Jakripah lan Barong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 01 April 2025 08:54 WIB)
- Opini

Jakripah lan Barong
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Sak temene, sapa sih hang aran ‘Jakripah’ iku?
Miturut Subari Sofyan, tarian iku kawitane teka cerita mitos hang digawe lakon nang Kesenian Barong hang ana ring Desa Kemiren, Kecamatan Glagah lan sakubenge. Mitos hang ana ring kesenian Barong iku nyeritakaken ngenani wong wadon hang aran Jakripah hang duwe rawatan mahluk arupa Barong hang diarani ‘Sunar Udara’.
“Sunar iku maknane Nur utawa Cahaya, lan Udara maknane Angin. Maka, hang aran Barong rawatane Jakripah iku nduweni makna lan weluri hang sipate filosofis hang diwulangaken ambi tokoh Jakripah,” ujare.
Koreografer Banyuwangi hang arane wis dikenal nong telatah seni tari nasional iku njelasaken, aran ‘Jakripah’ iku asale teka Ja’ah Makrifah, hang ning wujud pitutur dimaknani ngejak utawa ngengetaken nyang para menungsa supaya terus enget nyang Pengeran lan supaya bisa tetep waspada nyetir napsu-napsu duniawi hang arupa Amarah, Aluamah, Supiyah lan Mutma’inah. Noring ajaran utawa kepercayaan kejawen, iku kejuluk ‘ilmu kemakripatan’.
Dadi, wujud Jakripah iku minangka ‘sikap’ utawa ‘sipat’ hang kudu diduweni ambi menungsa. Lan sak liyane Jakripah, noring Kesenian Barong ana tokoh-tokoh hang aran; Juru Mudi, Juru Layar, Juru Tambur lan Paman Iris, hang nggambaraken ngenani ‘watek’ utawa karakter menungsa, hang nang ilmu kejawen kejuluk ‘Sanak Papat Lima Pancer’
“Wujud Jakripah ambi Barong rawatane hang aran Sunar Udara iku saktemene cerita ngenani sikap utawa sipat-sipate menungsa hang diwujudaken arupa menungsa lan mahluk rawatane. Dadi cerita hang ana ring Kesenian Barong Kemiren iku minangka ‘ajaran-ajaran’ filsafat hang nyeritakaken ngenani makrifat,” jare Subari.
Sawetara iku, ngenani wujud ‘Tari Jakripah’ hang biyasahe dijugedaken ambi 6–8 penari wadon ambi nggawa topeng barong hang kadhang dienggo kadhang dicoplok, jare Subari, iku nggambaraken wujud menungsa hang nduweni sipat-sipat ala. “Kanggo ngilangi sipat-sipat ala hang kaya iku, maka menungsa kudu bisa kukuh nyang jati-dhirine dhewek kelawan mbuwang rupa barong hang ana ring njero awake,” ujare.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Foto: youtube
Editor: Hani Z. Noor