata pak Sutarjianto, sesepuh lan salah siji wong hang ngedegaken Ikawangi kawitan taun 1972, ana pak Sumono Abdul Hamid wong hang peduli nyang Ikawangi lan tanah kelairane kelawan milu mbangun masjid Sunan Giri ring Singojuruh, ana pak Dermawan Setyabudi, sekjene Ikawangi, ana kang Lukman Yani, anake ruwahe pak Kahfi siji-sijine wong Banyuwangi hang tau dadi wakil gubernur DKI Jakarta sedurunge dali walikota Jakarta Selatan. Akeh liyane, hang jelas wilayah iki setemene dadi wilayah hang penting ring Jakarta.
   Aju kelendi ceritane gok butuh wektu lebih 10 taun buru ngadeg? Ikawangi didaptaraken nang notaris minangka perkumpulan taun 2009 lan ulih penetapan teka Kemenhumham taun 2013 kelawan nomer: AHU-254.AH.01.07. Lan saiki Ikawangi nduwe pirangane korwil: Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Cimerang (Cilegon, Merak, Serang). Hang magih durung ana korwil Jakarta Selatan lan Kepulauan Seribu.
   Mula minangka organisasi sosial, Ikawangi iki sithik akeh nggantungaken uripe nang kerentege wargane kanggo milu mbangun. Merga minangka organisasi sosial kudu ana wong hang gelem ngersaya utamane lalare enom hang gelem megawe lan silaturahim nyancang seduluran ambi warga Ikawangi hang ana ring tanah boroan.
   Buru ulan Pebruari 2021 sore, korwil iki diedegaken, liwat bantuan teknologi WA pungkase getok tular iki ndadekaken Ikawangi Korwil Jakarta Selatan nduwe organisasi hang wis dikukuhaken. Ketuane Faisal Yusuf, wakile Rudi Kurniawan, sekretarise Rizka Meisa lan bendaharane Budi Septiyanto. Pembinane kelebu kang Lukman Yani dhewek lan mbok Titik Setiawati. Merga kang Yani pisan, korwil iki disilihi kantor sekretariat ring Tebet.
   Kaya dene organisasi Ikawangi liyane, korwil Jaksel iki, mari rapat kapanane, kepingin milu peduli budaya Banyuwangi, nggedhekaken database wargane, milu ngembangaken pariwisata Banyuwangi lan liya-liyane.
   Hang arep dianteraken lakune yaiku masalah ekonomi. Umpamane arep nggawe market place hang bisa dadi wadhah pengembangan ekonomi UMKM Banyuwangi ring Jakarta. Wadhah iki uga kepingin mbukak tokok hang nyedhiyani barang produksi UMKM Banyuwangi ring Jakarta lan diwadhahi ring koperasi.
   Muga-muga gancang kelaksan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor